Pukang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Kukang)
Jump to navigation Jump to search
Kukang.jpg
Pukang
250px
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Kéwan nusoni
Ordho: Primata
Famili: Lorisidae
Génus: Nycticebus
Boddaert, 1785
Spésies: N. coucang
Jeneng binomial
Nycticebus coucang
(Boddaert, 1785)

Pukang, kadhang-kadhang uga karan uga kukang, iku jinis primatah kang obahé alon banget. Warna rambuté warna-warna, saka klawu kaputihan, kasoklatan, nganti kireng-irengan. Ing geger ana garis soklat lurus saka mburi nganti bathuk, banjur nyabang ing ngisor kuping lan mata. Abot awak 0,375-0,9 kg, dawa awak diwasa 19–30 cm.

Ing Indonésia, satwa iki bisa tinemu ing Sumatra, Jawa lan Kalimantan. Pukang (Nycticebus coucang) ya iku jinis primata kang lucu lan nggemesaké nganti ora gumun akèh masarakat umum kang dadèkaké primata iki kéwan ingon-ingonan.

Sebaran[besut | besut sumber]

Kulawarga pukang utawa kukang, kasusun saka 8 marga (génus) lan kapérang manèh sajrone 14 jinis. Sebarané wiwit saka Afrika pérangan kidul Ara-ara Sahara, India, Srilangka, Asia Kidul, Asia Wétan lan Asia Kidul-wétan. Saka 8 Marga kang ana, ing Indonésia amung ditemoni 1 marga, ya iku Nycticebus.

Marga Nycticebus kasusun saka 5 jinis, ya iku:

  1. Nycticebus coucang kang nyebar ing Ujung Malaya, Sumatera dan kapuloan kiwa-tengené.
  2. Nycticebus pygmaeus nyebar ing Indocina, Laos dan Kamboja.
  3. Nycticebus bengalensis, nyebar ing India nganti Thailand.
  4. Nycticebus javanicus, amung nyebar ing Jawa.
  5. Nycticebus menagensis, amung nyebar ing Kalimantan sarta kapuloan kiwa-tengené.

Pukang wujud primata kang urip ing alas tropis Indonésia, seneng alas primèr lan sèkundhèr, semak, lan papringan. Pukang nyebar ing Asia Kidul-wétan. ing Indonésia pukang tinemu ing Sumatra, Kalimantan lan Jawa. Nanging nganti saiki durung ana data kang pesthi lan akurat babagan cacahé populasi pukang ing alam. Nanging yèn dideleng saka nyusuté habitat kukang sarta okèhé bebedhagan lan dol-tinuku ilégal bisa didadèkaké indhikator yèn pukang ing alam saya sithik.

A 1904 painting of Slow lorises. While unidentified, the top and bottom share markings of Nycticebus coucang coucang, the left and right share the coloring and size of Nycticebus pygmaeus. Note the "T" shaped end to the white nose stripe on N. pygmaeus, while Nycticebus coucang coucang have a distinct five pointed star at the back of the head.[2]

Pralindhungan pukang[besut | besut sumber]

Ing Indonésia pukang wis dilindhungi awit taun 1973 kanthi Dudutan Mantri Tetanèn tanggal 14 Pebruari 1973 No. 66/ Kpts /Um/2/1973. Pralindhungan iki tegesaké manèh kanthi Paugeran Pamaréntah (PP) Nomer 7 taun 1999 babagan Pangawètan Jinis wit-witan lan Satwa, kang nglebokaké pukang sajroné lampiran jinis-jinis wit-witan lan satwa kang dilindhungi.

Miturut Undhang-Undhang RI Nomer 5 Tahun 1990 babagan Konservasi Sumber Daya Alam Hayati lan Ékosistem pasal 21 ayat 2, dol-tinuku lan pangrumatan satwa dilindhungi kalebu pukang ya iku dilarang. Palanggar saka katenton iki bisa dikenakaké ukuman pidana kunjara 5 taun lan dhendha Rp 100 yuta.

Kanthi anané paugeran mau, mangka kabèh jinis pukang kang ana ing Indonésia wis dilindhungi. Sawentara iku badan konservasi donya IUCN, nglebokaké kukang sajrone kategori Vulnerable (rentan), kang tegesé duwé paluang cures 10% ing wektu 100 taun. Wondéné CITES (Convention on International Trade in Endangered Species of wild fauna and flora) nglebokaké pukang sajroné apendix I. Status CITES: Sadurungé pukang mlebu sajroné appendix II CITES kang tegesé dol-tinuku internasiyonal diéntukaké, kalebu pambedhagan pukang saka alam.

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]