Menyang kontèn

Nyadar

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Nyadar inggih punika tradhisi kadang tani sarem Madura ingkang katindakaken kaping tiga saben taunipun.[1] Ancas kawontenaken upacara nyadar inggih punika kagem wujud sukur dhumateng Gusti Allah saha kagem kintun donga dhumateng para leluhur ingkang sampun maringi kawruh babagan pandamelan sarem wonten ing Kabupatèn Sumenep.[2][3] Kawit 2017, tradhisi nyadar resmi kaakeni déning Pamaréntah Républik Indonésia minangka salah satunggaling Warisan Budaya Sanès Barang salebeting bab padatan, tata cara, kaliyan pahargyan.[4]

Sajarah[besut | besut sumber]

Tradhisi nyadar dipun wiwiti déning satunggal wadya saking Bali aran Anggasuta ingkang kalah paprangan saking Kraton Sumenep, lajeng nyingkrih dhumateng Désa Pinggir Papas sareng kaliyan wadyabalanipun. Ratu Sumenep ngampuni saha ngangsalaken wadyabala Bali ndunungi désa punika. Tanah-tanah ing désa punika boten saged dipun tanemi pantun jalaran tanahipun kapernah ing pasisir lan asring kaelepan toya seganten. Pramila ingkang ndunungi kedah ngandelaken sumber daya sanèsipun kados ta sarem ingkang gampil kapanggih.[5]

Cariyosipun bebrayan Pinggir Papas, Anggasuta nemu endhapan toya ingkang awujud kristal ingkang sayektosipun aran sarem. Anggasuta lajeng sinau ngenani pandamelan sarem saking toya seganten kagem bebrayan ing Pinggir Papas ingkang nembé mbetahaken pakaryan.[6] Pandamelan ingkang sepindhah, Anggasuta ngginakaken enem kothak ingkang kaisi toya, ingkang sedayanipun kasil dados sarem. Anggènipun ndamel sarem punika lajeng dipun tumuti déning bebrayan désa. Menawi pandamelanipun boten ngancik enem kothak, tambak saremipun dipun pitadosi boten kasil. Sasampunipun nyobi malih kanthi wekdal satunggal wulan tur kasil panènipun, Anggasuta lajeng nindakaken nyadar (slametan).[5]

Tata cara[besut | besut sumber]

Upacara nyadar kawontenaken kaping tiga saben taun, inggih punika ing wulan Juni utawi Juli, Agustus, kaliyan Sèptèmber. Sadèrèngipun nindakaken upacara nyadar, sesepuh désa ngawontenaken pasamuwan ngrembug paleksanan upacara punika saha nyepakaken kalih pusaka arupi dhuwung kaliyan tumbak, sarta nyepakaken piring keramik ageng aran panjang kagem wadhah dhaharan.[7][8]

Upacara kaping satunggal kaliyan kalih katindakaken ing makam Anggasuta, wondéné upacara kaping tiga katindakaken ing griyanipun Anggasuta ingkang pusaka dhuwung kaliyan tumbak désa sumimpen ing ngrika. Nyadar kaping satunggal kaliyan kalih ngagem sekar, menyan, wedhak, sekul, lawuh tigan, ayam, kaliyan bandeng, wondéné nyadar kaping tiga ngagem pirantos panjang kagem wadhah sekul, tigan, kaliyan bandeng. Mligi kagem nyadar kaping tiga, kawedalaken saha kawaosaken naskah kina ingkang dumados saking naskah Sampurna Sembah kaliyan Jatiswara ingkang ngewrat piwulang-piwulang agami Islam. Kajawi punika, dhuwung kaliyan tumbak désa kawedalaken déning sesepuh désa.[9]

Nyadar[besut | besut sumber]

Upacara nyadar kaping satunggal inggih punika upacara nyekar ingkang katindakaken nalika jam 4 sonten, dinten Jumuwah wulan Juni. Bebrayan ing Pinggir Papas tindak dhumateng makam leluhur ing Désa Kebun Dhadhap kagem nyekar makam mawi kembang setaman.[10] Sekawan dasa sesepuh adat ngagem sandhangan werni cemeng sami nyekar ing makaming Anggasuta, lajeng wonten acara donga ingkang dipun pimpin déning sesepuh adat ngagem sandhangan werni pethak. Sabibar punika, sakathahing warga ingkang rawuh kintun donga tanpa nindakaken nyekar malih. Sasampunipun nyekar, bebrayan kedah nyipeng ing griyanipun para warga ingkang celak kaliyan makam. Nalika wanci énjing, bebrayan sami olah-olah sekul, tigan, ingkung, kaliyan bandeng kagem slametan. Sarampungipun slametan, berkatipun dipun bekta kondur kagem tangga ingkang boten dugi utawi wonten alangan. Tata cara upacara nyadar kaping kalih katindakaken kanthi cara ingkang sami kaliyan upacara nyadar kaping satunggal.[11][12]

Upacara nyadar kaping tiga katindakaken nalika wulan Sèptèmber ing griyanipun Anggasuta. Sesepuh adat miwiti upacara punika kanthi acara donga ingkang dipun lajengaken kanthi maos naskah rontal macapat ingkang asesirah Sampurna Sembah kaliyan Jatiswara. Bénjingipun, panyarta upacara nyadar ngawontenaken upacara rasulan. Upacara rasulan punika acara dhahar sareng mawi wadhah panjang (piring keramik). Berkat saking upacara rasulan racakipun dipun bekta kondur kagem tangga ingkang boten dugi utawi kulawarga ingkang wonten alangan.[11][13]

Rujukan[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Rahman, Ahmad (5 Agustus 2017). "Nyadhar, Ritual Penghormatan Petambak Garam Sumenep". detikNews. Dibukak ing 23 Fèbruari 2023.
  2. Pratama 2021, kc. 11.
  3. William Ciputra, èd. (6 Maret 2022). "Upacara Nyadar Suku Madura: Sejarah, Tujuan, dan Pelaksanaan Halaman all". KOMPAS.com. Dibukak ing 23 Fèbruari 2023.
  4. "Nyadar". Warisan Budaya Takbenda Indonesia. Dibukak ing 23 Fèbruari 2023.
  5. a b Khairi 2013, kc. 9–10.
  6. Wail 2019, kc. 18.
  7. Khairi 2013, kc. 6.
  8. Sulistyorini 2006, kc. 195.
  9. Sulistyorini 2006, kc. 196.
  10. Sulistyorini 2006, kc. 197.
  11. a b Sulistyorini 2006, kc. 198.
  12. Basri, Abdul (22 Juli 2019). "Upacara Adat Nyadar yang Terus Dilestarikan Warga Sumenep". radarmadura.jawapos.com. Dibukak ing 23 Fèbruari 2023.
  13. Ikhwan 2015, kc. 21.

Kapustakan[besut | besut sumber]