Piscis Austrinus
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 70 dinten 355 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| PISCIS AUSTRINUS | |
|---|---|
Daftar lintang ing Piscis Austrinus |
|
| Cekakan | PsA |
| Genitif | Piscis Austrini |
| Asensio rekta | 22 |
| Deklinasi | −30 |
| Area | 245 derajad pesagi (#60th) |
| Lintang utama | 7 |
| Lintang Bayer/Flamsteed |
21 |
| Lintang mawa planèt |
3 |
| Lintang padhang | 1 |
| Lintang cedhak | 3 |
| Lintang paling padhang | Fomalhaut (α PsA) (1.16m) |
| Lintang paling cedhak | Lacaille 9352 ( tc) |
| Obyèk Messier | 0 |
| Udan météor | ? |
| Rasi lintang sing wewatesan |
Capricornus Microscopium Grus Sculptor Aquarius |
| Katon antara lintang +55° lan −90°. Katon paling cetha ing wektu 21.00 jroning sasi October. ' |
|
Piscis Austrinus (ugi dipunmangertosi kanthi sebatan Piscis Australis) inggih punika salah satunggaling rasi lintang ingkang mapan wonten ing belahan langit sisih kidul. Punika inggih nama Latin saking "iwak ing sisih kidul]]", ingkang minangka kosok wangsulanipun saking konstélasi ingkang langkung ageng inggih punika konstelasi Pisces, ingkang nggambaraken sak pasang iwak. Mlebet wonten ing abad kaping 20, rasi lintang punika ugi misuwur kanthi sebatan Piscis Notius. Punika inggih lintang ingkang padhangipun langkung saking 4 magnitudo, mliginipun inggih punika lintang Fomahault ingkang minangka lintang sepisanan ingkang ageng lan minangka lintang ingkang paling padhang kaping 18 ing langit dalu. Piscis Austrinus inggih punika salah satunggal saking 48 konstelasi ingkang dipundhaptar dening astronom Ptolemy ing abad kaping kalih, lan punika ugi kalebet wonten ing 88 rasi lintang modern. Lintang - lintang wonten ing konstelasi modern, inggih punika konstelasi Grus, inggih dipunbentuk saking bageyan konstelasi Piscis Austrinus. Ing taun 1597 utawi 1598, Petrus Plancius misah konstelasi punika lan paring nama lintang kasebut sasampunipun dipundherek. Ing mitos Yunani, rasi lintang punika dipunmangertosi minangka satunggaling iwak ingkang ageng lan punika dipungambaraken minangka satunggaling iwak ingkang nembe ngombe toya ingkang dipunparingi déning rasi lintang Aquarius, satunggaling konstelasi ingkang mbeto toya. Kalih iwak saking rasi Pisces dipunsebat minangka turunan saking owak ageng. Wonten ing mitos Mesir, iwak punika ingkang nylametaken pagesanganipun dewi Mesir, Isis, dados piyambakipun mapanaken iwak punika lan turunanipun wonten ing langit minangka rasi lintang.[1]
Bab lan Paragraf |
Titikanipun [sunting]
Piscis Austrinus inggih punika salah satunggaling rasi lintang ingkang dipunkiteri déning Capriconus wonten ing lor radi kulon, Microscopium wonten ing kulon radi kidul, rasi lintang Grus wonten ing sisih kidul, rasi lintang Sculptor wonten ing sisih wetan, lan rasi lintang aquarius wonten ing sisih lor. Tigang aksara ingkang dipunandharaken kanggé nyekak rasi lontang punika, ingkang dipunpendhet saking International Astronomical Union ing taun 1922, inggih punika 'PsA'.[2] Wates- watesaning rasi lintang ingkang resmi, kados ingkang dipuntemtokaken déning Eugène Delporte ing taun 1930, inggih dipungambaraken dening wujud poligon saking sekawan bageyan. Wonten ing sistem koordinat khatuistiwa, koordinat watesanipun ingkang pas wonten ing garis minggah mapan wonten ing 21j 27.3m lan 23j 06.5m, kanthi deklinasinipun ing koordinat antawisipun -24.83° lan -36.46°.[3]
Wujud lintang [sunting]
Fomalhaut ingkang tradhisional nggambaraken cangkemipun iwak. Fomahaul b ingkang minangka pendhampingipun dipunanggep dados ekstrasolar planet ingakng sepisanan ingkang sampun nate kedheteksi kanthi teleskop Hublle Space. TW Piscis Austrini saged dipuntingali kanthi caket lan mbok bilih punika gayut kaliyan Fomahault amargi mapan wonten ing setunggal taun cahya ingkang sami, kanthi magnitudo 6,5, punika miturut variabel Draconis. Rasi lintang Pices Austrinus punika gadhah area ingkang ambanipun 245 drajat persegi lan ngewrat tigang lintang ingkang dipunmangertosi minangka planet - planet. Rasi lintang punika saged dipuntingali ing garis lintang antawisipun +55° lan -90°, lan paling sae dipuntingali ing pukul 9 dalu ing salebeting sasi Oktober.[4]
Lintang - lintang [sunting]
Piscis Austrinus kalebet setunggal kulawarga kaliyan rasi lintang Heacenly Waters sesarengan kaliyan rasi lintang Delphinus, Equuleus, Eridanus, Carina, Puppis, Vela, Pyxis lan Columba. Rasi lintang sanesipun ingkang ngiteri rasi lintang Piscis Austrinus inggih punika rasi lintang Capricornus, Microscopium, Grus, Sculptor lan Aquarius.
Cathetan Suku [sunting]
- ^ Condos, Theony; Eratosthenes; Hyginus (1997). Star myths of the Greeks and Romans: a sourcebook containing the Constellations of Pseudo-Eratosthenes and the Poetic astronomy of Hyginus. Red Wheel/Weiser. pp. 163–164. ISBN 1-890482-93-5.
- ^ Russell, Henry Norris (1922). "The new international symbols for the constellations". Popular Astronomy 30: 469. Bibcode 1922PA.....30..469R.
- ^ Cithakan:Cite document
- ^ Piscis Austrinus(dipunundhuh tanggal 14 Pebruari 2013)