Pamanasan global

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Pamanasan Global)
Temperatur rata-rata global 1850 nganti 2020 relatif marang taun 1961–1990
Anomali témperatur lumah rata-rata sajeroning kalamangsa 2011 nganti 2020 dibandhingaké témperatur rata-rata wiwit 1951 nganti 1980

Pamanasan global iku anané prosès mundhaké suhu rata-rata atmosfér, sagara, lan dharatan bumi. Suhu rata-rata global ing lumahing bumi wis mundhak 0.74 ± 0.18 °C sajeroning satus taun pungkasan iki. Intergovernmental Panel on Climate Change (IPCC) nyimpulaké yèn, "sapérangan gedhé paningkatan suhu hawa rata-rata global wiwit pertengahan abad kaping 20 kamungkinan gedhé disebabaké déning mundhaké konsèntrasi gas-gas omah kaca akibat aktivitas manungsa"[1] liwat èfèk omah kaca. Kesimpulan dhasar iki wis diandharaké déning saora-orané 30 badan èlmiyah lan akademik, kalebu kabèh akademi sains nasional saka nagara-nagara G8. Modhèl iklim kang didadèkaké acuan déning projek IPCC nuduhaké suhu lumah global bakal mundhak 1.1 nganti 6.4 °C antara taun 1990 lan 2100.[1] Béda ing angka perkiraan iku disebabaké déning panggunaan skenario-skenario kang béda-béda ngenani emisi gas-gas omah kaca ing mangsa ngarep, sarta modhèl-modhèl sensitivitas iklim kang béda-béda. Sanajan sapérangan gedhé panelitèn munjer marang kalamangsa nganti 2100, pamanasan lan mudhaking lumahing banyu sagara dikira-kira bakal terus lumaku sajeroning punjul sèwu taun sanadyan tingkat emisi gas omah kaca wis stabil.[1] Iki nggambaraké gedhéné kapasitas panas saka sagara.

Mundhaké suhu global dikira-kira bakal njalari owah-owahan liya kaya déné mundhaké lumahing banyu sagara, mundhaké intensitas fenomena cuaca kang ekstrim,[2] sarta owah-owahan gunggung lan pola presipitasi. Akibat-akibat pamanasan global kang liya yaiku kaprabawaané kasil tetanèn, ilangé gletser, lan punahé warna-warna jinis kéwan. Sawetara bab-bab kang isih dadi ranguné para èlmuwan yaiku ngenani gunggung pamanasan kang dikira-kira bakal kadadéan ing mangsa ngarep, lan piyé pamanasan sarta owah-owahan kang dumadi mau bakal bervariasi saka siji laladan menyang laladan liyané. Nganti wektu iki isih ana wacana pulitik lan publik ing donya ngenani apa, yèn ana, tindakan kang kudu dilakoni kanggo ngurangi utawa mbalikaké pamanasan sabanjuré utawa kanggo adhaptasi marang konsekwensi-konsekwensi kang ana. Sapérangan gedhé pamaréntahan nagara-nagara ing donya wis napak astani lan ngratifikasi Protokol Kyoto, kang ngarah marang pangurangan emisi gas-gas omah kaca.

Panyebab pemanasan global[besut | besut sumber]

Èfèk omah kaca[besut | besut sumber]

Artikel utama: Èfèk omah kaca

Sakabèhé sumber ènergi kang sisa ing Bumi asalé saka srengéngé. Sapérangan gedhé ènergi mau sajeroning wangun radiasi gelombang pèndhèk, kalebu cahya kang kasat mata. Nalika ènergi iki ngenani lumahing bumi, banjur owah saka cahya dadi panas kang ngangetaké bumi. Lumahing bumi, bakal nyerep sapérangan panas lan mantulaké sisané. Sapérangan saka panas iki minangka radiasi infra merah gelombang panjang menyang akasa. Nanging sapérangan panas tetep kaperangkap ing atmosfer bumi akibat numpuké gas omah kaca antarané uwap banyu, karbon dioksida, lan metana kang dadi perangkap gelombang radiasi iki. Gas-gas iki nyerep lan mantulaké manèh radiasi gelombang kang dipancaraké bumi lan akibaté panas mau bakal kasimpen ing lumahing bumi. Bab iki kadadéan makaping kaping lan ngakibataké suhu rata-rata taunan bumi terus mundhak. Gas-gas mau duwé fungsi kaya déné fungsi kaca ing omah kaca. Kanthi tansaya mundhaké konsèntrasi gas-gas iki ing atmosfer, saya akèh panas kang kaperangkap ing sangisoré. Sakbeneré, èfèk omah kaca iki dibutuhaké banget déning kabèh makluk urip kang ana ing bumi, amarga tanpa iku, planit iki bakal dadi adhem banget. Kanthi suhu hawa rata-rata 15 °C (59 °F), bumi sakbeneré wis luwih panas 33 °C (59 °F) kanthi anané èfèk omah kaca[3] (tanpa èfèk mau suhu bumi mung-18 °C saéngga ès bakal nutupi kabèh lumahing bumi). Nanging suwaliké, akibat gunggungé gas-gas mau wis kaluwihan ing atmosfer, pamanasan global dadi akibaté.

