Carlo Ancelotti
|
| |||
| Katrangan priangga | |||
|---|---|---|---|
| Jeneng dawa | Carlo Ancelotti | ||
| Posisi main | Midfield | ||
| Karir nom | |||
| Parma | |||
| Karir klub* | |||
| Taun | Tim | Main | (Gul) |
| 1976–1979 | Parma | 55 | (13) |
| 1979–1987 | Roma | 171 | (12) |
| 1987–1992 | Milan | 112 | (10) |
| Gunggung | 338 | (35) | |
| Karir tim nasional | |||
| 1980 | Italy U-21 | 3 | (0) |
| 1981–1991 | Italy | 26 | (1) |
| Juru latih | |||
| 1995–1996 | Reggiana | ||
| 1996–1998 | Parma | ||
| 1999–2001 | Juventus | ||
| 2001–2009 | Milan | ||
| 2009–2011 | Chelsea | ||
| 2011–2013 | Paris Saint-Germain | ||
| 2013–2015 | Real Madrid | ||
| 2015–2018 | Bayern Muenchen | ||
| 2018–saiki | Napoli | ||
|
* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi. | |||
Carlo Ancelotti (lair ing Reggiolo, Italia, 10 Juni 1959; umur 66 taun) ya iku manajer bal-balan kang asalé saka Italia.[1] Saka Juni 2009 Ancelotti nglatih klub Liga Premier Inggris Chelsea FC.[1] Carlo Ancelotti duwé sesebutan Carletto, Anceloti mbiyèn main dadi gelandhang lan duwé karir sing suksès ning Roma ya iku dadi kaptèn tim. Carletto nyithak sajarah amarga menangké siji Scudetto lan 4 Coppa Italia lan dadi pérangan tim légendharis Milan.[1] Carletto tampil kaping 26 lan nyithak sak gol kanggo tim nasional Italia lan metu ning taun 1986 lan 1990 ning Piala Donya.[1] Sawisé dadi manajer Reggiana, Parma lan Juventus, Carlo Ancelotti diangkat dadi manajer Milan ing taun 2001.[1] Carlo Ancelotti menangké Scudetto ing taun 2004, Liga Champions ing taun 2003 lan 2007 lan Coppa Italia ing taun 2003, jawara sèri A lan Liga Champions runner-up ing taun 2005.[1] Ancelotti ya iku salah sawijining saka enem wong sing menangké Piala Éropah dadi juru main lan manajer.[2] Ing sasi Mèi 2009, Ancelotti direkrut karo Chelsea FC dadi manajer klub lan ing taun perdhanané ngeterké Chelsea FC jawara Liga Premier lan Piala FA kaping 2.[2] Ancelotti dadi manajer non-inggris sing bisa nggayuh gelar dhobel, saliyané Arsene Wenger.[2] Ing taun sawisé ning Liga Premier Chelsea ora bisa ngintokké gelar, Ancelotti dipecat dadi manajer klub Chelsea FC ing sasi Mèi 2011.[2]
Prestasi pelatih
[besut | besut sumber]- Intertoto Cup: 1999
- Coppa Italia: 2002–03
- Serie A: 2003–04
- Italian Supercup: 2004
- UEFA Champions League: 2002–03, 2006–07
- UEFA Super Cup: 2003, 2007
- FIFA Club World Cup: 2007
- FA Community Shield: 2009-10
- Premier League: 2009-10
- FA Cup: 2009-10
Cathetan sikil
[besut | besut sumber]| Artikel pemain bal-balan iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |