Menyang kontèn

An-Nasa'i

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Al-Nasa'i
Lair214 H (kira-kira 829 M)
Nasā, saiki Turkmenistan[1]
Pati303 H (915 M)
Ramla utawa Mekkah
BangsaPersia
Pakaryanscholar
Karya kondhangAl-Sunan al-Sughra

Imam Nasa'i ya iku sawijining perawi hadist kang kawentar kanthi kitabé ya iku al-Mujtaba’. Jeneng jangkepé Imam al-Nasa’i ya iku Abu Abd al-Rahman Ahmad bin Ali bin Syuaib bin Ali bin Sinan bin Bahr al-khurasani al-Qadi. Lair ing Nasa’ taun 215 H. Dhèwèké dinisbahaké marang laladan Nasa’ (al-Nasa’i), laladan kang dadi seksi bisu lairé ahli hadis kaya dhèwèké kang kasil nyusun kitab monumèntal sajeroning kajian hadis, ya iku al-Mujtaba’ kang banjur mau kanthi jeneng Sunan al-Nasa’i.[2]

Dhèwèké duwé pawakan gagah, warna kulité abang lan seneng nganggo klambi garis-garis gawéan Yaman. Dhèwèké seneng ngibadah uga mèlu perang bareng-bareng karo Gubernur Mesir. Dhèwèké ora mung ahli lan apal Hadits, ngertèni perawi lan kalemahan kalemahan Hadits kang diriwayataké, nanging uga ahli fiqih kang wawasané jembar. Dhèwèké manut madzhab Syafi'i lan duwé kitab manasik kang ditulis dhedhasar madzhab Syafi'i Rohimahulloh.[3]

An Nasa`i praupané ganteng, resik lan seger, kaya kasorot lampu. dhèwèké iku wong kang karismatik lan anteng, penampilané apik. Kaanan mau amarga dhèwèké tansah ngimbangi awaké saka segi panganan, sandhangan, lan kasenangan, ngombé sari buah kang halal lan akèh mangan iwak pitik.[4]

Pendhidhikan

[besut | besut sumber]

Imam Nasa'i gedhé ing tlatah Nasa’. Dhèwèké apal al-Qur’an ing Madrasah kang ana ing dhesane. Dhèwèké uga éntuk ngèlmu agama saka ulama-ulama ing laladane. Nalika rumaja, dhèwèké wiwit seneng lumaku-lumaku kanggo nliti ngèlmu ing pirang-pirang nagara sajeroning donya kanggo mburu ngèlmu agama, mligi ngèlmu hadis.[5]

Durung genep 15 taun, dhèwèké wis lungan tekan Mesir, Hijaz, Iraq, Syam, Khurasan lan liya-liyané. Nglakoni perdalanan sakawit cilik kaya mangkono wis dadi ciri kas ulama-ulama hadis, kalebu Imam al-Nasa’i. Kacerdhasan intelektuale Imam al-Nasa’i uga sansaya tambah lan mateng saksuwene ing perdalanane.[5]

Guru dan murid

[besut | besut sumber]

Kaya Imam al-Bukhari, Imam Muslim, Imam Abu Dawud, lan Imam al-Tirmidzi, Imam al-Nasa’i uga duwé guru lan murid akèh. Guru-guruné antarané: Qutaibah bin Sa’id, Ishaq bin Ibrahim, Ishaq bin Rahawaih, al-Harits bin Miskin, Ali bin Kasyram, Imam Abu Dawud (kang nggawe Sunan Abi Dawud), sarta Imam Abu Isa at-Tirmidzi (kang nggawe al-Jami’/Sunan a-Tirmidzi).[6]

Sakwetara murid-murid ya iku; Abu al-Qasim at-Thabarani (kang nggawe kitab Mu’jam), Abu Ja’far at-Thahawi, al-Hasan bin al-Khadir as-Suyuti, Muhammad bin Muawiyah bin al-Ahmar al-Andalusi, Abu Nashr al-Dalaby, lan Abu Bakrbin Ahmad al-Sunni.[6]

Miturut katrangan saka Imam Ibn al-Atsir al-Jazairi sajeroning kitab Jami al-Ushul, kitab iki disusun saka fiqh madahab Syafi’i.[4]

Kitab al-Mujtaba

[besut | besut sumber]

Karyane Imam al-Nasa’i kang paling monumental ya iku Sunan an-Nasa’i. Sakbenere, manawa ditlusuri luwih jero, kanggo mènèhi jeneng Sunan al-Nasa’i ngliwai prosès kang dawa, saka al-Sunan al-Kubra, al-Sunan al-Sughra, al-Mujtaba, lan terakhir kanthi jeneng Sunan al-Nasa’i.[2]

Kanggo sepisanan, sadurungé dijenengi Sunan al-Nasa’i, kitab iki misuwur al-Sunan al-Kubra. Sawisé rampung nulis kitab iki, dhèwèké banjur menehake kitab iki marang Amir Ramlah (Walikota Ramlah) kanggo tandha kinurmatan. Amir banjur takon marang al-Nasa’i, “Apa kitab iki kabèh isiné hadis shahih?” Dhèwèké njawab kanthi jujur, “Wonten ingkang shahih, hasan, lan ugi wonten ingkang persis”.[5]

