Iwak buntak

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Iwak buntak utawa iwak bluntak (Tetraodontidae) punika famili saking ulam muara lan sagara saking ordho Tetraodontiformes [1]. Kanthi morfologi, ulam ingkang sami ing famili punika wujud ulam landak ingkang gadhah balung wingking wiyar lan ageng (boten kados yulang wingking Tetradontidae ingkang langkung tipis lan namung katingal nalika ulam punika nggembung). Nama ilmiah punika merujuk dhateng waja ageng ingkang kapasang wonten ing rahang inggil lan ngandhap ingkang kaginakaken ngremukaken thothok crustacea lan moluska mangsanipun. Ulam buntal punika gadhah nama warna-warna ingkang bentèn saben tlatah. Kados ing Indonesia kawéntar kanthi nama buntal lan buntek. bilih wonten Basa Inggris dipunwastani Balloonfish lan Globefish [2].

Ulam buntal punika dipunpitadosi minangka vertebrata paling beracun nomer kalih sasampunipun Katak Racun Emas. Organ-organ dalem kados hati lan kulit ulam punika gadhah racun nanging wonten spesiès saking jinis ulam punika ingkang dagingipun dados panganan ing Jepang (dipunastani 河豚, dipunwaos fugu), Koréa (dipunwastani bok), lan Cina (dipunsebut 河豚 he2 tun2) [2].

Ulam buntal padatanipun nganggu pemancingan amargi ulam punika asring nyambar senar lan medhot senar nganggé untunipun ingkang landhep. Taksonomi ulam buntal punika kapisan dipuntepangaken déning Linnaeus nalika taun 1758 [2].

Awak ulam buntal punika saged ngembang kados balon lan saged medalaken eri landhep kanthi tujuan njagi piyambakipun saking musuh. Spesiès punika padatanipun saged tuwuh dumugi 8-14 inci (20-35 cm), dumugi maksimun 20 inci (50 cm) lan nyebar wonten ing perairan tropis ing donya. Ulam buntal punika prédator nalika wanci dalu, padatanipun ndelik wonten ing selaning karang nalika awan lan manawi ndalu pados panganan[2].

Racun[besut | besut sumber]

Ulam punika ngandhut racun ing pérangan jero. Racun punika dipunwastani Tetrodotoksin (TTX). Dosis ingkang damel mati ulam buntal kanggé manungsa dipunkinten-kinten 2 mg TTX. Racun punika saged damel mati lan reaksi dhateng korbanipun ing wekdal kirang saking setengah jam. Tandha-tandha keracunan TTX punika dipunwiwiti déning rasa mual, muntah-muntah, mati rasa ing gronggongan lambé, salajengipun medal gangguan fungsi syaraf kanthi tandha rasa gatel ing lambé, sikil, lan tangan. Tandha-tandha salajengipun dados lumpuh lan kematian [2].

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. [1][pranala mati permanèn],Ikan buntal (dipun-akses tanggal 27 Dhésèmber 2012).
  2. a b c d e [2],Ikan buntal - iftfishing (dipun-akses tanggal 16 November 2012).

Belanja Baju dan kemeja murah hanya di autoglopedia Archived 2020-01-29 at the Wayback Machine.