Masjid Raya Pekanbaru
Masjid Raya Pekanbaru
| Masjid Raya Pekanbaru | |
| Informasi dhasar | |
|---|---|
| Dunung | Pekanbaru, Riau, Indonésia |
| Afiliasi agama | Islam |
| Dhèskripsi arsitèktur | |
| Jinis arsitèktur | Masjid |
| Spesifikasi | |
| Kubah | segi telu, cacaé 3, tahun 1762 |
Masjid Raya Pekanbaru iku salah sijiné masjid kang dumunung ing kutha Riau. Masjid Raya Pekanbaru dimadegake ing abad 18 (wolulas) ± taun 1762 lan kagolong masjid kang paling tua ing pekanbaru.Masjid kang ana ing dalan senapelan iki nduweni arsitektur kuno.Masjid kang paninggalané krajaan Siak Sri Indraura kang nduweni tahta ing pekanbaru (senapelan) ing mangsa Sultan Abdul Jalil Alamuddin Syah kang dadi sultan kaping 4 (papat) banjur diterusake ingmangsa Sultan Muhammad Ali Abdul Jalil Muazzam Syah kang dianggkat dadi Sultan siak kaping lima.
Sajarah [sunting]
Sajarah riau ing taun 1762 ing mangsa Sultan Abdul Jalil Alamuddin Syah mboyong krajaan siak sri Indrapura saka Mempura Besar ing gunung Senapelan (ing saiki kasebut kampung bukit).Wis dadi adat ing mangsa raja-raja melayu mboyong krajaan lan mbangun istana raja , balai rapat lan masjid.Ketelu bangunan iku wangun dibangun kanggo lambang utawa simbol kekonconan pamerintah adat lan ulama/agama.ing mangsa iku asring kasebut karan jeneng Tali Terpilin Tiga (tali kang ndhuweni plintiran telu).