Kanguru
| Kanguru[1] | |
|---|---|
| Kanguru Klawu Wétan wadon kaliyan anakipun | |
| Klasifikasi ngèlmiah | |
| Karajan: | Animalia |
| Filum: | Chordata |
| Klas: | Mammalia |
| Subklas: | Marsupialia |
| Ordho: | Diprotodontia |
| Subordho: | Macropodiformes |
| Famili: | Macropodidae |
| Génus: | Macropus sapérangan |
| Spesies | |
| Macropus rufus Macropus giganteus Macropus fuliginosus | |
Kanguru punika salah satunggaling kéwan khas Australia.[2] Kajawi misuwur dados kéwan ingkang lucu, kanguru ugi saged mlumpat nalika pidhah panggènan.[2] Kathah panliti ingkang nliti kénging menapa kanguru mlumpat nalika pindhah panggènan.[2]
Nalika nembé lair, kanguru enèm bobotipun namung setengah gram.[2] Anak kanguru punika manggèn wonten ing kanthong ibunipun kirang langkung sangang wulan.[2] Anak kanguru manggèn wonten ing kanthong ibunipun supados aman saking bebaya.[2]
Kanguru siti
[besut | besut sumber]Kanguru siti gadhah nama Latin Thylogale Brunni.[3] Kanguru siti punika salah setungaling kéwan asli Indonésia.[3] Kanguru siti asalipun saking Papua.[3] Sanajan taksih satunggal kulawarga kaliyan Kanguru Australia, nanging bèntenipun saged dipunpirsani saking ukuran badanipun.[3]
Kanguru siti Papua utawi ingkang limrahipun dipunwastani Lau-Lau déning sing ndunungi, ukuranipun alit.[3] Kanguru siti inggilipun kirang langkung namung 90 cm.[3] Déné bobotipun boten langkung saking 10 kg.[3] Kanthi punika, kanguru siti dados kanguru ingkang paling alit sadonya.[3]
Habitat aslinipun kanguru siti punika wonten ing wana subtropis saha padhang Savana.[3] Kanguru siti punika gadhah sipat ingkang boten mbebayani dhumateng manungsa.[3] Kanguru punika langkung saged dados réncangipun manungsa tinimbang kanguru Australia.[3] Kanguru siti ugi kalebet kéwan ingkang saged cures, amargi habitat kanguru siti punika sangsaya kirang saha kathah kanguru ingkang dipuncepeng.[3] Kanguru ingkang sampun dipuncepengi punika limrahipun lajeng disadé.[3]
Panganan kanguru siti inggih punika ron-ronan, woh-wohan, saha umbi.[3]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ Groves, C. (2005). Wilson, D. E., and Reeder, D. M. (èd.). Mammal Species of the World (édhisi ka-3). Johns Hopkins University Press. kc. 64 & 66. ISBN 0-801-88221-4.
{{cite book}}: CS1 maint: multiple names: editors list (link) - ↑ a b c d e f techno.okezone.com(dipunundhuh tanggal 7 Oktober 2011)
- ↑ a b c d e f g h i j k l m n gembiralokazoo.com Archived 2011-09-11 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 7 Oktober 2011)
| Artikel bab kéwan iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |