Kragujevac
| Kutha Kragujevac Град Крагујевац |
|||
|---|---|---|---|
|
|||
| Coordinates: 43°59′N 20°53′E / 43.983°N 20.883°E | |||
| Negara | Serbia | ||
| Distrik | Šumadija | ||
| Munisipalitas | 5 | ||
| Diadegaké | 1476 | ||
| Pamaréntahan | |||
| • Walikutha | Veroljub Stevanović | ||
| • Partai sing kuwasa | G17+-Together for Kragujevac/FES/SPS-PUPS-US | ||
| Wewengkon | |||
| • Total | 835 km2 (322 sq mi) | ||
| Populasi (2002)[1][2] | |||
| • Total | 180,252 | ||
| • Kapadhetan | 215,87/km2 (559,10/sq mi) | ||
| Zona wektu | CET (UTC+1) | ||
| • Summer (DST) | CEST (UTC0) | ||
| Kodhe pos | 34000 | ||
| Kodhe tilpun | (+381) 34 | ||
| Car plates | KG | ||
| Website | City of Kragujevac | ||
Kragujevac (basa Serbia Abjad Sirilik Serbia: Крагујевац,
rungokaké) kuwi kutha ing Serbia, kutha paling gedhé ing region Šumadija lan minangka pusat administratif saka Distrik Šumadija. Kutha iki minangka kutha paling gedhé nomer papat ing Serbia sawisé Beograd, Novi Sad lan Niš. Karagujevac dumunung ing pinggir Kali Lepenica. Kragujevac misuwur kanthi anané pabrik gaman, amunisi lan montor Zastava, kang mrodhuksi montor mèrek Yugo, Florida, Zastava 10 (Punto, kanthi lisènsi saka Fiat) lan mèrek Skala.
Kutha Kragujevac diadegaké ing taun 1476. Universitas pisanan ing negara Serbia nalika nembé mardika saliyané Great Academy ing kutha Beograd) wis ana ing Kragujevac taun 1838, samana uga sekolah lanjutan grammar school pisanan (Gimnazija), Printworks (kaloroné ing taun1833), téater nasiona (1835) lan Akademi Militer (1837). Universitas Kragujevac diadegaké ing taun 1976 uga dumunung ing kutha iki. Jroning periode taun 1818 nganti taun 1839, Kragujevac dadi ibukutha Principality Serbia, jroning kakuwasan Pangèran Serbia Miloš Obrenović.
Bab lan Paragraf |
Jeneng [sunting]
Jeneng kutha iki asalé saka tembung basa Serbia "kraguj", kang tegesé jeneng sawijining manuk élang pamburu, dadi maknané "panggonané kragujs". Ing basa Turki, kutha iki diarani Alacahisar.
Sajarah [sunting]
Kragujevac wiwitan disebut ing jaman tengahan kang magepokan karo anané taman umum kang dibangun ing pamukiman, lan katulis pisanan ana ing Tapu-Defter Turki ing taun 1476. Luwih saka 200 situs arkéologi ing Šumadija mbuktèkaké yèn pamukiman manungsa pisanan wis ana wiwit 40,000 taun kapungkur, nalika jaman Paleolithic. Sajarah Kragujevac luwih tuwa tinimbang ibukutha Serbia, Beograd. Kragujevac ngalami akèh prastawa sajarah kang ngandhut korban. Prastawa pisanan kasebut ing sawijining dokumen Turki saka abad ka-15 minangka désa Kragujevda (village of Kragujevdza) (jenengé asal saka jeneng manuk griffin - "kraguj" ing basa Serbia); Kutha iki dumunung ing simpangan dalan. Awit saka dunungé, kutha iki wis rusak makaping-kaping lan akèh korban jiwa jroning paperangan kang ana ing sajarah. Tlatah iki wiwit makmur sawisé pambébasan saka Turki déning Serbia ing taun1818, nalika Pangèran Miloš Obrenović mroklamasèkaké Kragujevac minangka ibukutha negara Serbia. Konstitusi Serbia kang pisanan dikumandhangaké ing papan iki ing taun1835 lan gagasana pisanan bab sistem dhémokrasi kanthi calon indhepèndhen. Hukum pisanan bab cithakan media/press dilolosaké ing Kragujevac ing taun 1870. Kragujevac, minangka ibukutha, tuwuh lan dadi kutha modhèren, progresif, bébas wicara niru kutha-kutha ibukutha ing Eropah liyané wektu kuwi.