Èfèk umpan balik[besut | besut sumber]

Èfèk-èfèk saka agen jalaran pamanasan global uga diprabawai déning warna-warna prosès umpan balik kang dikasilaké. Minangka conto yaiku ing panguwapan banyu. Ing kasus pamanasan akibat tambahé gas-gas omah kaca kaya CO2, pamanasan sakawit bakal njalari luwih akèhé banyu kang nguwap menyang atmosfer. Amarga uwap banyu dhéwé minangka gas omah kaca, pamanasan bakal terus lumaku lan nambah gunggungé uwap banyu ing udara nganti kagayuh sawijining kasetimbangan konsèntrasi uwap banyu. Èfèk omah kaca kang dikasilaké luwih akèh yèn dibandhingaké akibat gas CO2 dhéwé. (Sanajan umpan balik iki ngundhakaké kandhutan banyu absolut ing udara, kelembaban relatif udara amèh konstan utawa malah rada mudhun awit udara dadi luwih anget).[4] Umpan balik ini hanya dapat dibalikkan kanthi perlahan-lahan karena CO2 memiliki usia yang panjang di atmosfer.

Èfèk-èfèk umpan balik saka prabawa méga lagi dadi obyèk panelitèn wektu iki. Yèn dideleng saka ngisor, méga uatawa awan bakal mantulaké radiasi infra abang balik menyang bumi, saéngga bakal ngundhakaké èfèk pamanasan. Suwaliké yèn dideleng saka ndhuwur, awan mau bakal mantulaké sinar srengéngé lan radiasi infra abang menyang akasa, saéngga ngundhakaké èfèk prosès dadi adhem. Apa èfèk netto-né pamanasan utawa saya adhem gumantung marang sawatara detail-detail tinamtu kaya jinis lan dhuwuré awan mau. Detail-detail iki angèl direpresentasèkaké sajeroning modhèl iklim, antarané amarga awan cilik banget yèn dibandhingaké karo let antara wates-wates komputasional sajeroning modhèl iklim (watara 125 nganti 500 km kanggo modhèl kang digunakaké sajeroning Laporan Pandhangan IPCC ka Papat). Sanajan mangkono, umpan balik awan dumunung ana ing peringkat loro yèn dibandhingaké karo umpan balik uwap banyu lan dianggae positif (nambah pamanasan) sajeroning kabèh modhèl kang digunakaké sajeroning Laporan Pandhangan IPCC ka Papat.[4]

Umpan balik wigati liyané yaiku ilangé kamampuan mantulaké cahya (albedo) déning ès.[5] Nalika suhu hawa global mundhak, ès kang ana ing cedhak kutub mencair kanthi karikatan kang terus mundhak. Bebarengan karo melelehé ès mau, dharatan utawa banyu ing ngisoré bakal kabuka. Dharatan utawa banyu duwé kamampuan mantulaké cahya luwih sethithik yèn dibandhingaké karo ès, lan akibaté bakal nyerep luwih akèh radiasi srengéngé. Bab iki bakal nambah pamanasan lan njalari luwih akèh manèh ès kang mencair, dadi sawijining siklus kang sambung-sinambung. Umpan balik positif akibat uculé CO2 lan CH4 saka prosès dadi empuké tanah beku (permafrost) iku mekanisme liyané kang mènèhi kontribusi marang pamanasan. Saliyané iku, ès kang melèlèh uga bakal nguculaké CH4 kang uga nimbulaké umpan balik positif. Kamampuan sagara kanggo nyerep karbon uga bakal suda yèn banyuné tansaya anget, bab iki diakibataké déning mudhuné tingkat nutrien ing zona mesopelagic saéngga mbatesi tuwuhing diatom saka fitoplankton kang dadi penyerap karbon kang cendhèk .[6]

Variasi Srengéngé[besut | besut sumber]

Variasi Matahari sajeroning 30 taun pungkasan.
Artikel utama: Variasi Srengéngé

Ana hipotésa kang nyatakaké yèn variasi saka Srengéngé, dengan kamungkinan dikuwataké déning umpan balik saka awan, bisa mènèhi kontribusi dalam pamanasan wektu iki.[7] Béda antara mekanisme iki karo pamanasan akibat èfèk omah kaca yaiku mundhaké aktivitas Srengéngé bakal manasaké stratosfer suwaliké èfèk omah kaca bakal ngadhemaké stratosfer. Pendinginan stratosfer pérangan bawah saora-orané wis diamati wiwit taun 1960,[8] kang ora bakal kadadéan yèn aktivitas Srengéngé dadi kontributor utama pamanasan wektu iki. (Panipisan lapisan ozon uga bisa mènèhi èfèk pendinginan mau nanging penipisan mau kadadéan wiwit pungkasan taun 1970-an.) Fenomena variasi Srengéngé dikombinasèkaké karo aktivitas gunung geni manawa wis mènèhi èfèk pamanasan saka mangsa pra-indhustri nganti taun 1950, sarta èfèk pendinginan wiwit taun 1950.[9][10]

Ing taun 2006, sawijining tim èlmuwan saka Amérikah Sarékat, Jerman lan Switserlan nyatakaké yèn ora nemu anané paningkatan tingkat "keterangan" saka Srengéngé ing sèwu taun pungkasan iki. Siklus Srengéngé mung mènèhi paningkatan cilik watara 0,07% sajeroning tingkat "keterangan"né sajeroning 30 taun pungkasan. Èfèk iki cilik banget kanggo mènèhi kontribusi marang pamanasan global.[11][12] Sawijining panelitèn déning Lockwood lan Fröhlich nemu yèn ora ana gayutan antara pamanasan global karo variasi Srengéngé wiwit taun 1985, liwat variasi saka output Srengéngé utawa variasi sajeroning sinar kosmis.[13]

