Garangan
| Garangan | |
|---|---|
| Klasifikasi ngèlmiah | |
| Karajan: | Animalia |
| Filum: | Chordata |
| Klas: | Mammalia |
| Ordho: | Carnivora |
| Famili: | Herpestidae |
| Génus: | Herpestes |
| Spésies: | H. javanicus |
| Jeneng binomial | |
| Herpestes javanicus (É. Geoffroy Saint-Hilaire, 1818) | |
| Subspecies | |
|
H. j. javanicus | |
| Dhaeran sebaran Garangan | |
Garangan utawa Lenggarangan (Herpestes javanicus) sijining spésies kéwan kang tinemu ing Asia Kidul lan Asia Kidul Wétan, lan sabanjuré uga sumebar ing pérangan donya liyané.
Dheskripsi
[besut | besut sumber]Garangan nduwèni ukuran sedhengan (509-671mm), kupinge cendhak, nduwèni sikil papat lan cakar. Pambedane lanang-wadon kanthi ndeleng ukurane, kang wadon endhase luwih amba lan luwih gedhe.
Papan uripe
[besut | besut sumber]Kéwan iki sumebar ing saindenging dhaereah Asia, saka Irak nganti Cina lan mligi ing Jawa, banjur digawa manungsa lan disebarake ana ing pulo-pulo ing Pasifik, Karibia, Saint Lucia lan Jamaika. Uripe ing laladan kang dhuwure ngantu 2.200m saka sagara.
Pangan
[besut | besut sumber]Kewa nini mangan gegremet, lan uga mangan yuyu, kodhok, kemangga, kalajengking, ula, manuk lan endhog manuk.
Reprodhuksi
[besut | besut sumber]Kéwan iki bisa manak 2-5 anak, kanthi umur kandhutan udakara 49 dina
Cathetan sikil
[besut | besut sumber]- ↑ Wozencraft, C., Duckworth, J.W., Choudury, A., Muddapa, D., Yonzon, P., Kanchanasaka, B., Jennings A. & Veron, G. (2008). "Herpestes javanicus". IUCN Red List of Threatened Species. Version 2008. International Union for Conservation of Nature. Dibukak ing 22 March 2009.
{{cite web}}: CS1 maint: uses authors parameter (link) Database entry includes a brief justification of why this species is of least concern.