Menyang kontèn

Jultagi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jultagi
Penampilan Jultagi ing Jeonju
Jeneng Koréa
Hangul줄타기 / 어름
Hanjanone
Alihaksara Koréa Kang Sinampurnajultagi / eoreum
McCune–Reischauerchultaki / ŏrŭm

Jultagi utawi eoreum inggih punika salah satunggaling jinis kesenian lan dolanan tradhisional Koréa ingkang dipunlampahi kanthi cara mlampah wonten ing sanginggilipun tali.[1][2] Jultagi punika kinten-kinten asalipun saking Cina utawi Asia Tengah, boten cetha kapan kapisan medal wonten ing Koréa, nanging prakiraan saking jaman Tiga Karajan (57 SM-935 M).[2]

Nalika ing jaman Dinasti Joseon (1392-1910), jultagi dipuntedahaken déning kalih kategori tiyang inggih punika penghibur resmi ingkang dipunkaryakaken astana utawi kelana ingkang boten gadhah griya tetep (sadangpae).[2] Sadèrèngipun adicara punika, ingkang nglampahi kedah ndhèrèk ritual gosa (slametan) kanggé almarhum penghibur lan guru-guru kanggé nyuwun berkat lan nebihaken roh ala ingkang badhé nganggu lampahing adicara.[2] Bibar punika, arak sesajèn dipunparingaken dhateng tali ingkang dipun-ginakaken kanggé dolanan jultagi.[2] Ingkang nglampahi punika mlampah ing sanginggilipun tali kanthi damel gaya mlapah ingkang manéka warni, wiwit saking mlampah sinambi nyekel tépas, sinambi lumayu, sinambi mlumpat-mlumpat, nyeret sukunipun, mlamapah sinambi lenggah, sinambi jinjit lan taksih kathah malih.[2]

Manawi jultagi ingkang dipunwontenaken penghibur astana kalampahan ing adicara kados pista astana, hiburan kanggé para bangsawan lan sowanipun utusan asing, jultagi kelompok sadang medal wonten ing karaméan rakyat biyasa lan padatanipun boten pikantuk bayaran.[2] Dolanan jultagi astana punika dipuniringi kaliyan musik saking instrumèn kados piri (suling tipis), daegeum (suling pring), haegeum (rebab), janggu (genderang dawa) lan buk (genderang ageng) kanggé paring hiburan dhaten pamirsa.[2] Tali dipundamel saking simpul rami.[2] Kanggé jultagi astana langkung dawa kanthi ukuran 3-10 mèter, déné jultagi kelompok sadang dawanipun 6 mèter kaliyan pucuk 3 mèter dipuntalèkaken ing pasak ingkang nancep ing lemah.[2] Penghibur astana nedahaken jultagi ingkang langkung elegan.[2] Kelompok sadang langkung kondhang ing kalangan rakyat biyasa amargi medal kanthi hiburan ingkang dipunremeni déning masarakat kados guyonan, sindiran marang bangsawan ingkang boten gadhah moral, biksu-biksu ingkang nyelèwèng, imitasi imitasi caranipun mlampah tiyang-tiyang saking manéka kelas lan nembang.[2] Kajawi punika ugi dipun-ginakaken piranti musik kados kkwenggwari (gong alit), buk, jing (gong ageng), janggu lan taepyeongso (suling kanthi nada inggil) minangla pangiring akrobat.[2] Nalika ing jeda ingkang paring hiburan punika mandhap lan gantos kaliyan penghibur sanès ingkang wonten ing ngajengipun pamirsa.[2]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. Kim Dae-Gyun, The last living exponent of the traditional Korean Tight-rope Performance Archived 2011-11-25 at the Wayback Machine. sogang.
  2. a b c d e f g h i j k l m n An Illustrated Guide to Korean Culture - 233 traditional key words. Seoul: Hakgojae Publishing Co. 2002. kc. 448. ISBN 89-8546-98-1. {{cite book}}: Check |isbn= value: length (pitulung)

Cithakan:Karya Agung Warisan Budaya Lisan dan Nonbendawi Manusia Koréa Kidul