Menyang kontèn

Akbar Tandjung

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Akbar Tanjung)
Akbar Tanjung
Ketua Dewan Perwakilan Rakyat 12
Linggih
1999  2001
PrésidhènAbdurahman Wahid
Kang sadurungéHarmoko
Linggih
2001  2004
PrésidhènMegawati Soekarnoputri
Kang sawiséAgung Laksono
Mantri Sekretaris Nagara Indonésia ke-6
Linggih
23 Mèi 1998  10 Mèi 1999
PrésidhènBaharuddin Jusuf Habibie
Kang sadurungéSaadilah Mursjid
Kang sawiséMuladi
Mantri Nagara Perumahan Rakyat Républik Indonésia 3
Linggih
17 Maret 1993  21 Mèi 1998
PrésidhènSoeharto
Kang sadurungéSiswono Yudohusodo
Kang sawiséTheo L. Sambuaga
Mantri Nagara Pinianom lan Ulahraga Indonésia ke-5
Linggih
21 Maret 1988  17 Maret 1993
PrésidhènSoeharto
Kang sadurungéAbdul Gafur
Kang sawiséHayono Isman
Rerincèn dhiri
Lair14 Agustus 1945 (umur 80)
Indhonésia Sibolga, Sumatra Lor, Indonésia
AgamaIslam

Akbar Tanjung (lair ing Sibolga, Sumatra Lor, 14 Agustus 1945; umur 80 taun) ya iku pulitikus Indonésia lan uga mantan Ketua DPR-RI.[1]

Pendhidhikan

[besut | besut sumber]

Akbar niti pendidikane ing SR Muhammadiyah, Sorkam (Tapanuli Tengah).[1] Akbar uga sinau ing SD Nasrani, Jalan Seram, Medan (Sumatra lor).[1] Sawisé lulus saka SMP Perguruan Tinggi Cikini (Jakarta), Akbar banjur nerusaké menyang SMA Kolese Kanisius (Jakarta).[1] Akbar lulur saka Fakultas Teknik Universitas Indonésia lan Pascasarjana Dhoktoral Universitas Gadjah Mada.[1]

Organisasi

[besut | besut sumber]

Taun 1966, Akbar dadi aktivis Kesatuan Aksi Mahasiswa Indonésia Universitas Indonésia (KAMI-UI) lan LASKAR AMPERA Arief Rahman Hakim.[1] Taun 1967-1968, Akbar njabat dadi Ketua Senat Mahasiswa Fakultas Teknik Universitas Indonésia.[1] Taun 1968, Akbar aktif ana ing Dewan Mahasiswa Universitas Indonésia lan Majelis Permusyawaratan Mahasiswa Universitas Indonésia.[1] Taun 1969-1970, Akbar njabat dadi Ketua Umum HMI Cabang Jakarta.[1] Taun 1972, Akbar mèlu andil kanggo ngadegaké Forum Komunikasi Organisasi Mahasiswa Ekstra Universiter (GMNI, GMKI, PMKRI, PMII, lan HMI) Kanthi jeneng Golongan Cipayung.[1] Periode taun 1972-1974, Akbar njabat dadi Pengurus Besar HMI.[1]

Ing taun 1973, Akbar mèlu yasa Komite Nasional Pemuda Indonésia utawa disingkat KNPI.[1] Taun 1978, Akbar mèlu yasa Angkatan Muda Pembaruan Indonésia utawa disingkat AMPI, kang banjur njabat dadi Ketua Dewan Pimpinan Pusat AMPI (1978-1980).[1] Taun 1983-1988, Akbar njabat dadi Wakil Sekretaris Jenderal Dewan Pimpinan Pusat Parté Golkar.[2] Taun 1988-1993, Akbar dadi anggota Dewan Pembina DPP Golkar.[2] Taun 1993-1998, Akbar njabat dadi Sekretaris Dewan Pembina Golkar. Akbar banjur njabat dadi Ketua Umum Parté Golkar ing periode 1998-2004.[2]

Urip pribadi

[besut | besut sumber]

Akbar ndarbèni bojo siji sing jenengé Krisnina Maharani lan dhèwèké pinaringan putri papat.

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 www.tempo.co[pranala mati permanèn]
  2. 1 2 3 "biografi.rumus.web.id". Diarsip saka sing asli ing 2011-07-09. Dibukak ing 2011-07-02.