Mirin

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Mirin Jepang

Mirin (味醂, みりん?) inggih menima bumbu pawon kanggé masakan Jepang ingkang arupi unjukan mawi alkohol kanthi warna kuning, raos ingkang legi, lan gadhah kandhutan gula 40%-50% lan alkohol kirang langkung 14% [1]. Mirin dipun-ginakaken kanggé masakan Jepang ingkang dipunolah kanthi cara nimono (dipungodhog kaliyan kecap asin lan dashi) lan campuran kanggé manéka jinis saos, kados saos kanggé kabayaki (tare), saos kanggé soba (soba-tsuyu), saos kanggé tempura (tentsuyu) lan saos teriyaki. Kandhutan alkohol ingkang wonten ing mirin saged ngirangi raos amis wonten ing ulam lan ngirangi resiko risaking dhaharan ingkang dipunmasak. kandhutan gula wonten ing mirin dipun-ginakaken kanggé nambah raos legi ing dhaharan ingkang dipunmasak saéngga katingal cerah lan nambah aruming masakan.

Mirin minangka minuman keras[besut | besut sumber]

Mirin dipununjuk wonten ing Jepang minangka campuran Shirozake ingkang dipununjuk nalika karaméan Hina Matsuri utawi campuran sake ingkang dipununjuk ing tradisi toso ndedonga nyuwun keslametan ing dinten kapisan taun énggal. Ing Jepang, mirin kalebet minuman keras ingkang sami kados bir utawi wiski ingkang kénging pajeg minuman keras lan anggènipun damel mbetahaken ijin mirunggan. Dumugi taun 1996, mirin namung saged dipunpundhut ing toko ingkang gadhah ijin nyade unjukan punika, ananging sapunika pikantuk dipunsadé kanthi ing samubarang papan lan ingkang nyade namung mbetahaken ijin nyadé mirin kanthi ècèran.

Mirin-fū (みりん風?) inggih punika bumbu pawon kanthi rasa kados mirin, ananging padatanipun ngandhut alkohol ing sangandhaping 1 %, dipundamel saking cuwèran gula ingkang asalipun saking beras (mizu ame) dipuntambah kaliyan bumbu masak saking bahan kimia. Ing Jepang, mirin-fū boten kénging pajeg minuman keras saéngga saged dipunsade kanthi regi ingkang mirah. Hon-mirin (本みりん?) punika sebatan ingkang asring dipun-ginakaken kanggé mirin ingkang asli, sebatan punika dipun-ginakaken kanggé mbédakaken antawisipun mirin asli kaliyan mirin damelan.

Prosès damel mirin[besut | besut sumber]

Beras ketan dipunkukus lan dipuncampur kaliyan ragi lajeng dipuntambah kaliyan jinising arak ingkang dipunwastani shōchū utawi jinising alkohol ingkang mbiyantu prosès peragian lan dipunsimpen 60 dinten. Bibar rampun prosès peragian lajeng bahan-bahan dipunperes lan dipunsaring. Enzim emilase minangka kandhutan ing ragi ngewahi karbohidrat ing beras dados gula, déné asam suksinat lan asam amino maringi rasa ing mirin. Kadar alkohol ketahan déning ragi saéngga kadar gula ingkang kantun ing mirin langkung inggil katandingan kaliyan sake[2].

Sajarah[besut | besut sumber]

Asal-usulipun mirin punika minuman keras aawis kanthi rasa legi ingkang asring dipununjuk nalika jaman Edo sadèrèngipun tiyang Jepang ngunjuk jinis sake ingkang dipununjuk sapunika. Wonten sapérangan pamanggih ingkang ngandharaken babagan asal usuling mirin ingkang sadaya dèrèng saged dipunbuktèkaken keleresanipun, inggih punika:

  • Mirin asalipun saking minuman keras kanthi rasa legi saking Tiongkok dipunsebat meirin ingkang dipuntepangaken wonten ing Jepang nalika jaman Sengoku.
  • Mirin sampun wonten saking jaman rumiyin ing Jepang, asalipun saking sake mawi rasa legi ingkang dipuntambah minuman keras asil saking fermentasi ingkang dipunwastani shōchū supados boten rikat bosok.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ Resep Mirin, (dipunakses tanggal 1 Maret 2013)
  2. ^ Mirin, (dipunakses tanggal 1 Maret 2013)

Pranala njawi[besut | besut sumber]