Theloderma corticale
| Theloderma corticale | |
|---|---|
| Theloderma corticale | |
| Status konsèrvasi | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Amphibia |
| ordo: | Anura |
| kulawarga: | Rhacophoridae |
| Genus: | Theloderma |
| Species: | T. corticale |
| Jeneng binomial | |
| Theloderma corticale (Boulenger, 1903) |
|
| Sinonim | |
| Rhacophorus corticalis Boulenger, 1903 | |
Theloderma corticale kodhok lumut Vietnam, yaiku spesies kodhok ing kulawarga Rhacophoridae. Kodhog iki ditemokake Vietnam lan Cina.[1] Habitat alame subtropis utawa alas dataran rendah tropis kang lembab, urip ing banyu tawar, lan dhaerah wewatu.[1] Jeneng umum saka kodhok lumut kawiwitan saka kasunyatan yen kulite duweni bintik-bintik ijo lan ireng kaya lelumutan kang urip ing watu, lan bentuke kang efektif kamuflase utawa panyamaran.[1]
Deskripsi [sunting]
Jeneng kodhok lumut iki kawiwitan saka anane kasunyatan yen [kulit]] saka kodhok duweni werna ijo lurik-lurik lan coklat kang kaya lumut urip ing dhuwur watu.[2] Kodhok-kodhok mau duweni bantalan pliket kang gedhe padha sikile lan wetenge kang alus.[1] Kaya kodhok-kodhok wit liyane, padha karo kodhok [[wadon] jinis iki ngrembakane luwih gedhe tinimbang kodhok lanang.[1] Nalika kodhok iki ngrembaka, gedhene awak bisa ngancik 7-8 cm.[1] Kodhok lumut iki yaiku panganane serangga kayata jangkrik, walang, coro, cacing, lan laler.[3]
Cathetan suku [sunting]
- ^ a b c d e f (en) http://www.pollywog.co.uk/care-sheets-and-gallery/theloderma-corticale.html, Tillson-Willis 2008.]Diundhuh tanggal 12 Juni 2010
- ^ Caldwell, J.P. (1996). "The evolution of myrmecophagy and its correlates in poison frogs (Family Dendrobatidae).". Journal of Zoology 240: 75–101.
- ^ Zweifel, Robert G. (1998). Cogger, H.G. & Zweifel, R.G.. ed. Encyclopedia of Reptiles and Amphibians. San Diego: Academic Press. pp. 95–97. ISBN 0-12-178560-2.
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.