Vela
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 71 dinten 1315 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| VELA | |
|---|---|
Daftar lintang ing Vela |
|
| Cekakan | Vel |
| Genitif | Velorum |
| Asensio rekta | 9 |
| Deklinasi | −50 |
| Area | 500 derajad pesagi (#32nd) |
| Lintang utama | 5 |
| Lintang Bayer/Flamsteed |
50 |
| Lintang mawa planèt |
7 |
| Lintang padhang | 5 |
| Lintang cedhak | 2 |
| Lintang paling padhang | γ Vel (1.75m) |
| Lintang paling cedhak | Gliese 367 ( tc) |
| Obyèk Messier | 0 |
| Udan météor | Delta Velids Gamma Velids Puppid-velids |
| Rasi lintang sing wewatesan |
Antlia Pyxis Puppis Carina Centaurus |
| Katon antara lintang +30° lan −90°. Katon paling cetha ing wektu 21.00 jroning sasi March. ' |
|
Vela inggih punika satunggaling konstelasi ingkang wonten ing belahan bumi sisih kidul. Nama Latin saking Vela inggih punika "sails".[1] Lintang vela inggih dipunginakaken kanggé bagéyan saking satunggaling konstelasi ingakng ageng, inggih punika, Argo Navis, ingkang namanipun dipunpendhet saking nelayan Argonauts sasampunipun ngadani ekspedisi dhateng Golden Fleece. Argo Navis dipun bagi malih déning International Astronomical Union dhateng tigang bageyan konstelasi inggih punika Carina (the keel), Puppis (the stern), lan Vela (the sails). Sebatan kanggé vela ingkang minangka satunggaling lintang ugi boten ewah, ingkang punika njalari Vela boten gadhah lintang ingkang dipuntedahaken dening alpha utawi beta Velorum. Konstelasi Vela inggih salah satunggaling bidhang ingkang endah ingkang mapan wonten ing sak kiduling galaksi Bima Sakti. Lintan punika mapan wonten ing pinggiring rasi ingkang nonjol sanget inggih punika rasi Centaurus lan Carina.[2]
Titikanipun [sunting]
Konstelasi Vela gadha area ingkang ambanipun kirang langkung 500 persegi derajat lan ngewrat sekawan lintang ingkang dipunmangertosi minangka satunggaling planet. Konstelasi vela saged dipun tingali ing latitude ing antawisipun +30° lan -90° lan paling sae dipun tingali ing wekdal jam 9 dalu ing salebting sasi Maret.[3] Lintang ingkang paling padhang ing konstelasi Vela inggih punika [8597]-[8581] gamma Velorum, ingkang dipunmangertosi ugi minangka Regor (asalipun inggih saking "Roger" sasampunipun astronot Roger Chaffee) lan Suhail utawi Suhail al Muhlif (("the glorious star of the oath"). Gamma Velorum ugi gadhah nama cekak inggih punika Spectral Gem saking langit kidul amargi mancaraken garis padhang sanes garis ingkang nyerep peteng, ingkang ngasilaken satunggaling spektrum ingkang ketingal sae sanget. Gamma Velorum seajtosipun inggih satunggaling sistem lintang ganda ingkang kaperang saking paling sekedhik enem lintang cacahipun. Lintang ingkang paling padhang, salah satunggalipun inggih punika [8581] gamma-2 Velorum, satunggaling lintang spectroscopic binary ingkang ngewrat raksasa super biru lan lintang ingkang paling awrat inggih punika Wolf - Rayet sampun nate dpunpanggihaken. Lintang ing celakipun ingkang paling caket inggih punika [8597] gamma-1 Velorum, inggih punika satunggaling lintang ingkang padhang, sub raksasa biru - pethak. Gamma Velorum gadhah magnitude ingkan cetha inggih punika 1,78 lan tebihipun kirang langkung 800 taun cahya. 8582 delta Velorum, inggih punika lintang ingkang paling padhang nomer kalih, inggih punika sistem gandha sanesipun. Lintang punika dipunbentuk saking kalih lintang binary. Komponen ingkang paling wigatinipun inggih punika kurcaci pethak ingkang dipunampingi kaliyan satunggaling lintang ingkang mbeleret, wondene kalih pasang kasebat gadhah magnitude 11 lan 13. Delta Velorum mapan wonten ing satunggaling papan ingkang tebihipun kirang langkung 79, 7 taun cahya saking bumi.
Cathetan Suku [sunting]
- Levy, David H. (2005), Deep Sky Objects, Prometheus Books, ISBN 1-59102-361-0
- Ian Ridpath and Wil Tirion (2007). Stars and Planets Guide, Collins, London. ISBN 978-0-00-725120-9. Princeton University Press, Princeton. ISBN 978-0-691-13556-4.
- Richard Hinckley Allen, Star Names, Their Lore and Legend, New York, Dover, various dates.
Cithakan:Stars of Vela Cithakan:Navconstel Cithakan:Commons and category Cithakan:Sky