Jurnalistik

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Jurnalis kang lagi ngliput

Jurnalistik utawa jurnalisme (saka tembung journal) ing basa Indonésia kasebut "kewartawanan", ya iku cathetan bab kadadéan sadina-dina, uga bisa diarani ariwarta. Journal ya iku saka istilah basa Latin diurnalis sing ateges wong kang nyambut gawé jurnalistik.

Ing Indonésia, istilah "jurnalistik" biyèn diarani "publistik". Istilah-istilah iku mau biyasa diwolak-walik, nanging béda asalé. Ing sapérangan kampus ing Indonésia wis tau nganggo istilah iku mau amarga kiblate marang Éropah. Amérika banjur ngganti publistik dadi jurnalistik. Publistik uga dinggo ngrembug Ilmu Komunikasi.

Aktivitas[besut | besut sumber]

Kewartawanan bisa diarani coretan kapisan dalam sajarah. Pawarta kerep ditulis nalika wates wektu akir, nanging racaké diowahi sadurungé diterbitake.

Para wartawan kerep interaksi karo sumber sing kala-kala nglibatake konfidensialitas. Para pamaréntahan Barat mènèhi jaminan kaleluasan ing pemberitaan (pers).

Aktivitas pokok ing kewartawanan ya iku palaporan kadadéan kanthi andharan sapa, apa, kapan, ana ngendi, ngapa, lan kepiye (ing basa Inggris diarani 5W+1H) uga ngandharake kawigaten lan akibat saka kadadéan utawa kang lagi trend. Kewartawanan nyakup pirang-pirang médhia kaya ta: koran, télévisi, radhio, kalawarta lan internet minangka pendatang baru.

Sajarah[besut | besut sumber]

Kawitane, kominikasi tumrape manungsa gumantung karo komunikasi gethok tular. Cathetan sajarah kang gayut karo pangecapanan médhia mangsa lair amarga penemuan mesin pangecapan déning Johannes Gutenberg.

Ing Indonésia, kagiatan jurnalistik kawiwiti déning Walanda. Para pejuang kamardikan Indonésia padha nganggo kewartawanan minangka piranti perjuangan. Ing era iki Bintang Timoer, Bintang Barat, Java Bode, Medan Prijaji, lan Java Bode terbit. Ing mangsa pendudukan Jepang mengambil alih kakuasan, koran-koran iki banjur dilarang. Nanging akhire ana limang médhia kang olèh izin terbit: Asia Raja, Tjahaja, Sinar Baru, Sinar Matahari, lan Suara Asia.

Kamardikan Indonésia nggawa berkah kanggo kewartawanan. Pamarentah Indonésia nganggo sarana komunikaso kanthi Radio Républik Indonésia. Nalika arep Asian Games IV, pamaréntah nglebokake proyek télévisi. Saka taun 1962, Televisi Républik Indonésia lair kanthi eknologi layar ireng putih.

Nalika pamaréntahan présidhèn Soeharto, akèh pembreidelan médhia massa. Kasus Harian Indonesia Raya lan Majalah Tempo minangka conto sing ketara ing sensor kekuasaan iki. Kontrol dicekel saka Departemen Penerangan lan Persatuan Wartawan Indonésia (PWI). Bab iki kang banjur nuwuhake Aliansi Jurnalis Independen kang mendeklarasikan diri ing Wisma Tempo Sirna Galih, Jawa Barat. Sapérangan aktivis dilebokake ing kunjara.

Titik kaleluasan pers wiwit krasa manèh nalika BJ Habibie ngganti Soeharto. Akèh médhia massa tuwuh lan PWI ora mung dadi sawijining organisasi profesi. Kagiatan kewartawanan diatur nganggo Undang-Undang Pers Nomor 40 Tahun 1999 kang digawé Dewan Pers lan Undang-Undang Penyiaran Nomor 32 Tahun 2002 kang digawé déning Komisi Penyiaran Indonésia utawa KPI.

Pirsani uga[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cithakan:Wikinewscat