Ngukur pamanasan global[besut | besut sumber]

Kasil pangukuran konsèntrasi CO2 ing Mauna Loa

Ing wiwitan taun 1896, para èlmuwan nganggep yèn ngobong bahan bakar fosil bakal ngowahi komposisi atmosfer lan bisa ngundhakaké suhu hawa rata-rata global. Hipotesis iki dikonfirmasi taun 1957 nalika para paneliti kang bekerja ing program panelitèn global yaiku International Geophysical Year, njupuk sampel atmosfer saka pucuk gunung Mauna Loa ing Hawai. Kasil pangukurané nuduhaké anané paningkatan konsèntrasi karbon dioksida ing atmosfer. Sawisé iku, komposisi saka atmosfer terus diukur kanthi teliti. Data-data kang dikumpulaké nuduhaké yèn memang terjadi paningkatan konsèntrasi saka gas-gas omah kaca di atmosfer. Para èlmuwan uga wis suwé nduga yèn iklim global tansaya tambah anget, nanging ora kuwawa mènèhi bukti-bukti kang premana. Suhu hawa terus bervariasi lan saka lokasi kang siji menyang lokasi liyané. Perlu mataun-taun pangamatan iklim kanggo ngéntukaké data-data kang nuduhaké anané kacendherungan (trend) kang jelas. Cathetan ing pungkasan taun 1980-an rada nuduhaké kacenderungan iki, nanging data statistik iki mung sethithik lan ora bisa dipercaya. Stasiun cuaca wiwitané, dumunung cedhak karo laladan kutha saéngga pangukuran suhu hawa bakal diprabawai déning panas kang dipancaraké déning yasan lan kendharaan lan uga panas kang disimpen déning material yasan lan dalan. Wiwit taun 1957, data-data dijupuk saka stasiun cuaca kang dipercaya (dumunung adoh saka kutha), sarta saka satelit. Data-data iki mènèhi pangukuran kang luwih akurat, mligi ing 70 persèn lumahing planit kang katutup sagara. Data-data kang luwih akurat iki nuduhaké yèn kacenderungan tambah angeté lumahing Bumi bener-bener kadadéan. Yèn dideleng ing pungkasan abad angka 20, kacathet yèn sepuluh taun paling anget sajeroning satus taun pungkasan kadadéan sawisé taun 1980, lan telung taun paling panas kadadéan sawisé taun 1990, kanthi taun 1998 minangka taun kang paling panas. Sajeroning lapuran kang diwetokaké taun 2001, Intergovernmental Panel on Climate Change (IPCC) nyimpulaké yèn suhu hawa udara global wis mundhak 0,6 drajat Celsius (1 drajat Fahrenheit) wiwit 1861. Panel setuju yèn pamanasan mau mligi disebabaké déning aktivitas manungsa kang nambah gas-gas omah kaca menyang atmosfer. IPCC mrédhiksi paningkatan suhu hawa rata-rata global bakal mundhak 1.1 nganti 6.4 °C (2.0 nganti 11.5 °F) antara taun 1990 lan 2100. IPCC panèl uga mènèhi pepènget, yèn sanadyan konsèntrasi gas ing atmosfer ora nambah manèh wiwit taun 2100, iklim tetep terus nambah anget sajeroning kalamangsa tinamtu akibat emisi kang wis diculaké sadurungé. Karbon dioksida bakal tetep ana ing atmosfer sajeroning satus taun utawa luwih sadurungé alam mampu nyerep manèh. Yèn emisi gas omah kaca terus mundhak, para ahli mrédhiksi, konsèntrasi karbondioksioda ing atmosfer bisa mundhak nganti tikel telu ing wiwitan abad angka 22 yèn dibandhingaké mangsa sadurungé era indhustri. Akibaté, bakal kadadéan owah-owahan iklim kanthi dramatis. Sanajan sakbeneré prastawa owah-owahan iklim iki wis dumadi bola-bali sadawaning sajarah Bumi, manungsa bakal ngadhepi masalah iki kanthi résiko populasi kang gedhé dhéwé.

Modhèl iklim[besut | besut sumber]

Pètungan pamanasan global ing taun 2001 saka sawetara modhèl iklim dhedhasar skénario SRES A2, kang ngasumsèkaké ora ana tindhakan kang dilakoni kanggo ngurangi emisi.
Artikel utama: Modhèl iklim global

