Oni (cerita rakyat)

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Oni abrit (mawi kalih sungu) sareng kaliyan oni biru (mawi satunggal sungu)

Oni (?) inggih punika jinising makluk kuwat, ala, lan damel ajrih ingkang dipunpitadosi gadhah kekuwatan supranatural wonten ing kapitadosan Jepang. Oni punika dugi saking donya sanès mbeta bencana ugi nasib saé. Kekuwatan spiritual Oni punika damel ajrih lan dipunpitadosi ngandhut kekuwatan ingkang saé lan ala saéngga dados objek pamujan sarta kawontenanipun dipunsingkiri.[1] Oni punika kalebet salah satunggalipun yōkai.

Wonten ing Basa Tionghoa, aksara hanzi kagem oni dipunwaos minangka "guǐ" ingkang ateges arwah ingkang sampun séda. Kangge tiyang Tionghoa, nama kasebut tabu manawi dipunsebut. Ing Jepang, aksara ingkang sami dipunwaos minangka oni (iblis), mono (arwah ingkang manggon), utawi kami.[1]

Wiwit saking jaman Heian, oni kagambaraken minangka tiyang jaler kanthi rambut gondhrong lan keriting. Gadhah mripat ingkang ageng lan damel ajrih. Ing sirahipun wonten kalih sungu (tanduk) (oni abrit) utawi sungu (oni biru). Tutukipun kebak waja ingkang wonten taringipun ugi drijinipun wonten kuku ingkang landhep sanget. Busana ingkang kaginakaken namung satunggalcawat (fundoshi) saking kulit macan. Gaman ingkang dipunbeta dipunwastani kanebō, awujud gada kebak eri-eri ingkang landhep.

Asal-usul[besut | besut sumber]

Gambaran sosok oni punika adhedhasar konsep budaya Tiongkok lan Onmyōdō ingkang netepaken mata angin timur laut minangka arahing sial utawi kimon (鬼門?) ("gerbang oni"). Mata angin timur laut wonten ing antawisipun ler ("kerbau") lan wétan ("macan"), lajeng dipunserat dados ushitora ( kerbau-macan?). Kerbau gadhah sungu saéngga oni kagambaraken mawi sungu. Waja mawi taring lan kuku ingkang landhep asalipun gambaran macan, saéngga prelu dipundamel cetha kanthi ngginakaken cawat saking kulit macan. Wonten ing carita rakyat, Momotaro mbrantas oni kanthi pambiyantu saking monyet, manuk pegar (pitik), lan anjing. Sedaya punika nama kéwan ingkang dados nama mata angin ingkang kuwalikan kaliyan arah timur laut.

Shuten Dōji punika oni ingkang mapan wonten ing Provinsi Tamba. Piyambakipun ugi dipungambaraken gadhah sungu kanthi rikma abrit ing sirah ingkang tuwuh dados satunggal kaliyan brengos , janggut, cambang, lan alis. Asta lan sukunipun kados tangan lan sikil beruang. Sanajan makaten, wiwitanipun tiyang boten mangertos sosok oni ingkang nyatanipun. Wiwitanipun , oni punika pérangan ingkang boten katingal lan asalipun saking tembung "onu" (? menyembunyikan). Kadang kala piyambakipun kagambaraken minangka tiyang jaler bagus utawi wanita ayu ingkang remen mangsa tiyang jaler utawi wanita enèm ingkang dados kekajenganipun. Gambaran babgan oni ingkang sapunika tiyang mangertos, dipunprakirakaken sampun kecampur kaliyan sosok raksesa [2].

Oni wonten ing carita rakyat asring dipungambaraken mawi kulit abrit lan rikma pirang utawi coklat tua. Sosok oni asalipun saking tampilan bajak laut ingkang dugi saking perairan sekitar Rusia. Kulit ingkang putih dados abrit sasampunipun kenging srengéngé. Penduduk ingkang naté mirsani tiyang asing banjur mastani tiyang kasebut oni [3].

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b "Oni". Encyclopedia of Shinto. Establishment of a National Learning Institute for the Dissemination of Research on Shinto and Japanese Culture.  Paramèter |accessdaymonth= sing ora kawruhan dikiwakaké (pitulung); Paramèter |accessyear= sing ora kawruhan dikiwakaké (disaranaké |access-date=) (pitulung)
  2. ^ Kumpulan carita rakyat Jepang, (dipunakses tanggal 7 Fèbruari 2013).
  3. ^ Kumpulan carita rakyat Jepang yang terkenal, (dipunakses tanggal 7 Fèbruari 2013).

Pranala njawi[besut | besut sumber]

Cithakan:Japanese folklore longCithakan:Jepang-mitos-stub