Asem asetat

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Asam asetat)
Barkas:Asem cuka.jpg
asem asetat
Asam asetat
Informasi
Nama sistematis Asam etanoat
Asam asetat
Nama alternatif Asam metanakarboksilat
Asetil hidroksida (AcOH)
Hidrogen asetat (HAc)
Asam cuka
Rumus molekul CH3COOH
Massa molar 60.05 g/mol
Densitas dan fase 1.049 g cm−3, cuwèran
1.266 g cm−3, padatan
Titik lebur 16.5 °C (289.6 ± 0.5 K) (61.6 °F)[1]
Titik didih 118.1 °C (391.2 ± 0.6 K) (244.5 °F)[1]
Penampilan Cairan tak berwarna atau kristal
Keasaman (pKa) 4.76 padha 25 °C

Asam asetat (asem etanot) utawa asem cuka ya iku senyawa kimia asem organik kang dikenal minangka bahan kang bisa mènèhi rasa kecut lan aroma ing salebeté panganan. Asam cuka duwé rumus èmpiris C2H4O2.[2] Rumus iki kerep ditulis ing wujud CH3-COOH. Asem asetat murni (karan asem asetat glasial) ya iku cuwèran higroskopis kang ora duwèni warna, lan duwèni titik beku 16.7C. Asam asetat wujud salah sijiné asem karbosilat kang paling prasaja, sak wisé asem format. Larutan asem asetat sajeroning banyu wujud salah sijiné asem lemah, artiné namung terdisosiasi minangka ion H+ lan CH3COO. Asam asetat wujud pereaksi kimia lan bahan baku indhustri wigati. Asam asetat digunakaké sajeroning produksi polimer kaya ta polietilena tereftalat, solusaasetat, utawa warna-warna serat lan gombal. Sajeroning produksi panganan, asem asetat digunakaké minangka ngatur rasa kecut. Ing omah-omah asem asetat èncèr uga kerep digunakaké minangka pelunak banyu. sajeroning setahun, kebutuhan donya déning asem asetat nganti 6,5 juta ton pertaun. 1,5 juta ton pertaun dihasilak ésaka daur ualang, turahané diasilaké saka indhustri petrokimia utawa sumber hayati.[3]

Jeneng[besut | besut sumber]

Asam asetat wujud jeneng trivial utawa jeneng dagang saka senyawa iki, lan wujud jeneng kang paling kaprayogakaké déning IUPAC. jeneng iki asalé saka tembung Latin acetum, kang artiné cuka. jeneng sistematis saka senyawa iki ya iku asem etanot. Asam aseta glasial wujud jeneng trivial kang ngrujuk ing asem asetat kang ora kecampur banyu. Disebut kaya mangkono amarga asem asetat bébas saka banyu maujud kristal kaya es ing 16.7 C, sithik saka suhu ruwang. Singkatan kang paling kerep digunakaké ya iku AcOH utawa HOaC kang ngendi Ac ya iku gugus asetil, CH3-C(=0)-. Ing konteks asem-basa, asem asetat uga kerep disingkat HAc, sanajan akèh kang nganggep singkatan iki ora bener. Ac uga ora olèh disalah artekakè kanti lambang unsur Aktinium (Ac).[2]

Keasaman[besut | besut sumber]

Atom hidrogen (H) ing gugus karboksil (-COOH) sajeroning asem karbosilat kaya ta asem asetat bisa diculaké minangka ion H+ (proton), sahéngga meènèhi sipat asem. Asam asetat ya iku asem monoprotik kanti aji pKa=4.8. Basa konjungsiné ya iku asetat (CH3OO-). Salah sijiné larutan 1.0 M asem asetat (kira-kira padha karo kosentarsi ing cuka omah) duwé pH kira-kira 2.4.[2]

Dimer siklis[besut | besut sumber]

Struktur kristal asem asetat nuduhaké yèn molekul-molekul asem asetat berpasangan maujud dimer kang dihubungaké karo ikatan hidrogen. Dimer uga bisa didetèksi ing uwab ing suhu 120 C. Dimer uga kedadéan ing larutan èncèr ing sajeroning pelerut kang ora pasangan karo hidrogen, lan kadang-kadang ing cuwèran asem asetat murni. Dimer dirusak karo anané pelarut kang ana kaitané karo hidrogen kaya ta banyu. Entalpi disosiasi dimer mau dikira-kira 65.0-66.0 kJ/mol, entropi disosiasi sakiwa-tengené 154–157 J mol–1 K–1 sipat dimerisasi iki uga diduwèni déning asem karbosilat prasaja liyané.[2]

Reaksi-reaksi Kimia[besut | besut sumber]

asem asetat sipate korosif tumprape logam kayat wesi, magnesium, lan seng, mbentu [[gas hidrogen lan uyah asetat (diarani logam asetat). Logam asett uga diéntuki kanti réaksi asem asetat karo salah sijiné basa kang cocog. Conto kang kaloka ya iku reaksi soda roti (Natrium bikarbonat) bereaksi karo cuka. conto reaksi pambéntukan uyah asetat: Mg(s) + 2 CH3COOH(aq) → (CH3COO)2Mg(aq) + H2(g) NaHCO3(s) + CH3COOH(aq) → CH3COONa(aq) + CO2(g) + H2O(l) Almunium wujud logam kang tahan karo korosi amergaisa mbrntuk lapisan almunium oksida kang bisa nglindungi jabané. Amerga iku, racaké asem asetat diangkud kanti tèngki-tèngki kang bahané saka almunium.[2]

Asam asetat ngalami reaksi-reaksi asem karbosilat, kayat ngasilaké uyah asetat yèn beréaksi karo alkali, ngasélaké logam etanoat yèn beréaksi karo logam, lan ngasélaké logam etanoat, banyu lan karbondioksida yèn bereaksi karo uyah karbonat utawa bikarbonat. Raksi organik kang paling kaloka saka asem asetat ya iku pambéntukan etanol ngléwati reduksi, pambéntukan turunan asem karbosilat kayat asetil klorida utawa anhidrida asetat ngléwati subtitusi nukleofilik. Anhidrida asetat kawujud ngléwati kondensasi rong (2) molekul asem asetat. Ester saka asem asetat is dipikoleh léwat reaksi esterifikasi Fischer, lan uga pambéntukan amida. Ing suhu 440 °C, asem asetat terurai dadi metana lan karbon dioksida, utawa etana lan banyu.[2]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. a b "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2004-11-17. Dibukak ing 2012-10-22.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  2. a b c d e f [1], (Kaunduh 22/10/12).
  3. [2], Kaunduh 22/10/12.