Capricornus
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| CAPRICORNUS | |
|---|---|
Daftar lintang ing Capricornus |
|
| Cekakan | Cap |
| Genitif | Capricorni |
| Simbolisme | Wedhus Laut |
| Asensio rekta | 21 |
| Deklinasi | −20 |
| Area | 414 derajad pesagi (#40) |
| Lintang utama | 9, 13 |
| Lintang Bayer/Flamsteed |
49 |
| Lintang mawa planèt |
1 |
| Lintang padhang | 1 |
| Lintang cedhak | 4 |
| Lintang paling padhang | δ Cap (Deneb Algedi) (3.0m) |
| Lintang paling cedhak | LP 816-060 (17.9 tc) |
| Obyèk Messier | 1 |
| Udan météor | Alpha Capricornids Chi Capricornids Sigma Capricornids Tau Capricornids Capricorniden-Sagittariids |
| Rasi lintang sing wewatesan |
Aquarius Aquila Sagittarius Microscopium Piscis Austrinus |
| Katon antara lintang +60° LU° lan −90°. Katon paling cetha ing wektu 21.00 jroning sasi September. ' |
|
Capricornus iku salah siji saka rasi lintang zodiak. Biasané dikenal minangka Capricorn, khususé jroning astrologi. Rasi iki nglambangaké wedhus mawa sungu, senadyan akèh sing ngarani wedhus segara. Capricornus iku salah siji saka 88 rasi lintang modhèrn, lan uga siji saka 48 rasi lintang sing didaftar déning Ptolemy. Jroning wates rasi lintang modhèrn, rasi iki dikubengi déning Aquila, Sagittarius, Microscopium, Piscis Austrinus lan Aquarius.
Jroning Zodiak, individu sing nduwèni lintang Capricorn, lahir ing tanggal 22 Desember nganti tanggal 19 Januari, nalika srengéngé ana ing lintang Capricorn.
Daftar lintang [sunting]
Lintang-lintang sing ana ing rasi iki antara liya :
| jeneng | mag | adoh (taun cahya) | kondisi | jeneng liya | asal basa | makna |
|---|---|---|---|---|---|---|
| δ Cap | 2.85 | 39 | sistem papat lintang | Deneb Algiedi, Scheddi | Arab | buntut sang wedhus |
| β Cap | 3.05 | 344 | sistem akèh lintang | Dabih | Arab | tukang daging |
| α2Cap | 3.58 | 109 | Algedi Secunda, Secunda Giedi | Arab | wedhus bandot (sing kaloro) | |
| γ Cap | 3.69 | 139 | Nashira | Arab | penghambat warta apik | |
| ζ Cap | 3.77 | 398 | lintang gandha | Marakk | Arab | bangkèkan sang wedhus |
| θ Cap | 4.08 | 158 | Dorsum | Latin | bagean mburi sang wedhus | |
| ω Cap | 4.12 | 628 | Baten Algiedi | Arab | weteng sang wedhus | |
| ψ Cap | 4.13 | 48 | Pazan, Pazhan | Persia | wedhus gunung liar | |
| α1 Cap | 4.30 | 686 | lintang gandha | Algedi Prima, Prima Giedi | Arab | wedhus bandhot (sing pisanan) |
| ε Cap | 4.51 | 663 | sistem telu lintang | Castra, Kastra | Latin | benteng |
| ν Cap | 4.77 | 272 | lintang gandha | Alshat | Arab | unta wadon |
| ρ Cap | 4.77 | 99 | lintang gandha | Bos | Latin | banteng[1] |
| η Cap | 4.82 | 158 | lintang gandha | Armus | Latin | |
| π Cap | 5.08 | 665 | Okul, Oculus[2] | Latin | mata sang wedhus[2] |
Deleng uga [sunting]
Daftar lintang ing rasi Capricornus
Referensi [sunting]
|
|||||
|
|||||