Para èlmuwan wis nyinaoni pamanasan global dhedhasar modhèl-modhèl komputer dhedhasar prinsip-prinsip dhasar dinamikan fluida, transfer radiasi, lan prosès-prosès liyané, kanthi sawatara penyederhanaan disebabaké anané wates kamampuan komputer. Modhèl-modhèl iki mrédhiksi yèn panambahan gas-gas omah kaca duwé èfèk marang iklim kang luwih anget.[14] Sanajan digunakaké asumsi-asumsi kang padha marang konsèntrasi gas omah kaca ing mangsa ngarep, sensitivitas iklimé isih bakal dumunung ana sawijining rentang tinamtu. Kanthi nglebokaké unsur-unsur ketidakpastian marang konsèntrasi gas omah kaca lan pemodhèlan iklim, IPCC ngira-ira pamanasan watara 1.1 °C nganti 6.4 °C (2.0 °F nganti 11.5 °F) antara taun 1990 lan 2100.[1] Modhèl-modhèl iklim uga kanggo nyelidhiki jalaran-jalaran owah-owahan iklim kang kadadéan wektu iki kanthi mbandhingaké owah-owahan angka amati karo kasil predhiksi modhèl saka warna-warna jalaran, alami utawa aktivitas manungsa. Modhèl iklim wektu iki ngasilaké kamèmperan kang cukup apik karo owah-owahan suhu hawa global kasil pangamatan sajeroning satus taun pungkasan, nanging ora mensimulasi kabèh aspek iklim.[15] Modhèl-modhèl iki ora kanthi pasti nyatakaké yèn pamanasan kang dumadi antara taun 1910 nganti 1945 disebabaké déning prosès alami utawa aktivitas manungsa; nanging; nuduhaké yèn pamanasan wiwit taun 1975 didominasi déning emisi gas-gas kang dikasilaké manungsa. Sapérangan gedhé modhèl-modhèl iklim, nalika ngitung iklim ing mangsa ngarep, dilakukan berdasarkan skenario-skenario gas omah kaca, biasanya saka Laporan Khusus marang Skenario Emisi (Special Report on Emissions Scenarios / SRES) IPCC. Sing jarang dilakukan, modhèl ngitung dengan menambahkan simulasi marang siklus karbon; kang biasanya menghasilkan umpan balik kang positif, walaupun responnya isih belum pasti (kanggo skenario A2 SRES, respon bervariasi antara penambahan 20 lan 200 ppm CO2). Sawetara studi-studi uga nuduhaké sawatara umpan balik positif.[16][17][18]

Prabawa awan uga merupakan salah satu sumber kang menimbulkan keorapastian marang modhèl-modhèl kang dihasilkan wektu iki, walaupun saiki wis ana kemajuan dalam menyelesaikan masalah iki.[19] Wektu iki uga terjadi diskusi-diskusi kang isih berlanjut ngenani apakah modhèl-modhèl iklim mengesampingkan èfèk-èfèk umpan balik lan tak langsung saka variasi Srengéngé.

Dampak pamanasan global[besut | besut sumber]

Para èlmuwan menggunakan modhèl komputer saka suhu hawa, pola presipitasi, lan sirkulasi atmosfer kanggo mempelajari pamanasan global. Berdasarkan modhèl mau, para èlmuwan wis membuat sawatara prakiraan ngenani dampak pamanasan global marang cuaca, tinggi lumah air laut, pasisir, tetanèn, panguripan hewan alasan lan keséhatan manungsa.

Cuaca[besut | besut sumber]

Para èlmuwan memperkirakan yèn selama pamanasan global, laladan pérangan Utara saka belahan Bumi Utara (Northern Hemisphere) bakal memanas punjul laladan-laladan lain di Bumi. Akibatnya, gunung-gunung ès bakal mencair lan daratan bakal mengecil. Bakal luwih sedikit ès kang ngambang ing tlatah Lor mau. Laladan-laladan kang sadurungé mengalami salju ringan, manawa ora bakal mengalaminya lagi. Ing pagunungan di laladan subtropis, pérangan kang ditutupi salju bakal tansaya sedikit sarta bakal luwih cepat mencair. Mangsa tanam bakal luwih panjang di sawatara area. Suhu hawa ing mangsa dingin lan malam hari bakal cenderung kanggo mundhak. Laladan anget bakal dadi luwih lembab amarga luwih akèh air kang nguwap saka lautan. Para èlmuwan belum begitu yakin apakah kelembaban mau malah bakal ngundhakaké atau menurunkan pamanasan kang luwih jauh lagi. Bab iki disebabkan amarga uwab banyu merupakan gas omah kaca, saéngga keberadaannya bakal ngundhakaké èfèk insulasi ing atmosfer. Aananging, uwab banyu kang luwih akèh uga bakal membentuk awan kang luwih akèh, saéngga bakal mantulaké cahya srengéngé kembali ke akasa luar, di mana bab iki bakal menurunkan prosès pamanasan (lihat siklus air). Kelembaban kang dhuwur bakal ngundhakaké curah udan, kanthi rata-rata, watara 1 persèn kanggo saben drajat Fahrenheit pamanasan. (Curah udan ing saindhenging donya wis mundhak 1 persèn sajeroning satus taun pungkasan iki)[20]. Badai bakal dadi luwih sok. Saliyané iku, air bakal luwih cepat nguwap saka tanah. Akibatnya sawatara laladan bakal dadi luwih kering saka sadurungé. Angin bakal bertiup luwih kencang lan manawa dengan pola kang berbeda. Topan badai (hurricane) kang memperdéning kekuatannya saka penguapan air, bakal dadi luwih besar. Berlawanan dengan pamanasan kang terjadi, sawatara kalamangsa kang sangat dingin manawa bakal terjadi. Pola cuaca dadi ora terprediksi lan luwih ekstrim.

