Muhammad Ali Maricar

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Muhammad Ali Maricar
Lair 23 April 1927
Kampung Ketapang, Ampel, Surabaya, Jawa Wétan
Pati 2 Juni 1998
Surabaya, Jawa Wétan
Jeneng liya Muhammad Ali
Pakaryan Sastrawan, wartawan
Bojo Aminah
Wong tuwa Ahmad lan Hawabi

Muhammad Ali Maricar (kondhang minangka Muhammad Ali) ya iku panganggit cerita cekak, novèl, lan naskah lakon, uga geguritan, esai, lan alihbasa.[1] Dhèwèké lair ana kampung Ketapang, Ampel, Surabaya, Jawa Wétan, ing 23 April 1927.[1] Surud ana Surabaya, 2 Juni 1998.[1]

Kulawarga[besut | besut sumber]

Bapake asma Ahmad, keturunan India, agamané Islam.[1] Ibune asma Hawabi, kelairan Surabaya peranakan Indonesia-India.[1] Dhèwèké mbojo karo Aminah taun 1950 najur duwé 8 anak.[1]

Pawiyatan[besut | besut sumber]

Dhèwèké sekolah ana sekolah kang dianakake Pamarentah Llanda kanggo keturunan Arab-Landa (GHAS), rampung taun 1936.[1] Banjur, mlebu MULO taun 1941, nanging ora tamat.[1] Ana jaman Jepang, dhèwèké mèlu kursus ana Keimin Bunka Shidoso (Kantor Pusat Kebudayaan) lan sinau basa Inggris lan Landa.[1]

Nyambut Gawe[besut | besut sumber]

Gaweyane pokok ya iku minangka sastrawan lan wartawan.[1] Dhèwèké naté ngurus manéka kalawarti, antarané:[1]
dadi redhaksi kalawarti Mingguan Pahlawan terbutan Batalyon 33, Devisi I, Tentara Rakyat Indonesia (TRI), Surabaya, taun 1947-1949;
dadi redhaksi kalawarti republiken Mimbar Pemuda, Surabaya, taun 1950-1951; lan
dadi redhaksi kalawarti sastra Tjetusan, Surabaya, taun 1952-1953.

Kegiatane ana organisasi, antarané:[1]
minangka anggota Dewan Kesenian Surabaya taun 1972-1976;
minangka Ketua Dewan Kesenian Surabaya taun 1976-1978;
minangka anggota Majelis Kehormatan Pembina Kesenian Surabaya lang minangka koordinator acara Siaran Apresiasi Sastra Indonesia ana TVRI taun 1978-1979.

Dhèwèké naté nyambut gawé ana kantor Kotapraja Surabaya, mbiyantu Penerbit Bina Ilmu minangka penyunting basa taun 1974.[1] Uga naté nadi dhosen tamu ana Fakultas Sastra, Universitas Jember taun 1978-1982.[1]

Ana Donya Kapanulisan[besut | besut sumber]

Dhèwèké wiwit nulis cerita cekak lan geguritan taun 1942 ana manéka kalawarti terbitan Jakarta lan Surabaya, antarané Gema Suasana, Mimbar Indonesia, Siasat, Gelanggang, Zenith, Poedjangga Baroe, Konfrontasi, Kisah, Budaja, Indonesia, Budaja Djaja, Horison, Kagunan, Buku Kita, lan Optimis.[1]

Dhèwèké uga nulis ana kalawarti dinan Jakarta, Surabaya, Yogyakarta, Semarang, Padang, lan Medan, antarané ana kalawarti dinan Berita Buana, Kompas, Sinar Harapan, Kedaulatan Rakyat, Suara Karya, Surabaya Post, Jawa Pos, Singgalang, lan Waspada.[1]

Muhammad Ali kena digolongake ana sastrawan penganut realisme.[2] Kaya kang dikandhakake Sunyoto (1988), "jebul hawa Surabaya wis mbentuk pribadhine minangka panganggit kang realistis, seneng blak-blakan. sarta ngurmati ka-wani-nan."[2]

Karya[besut | besut sumber]

Sastra[besut | besut sumber]

Ana ngisor iki karangane kang wis diterbitake wujud buku:[1][2]
1. 5 Tragedi;
2. Siksa dan Bajangan;
3. Persetudjuan dengan Iblis';
4. Kubur Tak Bertanda;
5. Hitam atas Putih;
6. Si Gila;
7. Kembali pada Fitrah;
8. Bintang Dini;
9. Buku Harian Seorang Penganggur;
10. Ibu Kita Raminten;

Nonsastra[besut | besut sumber]

Ana ngisor iki karyané sing nonsastra:[2]
1. Laporan Rahasia dari Belakang Tirai Besi;
2. Di Bawah Naungan Al-Qur'an;
3. Izinkanlah Saya Berbicara;
4. Tuntunan Mengarang Cerpen;
5. Buku Agama (30 judhul);
6. Wanita Berlian Suci;
7. Ihwal Dunia Sastra;
8. Nyanyian Burdah;
9. Puitisasi Juz Amma;
10. Bagaimana Menjadi Aktor Aktris yang Baik.

Karya Sastra Terjemahan[besut | besut sumber]

Karya sastra kang naté dhèwèké alihbasakake:[2]
1. Tortila Flat karyané John Steinbeck ana majalah Gelanggang;
2. Ular karyané William Sarojan ana majalah Gelanggang;
3. Makutha Berdarah karyané Musthafa Luthfi Al-Mandaluthi, diterbitake ana Surabaya Post taun 1995.

Karyane kang Dialihbasakake[besut | besut sumber]

Ana uga karyané kang dialihbasa dadi basa manca:[2]
1. Gerhana kanthi irah-irahan anyar Kiki, dialihbasa dadi basa Jepang déning Prof. Matsui Hiroshi lan Prof. Shibata, penerbit Mekong, Jepang;
2. Kisah dari Kantor Pos dialihbasa dadi basa Inggris déning Satyagraha Hoerip.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q Dendy Sugono 2003, k. 185.
  2. a b c d e f Dendy Sugono 2003, k. 186.

Bibliografi[besut | besut sumber]

  • Dendy Sugono, ed. (2003). Ensiklopedia Sastra Indonesia Modern. Bandung: Remaja Rosdakarya. ISBN 979-692-283-5. 

Pranala njaba[besut | besut sumber]