Banjur Amir takon manèh, “Manawa mangkono, mula dipisahana hadis kang shahih-shahih waé”. Saka panjaluke Amir, dhèwèké banjur milihi kabèh hadis kang nan ing sajeroning kitab al-Sunan al-Kubra. Akhire dhèwèké kasil ngringkes al-Sunan al-Kubra, saéngga dadi al-Sunan al-Sughra.[5]

Imam al-Nasa’i banget tlitine sajeroning nliti hadis-hadis kyang ana ing kitab kapisan. Mula akèh komentar saka ulama manawa “kitab al-Sunan al-Sughra ing sangisoré drajat Shahih Bukhari lan Shahih Muslim. Rong kitab terakhir, mung sithik hadis dhaif ing jerone”. Amarga hadis-hadis kang ana ing al-Sunan al-Sughra ya iku hadis-hadis pilihan kang wis ditliti, mula kitab iki uga dijenengi al-Mujtaba. Al-Mujtaba padha karo al-Maukhtar (kang kepilih), amarga kitab iki isiné hadis-hadis pilihan saka kitab al-Sunan al-Kubra.[2]

Komentar Ulama

[besut | besut sumber]

Imam al-Nasa’i ya iku wong kang tliti sajeroning nliti lan milih periwayat hadis. Dhèwèké uga ngukuhaké syarat-syarat sajeroning prosès milihi hadis-hadis kang ditampa. Abu Ali al-Naisapuri naté ngendika, “Wong kang ngriwayatke hadis kanggo kita ya iku sawijining imam hadis kang wis diakoni ening para ulama, dhèwèké ya iku Abu Abd al Rahman al-Nasa’i.”[4]

Imam al-Naisapuri uga ngendika, “Syarat-syarat kang dikukuhaké al-Nasa’i sajeroning mbiji para periwayat hadis luwih ketat lan keras ketimbang syarat-syarat kang digunakaké Muslim bin al-Hajjaj.” Ulama lumrahé luwih ngunggulake ketate penilaian Imam Muslim bin al-Hajjaj ketimbang al-Nasa’i. Komentar mayoritas ulama iki kang ndadèkaké Imam Muslim dadi nimpuna hadis nomer loro sawisé al-Bukhari.[5]

Ad-Daruquthni naté ngendika manawa dhèwèké salah sawijining Syaikh ing Mesir kang paling ahli ing babagan figh lan paling ngerti babagan Hadis lan para rawi. Al-Hakim Abu Abdullah ngendika, “Panemu-panemuné Abu Abd al-Rahman ngenani fikih kang dijupuk saka hadis kakehan kanggo dikaji, sapa kang nyonaoni kitab Sunan al-Nasa’i, dhèwèké bakal kesengsem karo kaendahan ukarane.”[2]

Amarga Imam al-Nasa’i suwi ing Mesir, sakwetara Imam as-Syafi’i uga nyebarake pandangan-pandangan fiqhe ing Mesir (sawisé pindhah saka Bagdad), mula sanajan ora tau ketemu, amarga al-Nasa’i nembé lair 11 taun sawisé sedone Imam al-Syafi’], tetep ana kemungkinan akèh pandangan fiqh Madzhab Syafi’i kang dianut saka murid-murid Imam as-Syafi’i kang ana ing Mesir. Pandangane fiqh Imam al-Syafi’i luwih kasebar ing Mesir ketimbang ing Baghdad. Mula luwih mbuka peluang Imam al-Nasa’i kanggo rerembugan karo pandangan fiqh Syafi’i, kaya kang dinuga déning Ibn al-Atsir babagan afiliasi madahab fikih al-Nasa’i.

Pandangane Syafi’i ing Mesir iki banjur misuwur kanthi qaul jadid (pandangan anyar).[2]

Setaun sadurungé sedo, dhèwèké pindhah saka Mesir tumuju Damsyik. Ad-Daruqutni lan Abdullah bin Mandah dari Hamzah al-’Uqbi al-Mishri ngendika, dhèwèké ing Makkah lan dikubur ing antarané Shafa lan Marwah.[3]

Sawetara ulama liya, kaya Imam adz-Dzahabi,Ibn Yunus, Abu Ja’far at-Thahawi (murid al-Nasa’i) lan Abu Bakar al-Naqatah ngendika manawa Imam al-Nasa’i sedo ing Ramlah, sawijining laladan ing Palestina. Miturut pendhapat terakhir iki, Imam al-Nasa’i sedo taun 303 H lan dikubur ing Baitul Maqdis, Palestina.[4]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. http://www.uga.edu/islam/hadith.html
  2. a b c d e [1][pranala mati permanèn] Imam Nasa'i (diaksés tanggal 7 September 2011)
  3. a b imam nasa'i Archived 2010-11-02 at the Wayback Machine. Imam Nasa'i (diaksés tanggal 7 September 2011)
  4. a b c d [2] Imam Nasa'i (diaksés tanggal 7 September 2011)
  5. a b c d e [3] Imam Nasa'i (diaksés tanggal 7 September 2011)
  6. a b [4] Imam Nasa'i (diaksés tanggal 7 September 2011)