Dhuwuré lumahing sagara[besut | besut sumber]

Owah-owahan dhuwur rata-rata lumahing sagara diukur saka laladan kanthi lingkungan kang stabil kanthi géologi.

Nalika atmosfer menghangat, lapisan lumah lautan uga bakal menghangat, saéngga volumenya bakal membesar lan menaikkan tinggi lumah laut. Pamanasan uga bakal mencairkan akèh ès di kutub, mligi sakiwa-tengené Grunlan, kang luwih memperbanyak volume air di laut. Tinggi muka laut di seluruh donya wis mundhak 10 – 25 cm (4-10 inchi) selama abad ke-20, lan para èlmuwan IPCC memprediksi paningkatan luwih lanjut 9 – 88 cm (4-35 inchi) ing abad ke-21. Owah-owahan dhuwuring banyu sagara bakal mengaruhi banget kauripan ing laladan pasisir. Mundhaking banyu 100 cm (40 inchi) bakal ngèremaké 6 persèn laladan Walanda, 17,5 persèn laladan Bangladesh, lan akèh pulo-pulo. Erosi saka tebing, pasisir, lan bukit pasir bakal mundhak. Nalika dhuwuré sagara ngancik lumahing sungapan kali, banjir akibat banyu pasang bakal mundhak ing dharatan. Nagara-nagara sugih bakal ngentèkaké dhuwit kang akèh banget kanggo nglindhungi laladan pasisirné, déné nagara-nagara mlarat manawa mung bisa evakuasi saka laladan pasisir. Bahkan mundhakingn banyu sagara bakal mengaruhi ékosistem pasisir. Mundhaking banyu 50 cm (20 inchi) bakal ngèremaké saparo saka rawa-rawa pasisir ing Amérikah Sarékat. Rawa-rawa anyar uga bakal kawangun, nanging ora ing area kutha lan laladan kang wis diyasa. Mundhaké banyu sagara iki bakal nutupi sapérangan gedhé Florida Everglades.

Tetanèn[besut | besut sumber]

Wong-wong manawa nganggep yèn Bumi kang anget bakal ngasilaké luwih akèh pangan saka sadurungé, nanging bab iki sakbeneré ora padha ing sawatara panggonan. Pérangan kidul Kanadha, minangka conto, manawa bakal éntuk kauntungan saka luwih dhuwuré curah udan lan luwih suwéné mangsa tandur. Suwaliké, lahan tetanèn tropis kang rada cengkar ing sawatara pérangan Afrika manawa ora bisa tuwuh. Laladan tetanèn ara-ara kang migunakaké banyu irigasi saka gunung-gunung kang adoh bisa mendherita yèn snowpack (kumpulan salju) mangsa adhem berfungsi minangka reservoir alami, bakal nyair sadurungé pucuk mangsa tandur. Tuwuhan pangan lan alas bisa ngalami serangan ama lan lelara kang luwih hébat.

Kéwan lan tetuwuhan[besut | besut sumber]

Kéwan lan tetuwuhan dadi makluk urip kang angèl uwal saka èfèk pamanasan iki amarga sapérangan gedhé lahan wis dikuwasani manungsa. Sajeroning pamanasan global, kéwan cenderung nglakoni migrasi menyang kutub utawa menyang dhuwur pagunungan. Tuwuhan bakal ngowahi arah patuwuhané, golèk laladan anyar amarga habitat lawasé dadi panas. Nanging, pangyasa manungsa bakal ngalang-alangi papindahan iki. Spesies-spésies kang migrasi ngalor utawa ngidul kang kalangan déning kutha-kutha utawa lahan-lahan tetanèn manawa bakal mati. Sawetara jinis spésies kang ora mampu kanthi rikat pindhah panggonan nuju kutub manawa uga bakal musna.

Kaséhatan manungsa[besut | besut sumber]

Ing donya kang anget, para èlmuwan mredhiksi yèn luwih akèh wong kang kena lelara utawa mati amarga stress panas. Wabah lelara kang biyasa tinemu ing laladan tropis, kaya lelara kang diakibataké lemut lan kéwan kang nggawa lelara liyané, bakal tansaya ngambra-ambra amarga kéwan mau bisa rpindah menyang laladan kang sadurungé krasa adhem. Wektu iki, 45 persèn kang ndunungi donya manggon ing laladan kang akèh lemuté saéngga bisa dicakot lemut kang nggawa parasit malaria; persentase iku bakal mundhak dadi 60 persèn yèn suhu hawa mundhak. Lelara-lelara tropis liyané uga bisa nyebar kaya malaria, demam dengue, demam kuning, lan encephalitis. Para èlmuwan uga mredhiksi mundhaké insiden alergi lan lelara nafas amarga hawa kang luwih anget bakal nambah polutan, spora mold lan serbuk sari

Pengendalian pemanasan global[besut | besut sumber]

