Guwa Seplawan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Guwa Seplawan utawa Guwa Seplawan ya iku sawijining guwa kang dumunung ana ing Kabupatèn Purwareja. Guwa Seplawan dadi salah sawijining objèk wisata ing laladan Purwareja. Guwa uga dadi sumber panguripanè masarakat ing sakiwatengené. Sanajan namung guwa cilik ora kaya déné Guwa Jatijajar ing tlatah Kabupatèn Kebumèn, Guwa Seplawan uga duwèni akèh sesawangan sing ora kena disepèlèkaké.

Sajarah Guwa Seplawan[besut | besut sumber]

Guwa Seplawan iku dumadi wis pirang-pirang yuta taun lawasè.Nalika iku kadadèan saka prosés èvolusi alam lan gawé rupaning pagunungan dadi sesawangan sing ndadêkaké pagunungan iku akèh dunungan sing bolong.[1] Sesawangan iku awujud pirang-pirang lan salah sawijining ya iku Guwa Seplawan. Miturut sajarahé Guwa Seplawan iku uga dadi tetinggalan anané peradaban ing jaman purba utawa jaman sing isih durung ngerti tulisan.[2]

Dumunungé Guwa Seplawan[besut | besut sumber]

Guwa Seplawan dumunung ing désa Donorejo, Kacamatan Kaligesing. Guwa iki dumunung udakara 20 km pinuju arah wétan saka satengahing kutha Purwareja lan udakara ana ing 700 mèter saka pemukaan air laut.[3]

Cara Tumuju ing Guwa Seplawan[besut | besut sumber]

Dalan tumuju Guwa Seplawan iku ora gampang nalika diliwati jalaran dalané rada rusak lan ora amba. Nalika arep dolan ana ing Guwa Seplawan para masyarkat adaté migunakaké pit motor. Nanging manawa arep dolan menyang Guwa Seplawan dhéwé uga bisa numpak kol (angkot) saka terminal utawa uga bisa nyater montor nanging yèn arep tumuju ing panggonané kudu nyambung nganggo ojèk. Nalikané tekan panggonané, para pangunjung kudu ngetokaké wragat udakara Rp 3.000,00 kanggo tuku tikèt mlebuné.[1] Manawa kepéngin dolan ing Guwa Seplawan uga bisa nurutaké jalur iki : Saka Purwareja = tumuju arah Kacamatan Kaligesing ngléwati Cangkrep - Brènggong - Plipir - Kaligono - Kaliharjo - [Donorejo utawa bisa numpak Primkoppol jalur 44 saka terminal Purwareja.[4] Saka Jogja/Wates/Godèan/Magelang = bisa metu Kenthéng Nanggulan tumuju arah Jonggrangan JatimulyoTlogoguwo – Donorejo.[4] Kanggo paugeran yèn wis katon anané lima Tower Sèllulèr iku mratandhakaké yèn Guwa Seplawan wis cedhak.[4]

Gambar Guwa Seplawan[besut | besut sumber]

Pesonané Guwa Seplawan[besut | besut sumber]

Guwa Seplawan saliyané dadi situs paninggalané jaman prasajarah, guwa iki uga duwèni sesawangan sing éndah lan ora kalah karo sing jenengé Flow stone, héléktit, soda straw, gowerdam lan liya-liyané. Guwa Seplawan sing dawané udakara 150-300 mèter iku kebak lendhut, mula ana sing jenengi kaanan iku kanthi jeneng "pura blethok".[5] Ing sajeroné guwa ana dalan sing kapérang dadi limang cawang lan nalikané udan ing sapinggiré guwa nètèsaké banyu sing éndah nalika disawang. Ing sajeroné guwa uga ana sumber banyu panas lan ing dhuwuré kapacak tulisan Saplo Wan sing tegesé Saplo = Suci lan Wan = Manungsa. Dadi bisa ditegesi papan panngonan sing kanggo nyucèkake manungsa. Guwa Seplawan uga salah sawijing guwa purba.[1] Wewengkon ing saubenging Guwa Seplawan uga didadèkaké panggonan kanggo kémah. Mula saliyané para pangunjung padha ngrasani éndahé guwa uga padha kémah.[2] Sadurungé mlebu ing Guwa Seplawan ana sawijining panggonan sing mau Gardu Pandang. Saka panggonan bisa nyawang éndahing Wadhuk Sermo, Gunung Merapi, Gunung Sumbing, Gunung Sindoro, Gunung Merbabu, Gunung Slamet lan bisa nyawang éndahing Parang Tritis lan Parang Kusuma.[1] Upama dolan menyang Guwa Seplawan ing wayah soré bisa nyawang éndahing srengéngé sing surup ing wayah soré.[1] Ing Guwa Seplawan uga ana sajeroning panggonan wisata kaya ta Sumur Tegasih, Sendhang Denansari, Waturejo lan éndahing Gunung Kelir. Ora kena dilalèkaké yèn ana sawijing pakebonan salak lan kakau. Ing kana uga ana sawijing panganan kas saka tlatah kana kaya ta gembel sengèk lan dhawet gorèng.[2]

Arca Emas[besut | besut sumber]

Sing kudu dadi kawigatènan ya iku anané arca emas. miturut Arkéolog, araca iku manawa arca Déwa Siwa lan Déwi Parwati. Arca emas iki murni emas 22 karat lan boboté 1,5 kg dhuwuré 9 cm. Arca iki tinemu ing tanggal 15 Agustus 1979. Miturut Panemuné Arkéolog saka Universitas Gadjah Mada, Soekatno TW, arca iku awujud Déwa Siwa lan Déwi Parwati jalaran tinemu sawijing lingga yoni lan arca iku isih nganggo sandhangan sing jangkep kaya déné Déwa Siwa lan Déwi Parawati.Kaanan iku nggambaraké raja lan ratu. Ing Guwa Seplawan uga tinemu fosil sing dawané 5–15 cm, fosil iku miturut panemu saka Suaka Peninggalan Sajarah dan Purbakala Jawa Tengah kalebu sawijining kéwan saka Sumatra Kulon sing urip ing jaman Eosen udakara 40 yuta taun kapungkur.[4]

Saranaing Guwa Seplawan[besut | besut sumber]

Pamaréntah uga ménéhi sarana kanggo sapa sing dolan menyang Guwa Seplawan. Sarana iku kaya ta WC, Mushola, Gashébo lan tuwuhan kekembangan sing manéka warna.[5]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. a b c d e Di Guwa Seplawan, Gardu Pandang Menawarkan ke Indahan Pesona Alam Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "internet1" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "internet1" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "internet1" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "internet1" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  2. a b c Goa Seplawan Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "internet2" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "internet2" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  3. Goa Seplawan
  4. a b c d Goa Seplawan
  5. a b Goa Seplawan, Pesona Alam Yang Mengagumkan