Jamu sinom

Jamu Sinom (carakan: ꦗꦩꦸꦱꦶꦤꦺꦴꦩ꧀) yaiku salah sawijining jamu géndhong kang digawé saka sinom utawa godhong asem kang isih enom lan temu kunir. Jamu iki rasané asem tinuli seger. Sesegeran kanggo ngilangaké paité jamu paitan iki kalebu jamu géndhong [1]. saliyané jamu sinom, ana jamu beras kencur, jamu kunir asem, jamu cabé lempuyang, jamu paitan, jamu kunci suruh, jamu kudu laos lan jamu uyup-uyup utawa gepyokan. Sinom iku kalebu ombè-ombènan obat tradhisional Jawa kang turun-temurun saka jaman Majapahit [2]. Jamu Sinom nduwèni rasa lan bahan kang mèmper kaya déné Kunir Asem, kang mbédakaké yaiku bilih sinom nganggo godhong asem kang isih anom (sinom) déné kunir asem nganggo wohing asem kang wus mateng. Miturut sapéerangan sumber bahan-bahan kang digunakaké dadi jamu sinom amaung diris banjur langsung digodhog déné kunir asem bahan-bahan kang digunakaké kudu didheplok utawa digiling.[3] Mula ing ing pangertènané sapérangan wong awam sinom llan kunir asem kadhang kala dianggap jamu kang padha.
Bahan-bahané Jamu Sinom
[besut | besut sumber]Bahan-bahan kanggo gawé Jamu kang seger iki ya iku godhong asem kang enom. Ananging para bakul jamu luwih sok nggawé jamu iki ora béda adoh saka jamu kunir asem.[4].
Bahan-bahan kanggo nggawé jamu iki padha kaya-kaya nggawé jamu kunir asem ananging nganggo bahan utama sinom (godhong asem enom) nuli ditambah sithik kunir perlu ditambah manèh karo temulawak, wiji kedawung, lan peresan jeruk pecel (nipis). Kanggo pemanis, bisa ditambahi gula pasir utawa pemanis buatan lan bisa ditambahaké karo uyah, nanging luwih mantep manawa ditambah gula jawa kanggo pemanisé [5]
- Kunir
- Wit Asem
- temulawak
- Wiji Kedhawung
- Jeruk Pecel
Kasiyaté Jamu Sinom
[besut | besut sumber]Jamu sinom iki duwé piguna liyané kaya ta[6]:
- nambani sariawan
- nyegeraké awak
- ngerampingaké awak
- nglancaraké haid
- nyuburake kandhutan
- nambani weteng mules
- Adhem-adheman.
| No. | Kasiyat | Bahané |
|---|---|---|
| 01. | nyegerqké awak | kunir, asem kawak, gula |
| 02. | Sariawan | temulawak, kunir, godhong asem enom (sinom), asem kawak, jeruk nipis |
| 03. | Adem-ademan, sariawan | kunir, asem kawak, jeruk nipis |
| 04. | Seger-segeran | kunir, asem kawak |
| 05. | Ombèn-ombèn seger | kunir sithik baé, asem kawak, gula abang |
| 06. | Panas njero | kunir, asem kawak, gula abang (gula aren), jeruk nipis |
| 07. | Nyuburaké kandhutan, sesegeran | kunir, asem, gula abang (gula aren), godhong asem enom (sinom) |
| 08. | Adhem-adheman, sariawan | kunir, godhong asem enom (sinom), asem, jeruk nipis, gula |
| 09. | Seger-segeran | godhong asem enom (sinom), jeruk nipis, gula abang atawa putih, kunir, asem |
| 10. | Nyegeraké awak | kunir, gula , asem kawak, gula abang (gula aren) atawa putih |
| 11. | Ngadhemké weteng | kunir, asem, gula abang atawa putih |
Carané Gawe Jamu Sinom
[besut | besut sumber]Réferènsi
[besut | besut sumber]- 1 2 http://jaringanherbal.com[pranala mati permanèn] dipununduh tanggal 03 April 2011
- ↑ SEJARAH JAMU Archived 2010-12-24 at the Wayback Machine. (dipununduh tanggal 30 Maret 2011)
- ↑ Nadhiroh, Fatma Roisatin (2025-12-03). "Perbedaan Sinom dan Kunyit Asam, Kamu Suka yang Mana?". IDN Times (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-04-11.
- ↑ http://www.kabarrinews.com/article.cfm?articleID=32315[pranala mati permanèn] (dipununduh tanggal 03 April 2011)
- ↑ Jamu Manjur Archived 2011-03-20 at the Wayback Machine. (dipunnunduh tanggal 03 April 2011)
- ↑ http://forum.tabloidnova.com Archived 2011-08-11 at the Wayback Machine. dipununduh tanggal 03 April 2011
- ↑ http://www.tempo.co.id Archived 2006-03-02 at the Wayback Machine. dipunnunduh tanggal 03 April 2011