Konsumsi total bahan bakar fosil ing donya mundhak kanthi 1 persèn per-taun. Langkah-langkah kang dilakokaké utawa kang lagi dadi diskusi wektu iki ora ana kang bisa nyegah pamanasan global ing mangsa ngarep. Tantangan kang ana wektu iki yaiku ngatasi èfèk kang timbul sinambi nglkokaké langkah-langkah kanggo nyegah tansaya owahé iklim ing mangsa ngarep. Karusakan kang parah bisa diatasi kanthi warna-warna cara. Laladan pasisir bisa dilindhungi nganggo tanggul kanggo nyegah mlebuné banyu sagara. Cara liyané, pamaréntah bisa mbantu populasi ing pasisir kanggo pindhah menyang laladan kang luwih dhuwur. Sawetara nagara, kaya Amérikah Sarékat, bisa nylametaké tuwuhan lan kéwan kanthi tetep njaga koridor (jalur) habitaté, ngosongaké tanah kang durung diyasa saka kidul mengalor. Spesies-spésies bisa kanthi alon-alon pindhah sadawaning koridor iki kanggo nuju menyang habitat kang luwih adhem. Ana loro pendekatan utama kanggo ngerèm tansaya tambahé gas omah kaca. Sepisan, nyegah karbon dioksida diculké menyang atmosfer kanthi nyimpen gas mau utawa komponèn karbon-né ing panggonan liya. Cara iki ingaran carbon sequestration (ngilangaké karbon). Kaloro, ngurangi prodhuksi gas omah kaca.

Ngilangaké karbon[besut | besut sumber]

Cara kang paling gampang kanggo ngilangaké karbon dioksida ing udara yaiku kanthi miara wit-witan lan nandur tuwuhan luwih akèh manèh. Wit-witan, mligi kang anom lan rikat tuwuh, nyerep karbon dioksida kang akèh banget, mecah liwat fotosintesis, lan nyimpen karbon sajeroning kayuné. Ing saindhenging donya, tingkat perambahan alas wis ngancik level kang mutawatiri. Ing sakèhing wewengkon, tuwuhan kang tuwuh manêh sithik banget amarga lemah kèlangan kasuburané nalika diowahi kanggo kagunan kang liya, kaya kanggo lahan tetanèn utawa pangyasa omah. Langkah kanggo ngatasi bab iki yaiku kanthi reboisasi kang duwé peran sajeroning ngurangi tansaya tambahé gas omah kaca. Gas karbon dioksida uga bisa diilangaké kanthi langsung. Carané kanthi nyuntikaké (nginjèksi) gas mau menyang sumur-sumur lenga kanggo nyurung supaya lenga bumi metu saka jero lemah (delengen Enhanced Oil Recovery). Injeksi uga bisa dilakokaké kanggo ngisolasi gas iki ing jero lemah kaya sajeroning sumur lenga, lapisan batubara utawa aquifer. Bab iki wis dilakokaké ing salah siji anjungan pangeboran lepas pasisir Nurwègen, yaiku karbon dioksida kang kagawa menyang lumah bebarengan karo gas alam dicekel lan disuntikaké manèh menyang aquifer saéngga ora bisa bali menyang lumah. Salah siji sumber panyumbang karbon dioksida yaiku pangobong bahan bakar fosil. Panggunaan bahan bakar fosil miwiti mundhak pesat wiwit révolusi indhustri ing abad angka 18. Ing wektu iku, batubara dadi sumber ènergi dominan kanggo sabanjuré diganti déning lenga patra ing tengah abad angka 19. Ing abad angka 20, ènergi gas wiwit biyasa digunakaké ing donya minangka sumber ènergi. Owah-owahan trèn panggunaan bahan bakar fosil iki sakbeneré kanthi ora langsung wis ngurangi jumlah karbon dioksida kang diculké menyang udara, amarga gas nglepasaké karbon dioksida luwih sethithik tinimbang lenga, apamanèh yèn dibandhingaké karo batubara. Sanajan mangkono, panggunaan ènergi kang bisa dinyaraké lan ènergi nuklir luwih ngurangi palepasan karbon dioksida menyang udara. Energi nuklir, sanadyan kontroversial amarga alasan kaslametan lan limbahé kang mbebayani, malah ora ngeculké karbon dioksida babar pisan.

Pasetujon internasional[besut | besut sumber]

Artikel utama: Protokol Kyoto

Kerjasama internasional diperlokaké kanggo nyuksèsaké pangurangan gas-gas omah kaca. Ing taun 1992, sajeroning Earth Summit di Rio de Janeiro, Brasil, 150 nagara ngucapaké ikrar kanggo ngadhepi masalah gas omah kaca lan setuju kanggo nerjemahaké ancas iki sajeroning sawijining prajanjèn kang ngiket. Ing taun 1997 ing Jepang, 160 nagara ngrumusaké pasetujon kang luwih kuwat kang misuwur minangka Protokol Kyoto. Prajanjèn iki, kang durung diimplementasèkaké, nyeru marang 38 nagara-nagara indhustri kang duwé persentase gedhé dhéwé sajeroning bab ngeculaké gas-gas omah kaca supaya ngurangi emisi nganti tekan tingkat 5 persèn sangisoré emisi taun 1990. Pangurangan iki kudu bisa digayuh paling ora taun 2012. Wiwitané, Amérikah Sarékat ngajokaké dhiri kanggo nglakoni pamotongan kang luwih ambisius, njanjèkaké pangurangan emisi nganti 7 persèn sangisoré tingkat taun 1990; Uni Éropa, kang péngin prajanjèn kang luwih keras, nduwé komitmen 8 persèn; lan Jepang 6 persèn. Sisa 122 nagara liyané, sapérangan gedhé nagara tumuwuh, ora dijaluk kanggo mènèhi komitmen sajeroning pangurangan emisi gas. Nanging, ing taun 2001, Présidhèn Amérikah Sarékat kang nyar, George W. Bush mbiwara yèn prajanjèn kanggo pangurangan karbon dioksida mau perlu béya kang gedhé banget. Dhèwèké uga sélak yèn nyatakaké yèn nagara-nagara tumuwuh ora dibebani persyaratan pangurangan karbon dioksida iki. Kyoto Protokol ora ana prabawané apa-apa yèn nagara-nagara indhustri kang tanggung jawab nyumbang 55 persèn emisi gas omah kaca ing taun 1990 ora ngratifikasi. Persyaratan iku kasil dipenuhi nalika taun 2004, Présidhèn Ruslan Vladimir Putin ngratifikasi prajanjèn iki, mènèhi dalan kanggo lumakuné prajanjèn iki wiwit 16 Fèbruari 2005. Akèh wong kang ngritik Protokol Kyoto kurang kuwat. Malah yèn prajanjèn iki ditindakaké rikat-rikat lumaku, mung bakal ngurangi sethithik panambahan konsèntrasi gas-gas omah kaca ing atmosfer. Sawijining tindhakan kang keras bakal diperlokaké mengkoné, mligi amarga nagara-nagara tumuwuh kang dikecualèkaké saka prajanjèn iki bakal ngasilaké separuh saka emisi gas omah kaca ing 2035. Penentang protokol iki duwé posisi kang kuwat banget. Penolakan marang prajanjèn iki ing Amérikah Sarékat mligi diandharaké déning indhustri lenga, indhustri batubara lan perusahaan-perusahaan liyané kang produksinya tergantung marang bahan bakar fosil. Para penentang iki ngeklaim yèn biaya ékonomi kang diperlokaké kanggo melaksanakan Protokol Kyoto bisa ngancik 300 milyar dollar AS, mligi disebabkan déning biaya ènergi. Suwaliké pendhukung Protokol Kyoto percaya yèn biaya kang diperlokaké mung sebesar 88 milyar dollar AS lan bisa luwih kurang lagi sarta dibalèkaké dalam wujud penghematan uang sawisé ngowahi ke peralatan, kendaraan, lan prosès indhustri kang luwih effisien. Ing sawijining nagara kanthi kawicaksanan lingkungan kang ketat, ékonominé bisa terus tuwuh sanadyan warna-warna polusi wis dikurangi. Nanging mbatesi emisi karbon dioksida kabukti angèl dilakoni. Minangka conto, Walanda, nagara industrialis gedhé kang uga pelopor lingkungan, wis kasil ngatasi warna-warna polusi nanging gagal kanggo nggayuh target sajeroning ngurangi produksi karbon dioksida. Sawisé taun 1997, para perwakilan saka penandatangan Protokol Kyoto bertemu kanthi reguler kanggo negoisasii isu-isu kang durung rampung kaya paugeran, métodhe lan pinalti kang wajib diterapaké ing saben nagara kanggo ngerèm emisi gas omah kaca. Para negoisator ngrancang sistem yèn sawijining nagara kang duwé program ngresiki hawa kang sukses bisa njupuk kauntungan kanthi ngedol hak polusi kang ora digunakan menyang nagara liya. Sistem iki diarani dagang karbon. Minangka conto, nagara kang angèl ngundhakaké kasilé, kaya déné Walanda, bisa tuku krèdhit polusi ing pasar, kang bisa dituku kanthi béya kang luwih murah. Ruslan, minangka nagara kang éntuk kauntungan yèn sistem iki ditrapakaké. Ing taun 1990, ékonomi Ruslan payah banget lan emisi gas omah kacané dhuwur banget. Amarga sabanjuré Ruslan kasil motong emisiné punjul 5 persèn sangisoré tingkat 1990, Ruslan ana ing posisi kanggo ngedol krèdhit emisi menyang nagara-nagara indhustri liyané, mligi kang ana ing Uni Éropa.

Deleng uga[besut | besut sumber]

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. a b c "Summary for Policymakers" (PDF). Climate Change 2007: The Physical Science Basis. Contribution of Working Group I to the Fourth Assessment Report of the Intergovernmental Panel on Climate Change. Intergovernmental Panel on Climate Change. 2007-02-05. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2007-02-03. Dibukak ing 2007-02-02.
  2. NASA: Global Warming to Cause More Severe Tornadoes, Storms, Fox News, August 31, 2007.
  3. "Intergovernmental Panel on Climate Change Fourth Assessment Report. Chapter 1: Historical overview of climate change science" (PDF). Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2018-11-26. Dibukak ing 2010-06-26.
  4. a b Soden, Brian J.; Held, Isacc M. (2005-11-01). "An Assessment of Climate Feedbacks in Coupled Ocean-Atmosphere Models" (PDF). Journal of Climate. 19 (14): 3354-3360. Dibukak ing 2007-04-21. Interestingly, the true feedback is consistently weaker than the constant relative humidity value, implying a small but robust reduction in relative humidity in all models on average" "clouds appear to provide a positive feedback in all models
  5. Stocker, Thomas F.; et al. (2001-01-20). "7.5.2 Sea Ice". Climate Change 2001: The Scientific Basis. Contribution of Working Group I to the Third Assessment Report of the Intergovernmental Panel on Climate Change. Intergovernmental Panel on Climate Change. Diarsip saka sing asli ing 2017-01-19. Dibukak ing 2007-02-11.
  6. Buesseler, K.O., C.H. Lamborg, P.W. Boyd, P.J. Lam, T.W. Trull, R.R. Bidigare, J.K.B. Bishop, K.L. Casciotti, F. Dehairs, M. Elskens, M. Honda, D.M. Karl, D.A. Siegel, M.W. Silver, D.K. Steinberg, J. Valdes, B. Van Mooy, S. Wilson. (2007) "Revisiting carbon flux through the ocean's twilight zone." Science 316: 567-570.
  7. Marsh, Nigel; Henrik, Svensmark (November 2000). "Cosmic Rays, Clouds, and Climate" (PDF). Space Science Reviews. 94 (1–2): 215–230. doi:10.1023/A:1026723423896. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2008-05-27. Dibukak ing 2007-04-17.
  8. "Climate Change 2001:Working Group I: The Scientific Basis (Fig. 2.12)". 2001. Diarsip saka sing asli ing 2016-06-02. Dibukak ing 2007-05-08.
  9. Hegerl, Gabriele C.; et al. (2007-05-07). "Understanding and Attributing Climate Change" (PDF). Climate Change 2007: The Physical Science Basis. Contribution of Working Group I to the Fourth Assessment Report of the Intergovernmental Panel on Climate Change. Intergovernmental Panel on Climate Change. kc. 690. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2018-05-08. Dibukak ing 2007-05-20. Recent estimates (Figure 9.9) indicate a relatively small combined effect of natural forcings on the global mean temperature evolution of the seconds half of the 20th century, with a small net cooling from the combined effects of solar and volcanic forcings
  10. Ammann, Caspar; et al. (2007-04-06). "Solar influence on climate during the past millennium: Results from ransient simulations with the NCAR Climate Simulation Modhèl". Proceedings of the National Academy of Sciences of the United States of America. 104 (10): 3713–3718. However, because of a lack of interactive ozone, the modhèl cannot fully simulate features discussed in (44)." "While the NH temperatures of the high-scaled experiment are often colder than the lower bound from proxy data, the modeled decadal-scale NH surface temperature for the medium-scaled case falls within the uncertainty range of the available temperature reconstructions. The medium-scaled simulation also broadly reproduces the main features seen in the proxy records." "Without anthropogenic forcing, the 20th century warming is small. The simulations with only natural forcing components included yield an early 20th century peak warming of ≈0.2 °C (≈1950 AD), which is reduced to about half by the end of the century because of increased volcanism.
  11. Foukal, Peter; et al. (2006-09-14). "Variations in solar luminosity and their effect on the Earth's climate". Nature. Dibukak ing 2007-04-16.
  12. "Changes in Solar Brightness Too Weak to Explain Global Warming". National Center for Atmospheric Research. 2006-09-14. Diarsip saka sing asli ing 2011-11-21. Dibukak ing 2007-07-13.
  13. Lockwood, Mike; Claus Fröhlich. "Recent oppositely directed trends in solar climate forcings and the global mean surface air temperature" (PDF). Proceedings of the Royal Society A. doi:10.1098/rspa.2007.1880. Dibukak ing 2007-07-21. Our results show that the observed rapid rise in global mean temperatures seen after 1985 cannot be ascribed to solar variability, whichever of the mechanisms is invoked and no matter how much the solar variation is amplified.
  14. Hansen, James (2000). "Climatic Change: Understanding Global Warming". One World: The Health & Survival of the Human Species in the 21st Century. Health Press. Dibukak ing 2007-08-18.
  15. "Summary for Policymakers". Climate Change 2001: The Scientific Basis. Contribution of Working Group I to the Third Assessment Report of the Intergovernmental Panel on Climate Change. Intergovernmental Panel on Climate Change. 2001-01-20. Diarsip saka sing asli ing 2016-06-17. Dibukak ing 2007-04-28.
  16. Torn, Margaret; Harte, John (2006-05-26). "Missing feedbacks, asymmetric uncertainties, and the underestimation of future warming". Geophysical Research Letters. 33 (10). L10703. Diarsip saka sing asli ing 2007-02-28. Dibukak ing 2007-03-04.
  17. Harte, John; et al. (2006-10-30). "Shifts in plant dominance control carbon-cycle responses to experimental warming and widespread drought". Environmental Research Letters. 1 (1). 014001. Dibukak ing 2007-05-02.
  18. Scheffer, Marten; et al. (2006-05-26). "Positive feedback between global warming and atmospheric CO2 concentration inferred from past climate change" (PDF). Geophysical Research Letters. 33. doi:10.1029/2005gl025044. Dibukak ing 2007-05-04.
  19. Stocker, Thomas F.; et al. (2001-01-20). "7.2.2 Cloud Processes and Feedbacks". Climate Change 2001: The Scientific Basis. Contribution of Working Group I to the Third Assessment Report of the Intergovernmental Panel on Climate Change. Intergovernmental Panel on Climate Change. Diarsip saka sing asli ing 2005-04-04. Dibukak ing 2007-03-04.
  20. Hart, John. "Global Warming." Microsoft® Encarta® 2006 [DVD]. Redmond, WA: Microsoft Corporation, 2005.

Pranala njaba[besut | besut sumber]