Munisipalitas [sunting]
Kutha Kragujevac dipérang dadi sawetara munisipalitas yakuwi:
- Aerodrom
- Pivara
- Stanovo
- Stari Grad
- Stragari
Pamukiman [sunting]
Daftar pamukiman ing munisipalitas Kragujevac:
|
|
|
Demografi [sunting]
Klompok ètnik ing Kragujevac miturut sensus taun 2002 :
| Klompok Ètnik (Sensus taun 2002) | |||||||||||||
| Klompok Ètnik | Populasi | ||||||||||||
|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
| Serbs | 168,916 | ||||||||||||
| Montenegrins | 1,231 | ||||||||||||
| Roma | 1,154 | ||||||||||||
| Yugoslavs | 401 | ||||||||||||
| Makedonia (klompok ètnik) | 326 | ||||||||||||
| Croats | 204 | ||||||||||||
| Muslims by nationality | 151 | ||||||||||||
| Others | 3,197 | ||||||||||||
| TOTAL | 180.252 | ||||||||||||
Pulitik [sunting]
Kursi ing parlemen munisipalitas ing pamilihan lokal taun 2004: [3]
- Bebarengan kanggo Krahujevac (Together for Kragujevac) (28)
- Partai Démokrat (Democratic Party) (18)
- Partai Radikal Serbia (Serbian Radical Party) (13)
- Partai Sosialis Serbi (Socialist Party of Serbia) (8)
- Partai Démokratik Serbia (Democratic Party of Serbia) (6)
- Kanggo kuthaku (For our city) (5)
- Gerakan kakuwatan Serbia (Serbian Strength Movement) (5)
- Serbia anayar (New Serbia) (4)
Wangunan wigati lan monumen [sunting]
Arsitèktur Kragujevac nuduhaké campuran saka loro kaya kang béda-béda -- Turki tradisional (saiki wis mèh ilang) lan gaya ''Vienna Secession'' abad ka-19. Konsèp modèren uga katon ing saindhenging kutha, yakuwi wangun beton paska perang (biasané arupa apartemen kang dibangun kanggo nampung para korban Perang Donya II ), lan kantor-kantor kang dibungkus kaca, nandhakaké aspèk bisnis kang ambisius saka arsitèktur modèren. Sawetara bangunan wigati lan institusi ing Kragujevac antara liya:
- Gréja tuwa Descent of the Holy Spirit dibangun taun 1818, minangka bagéan saka lapangan Prince Miloš. Interioré didhékorasi saka taun 1818 nganti 1822. Sawijining menara loncèng anyar dibangun ing taun 1907.
- Gedhung Parlemen tuwa dibangun ing taman sawijining greja kanggo patemon parlemen kang pisanan ing taun 1859. Akèh prastawa sajarah wigati kang kadadéyan ing papan iki, antara liya verifikasi kaputusan Berlin Congress bab kamardikan Serbia. Sawisé dirékonstruksi ing taun 1992, bangunan iki didadèkaké museum.
- The Amidža Konak kang dibangun déning Pangèran Miloš ing taun 1820 minangka papan pomahan. Bangunan iki minangka salah siji conto arsitèktur regional ing Serbia. Saiki dadi museum nasional.
- Pangèran Mihailo Konak, dibangun ing taun 1860. Arsitèktur campuran anatarané tradisi lokal lan konsè arsitèktur Eropah. Saiki dai museum nasional.
- Sekolah Menengah(Gimnazija) dibangun antara taun 1885 nganti taun 1887 miturut disain saka Kementrèn Ènjiniring Sipil.
- Para turis uga kasengsem marang panorama ing saubengé, kalebu Aranđelovac, Vrnjačka Banja, lan Mataruška Banja, bèntèng Karađorđe, Greja Saint George ing Topola, watara 40 km saka kragujevac, monastri tuwa Kalenić, 55 km saka kana, resort Rogot (28 km) lan Stragari (34 km) kanthi monastri tuwa Blagoveštenje lan Voljavca.
Kutha kembar [sunting]
- Suresnes, Prancis (1967)
- Piteşti, Romania (1971)
- Ohrid, Republik Makedonia (2001)
- Bydgoszcz, Polandia (1971)
- Bielsko-Biała, Polandia (2002)
- Springfield, Ohio, Amérika Sarékat (2002)
- Reggio Emilia, Italia (2004)
- Karlovac, Kroasia
- Mogilev, Belarusia (2006)
Wangun kerjasama liya lan paseduluran kutha kang mèmper program kutha kembar:
- Trenčín, Slowakia
- Carrara, Italia
- Bat Yam, Israel (1992)
- Drama, Yunani
- Hanover, Jerman
- Ingolstadt, Jerman (2003)
- Mostar, Bosnia-Herzegovina
- Foča, Bosnia-Herzegovina
- Opole, Polandia
- Sinchon, Koréa Lor
Media lokal [sunting]
Stasiun Radio [sunting]
|
Stasiun TV [sunting]
|
Koran [sunting]
|
Delengen uga [sunting]
Cathetan [sunting]
- ^ Popis stanovništva, domaćinstava i Stanova 2002. Knjiga 1: Nacionalna ili etnička pripadnost po naseljima. Republika Srbija, Republički zavod za statistiku Beograd 2003. ISBN 86-84443-00-09
- ^ About Kragujevac
- ^ Kragujevac election results (2004)
Galeri [sunting]
-
Kragujevac005.jpg
Kragujevac pedestrian zone
-
Kragujevac - Amidžin Konak.jpg
-
Museum of Genocide in Kragujevac
-
Broken wings monument (also called V3) in Kragujevac
-
Zastava main gate
-
Zastava car factory.jpg
Zastava Factory
-
Central market place
-
Kragujevac - Densely populated density (Centralna Radionica).jpg
Densely populated density
-
Aerodrom.JPG
Night flew over the Aerodrom nest
Pranala njaba [sunting]
- Peta lan foto udara kanggo 43.59, 20.53
- Pemetaan saka Multimap utawa GlobalGuide utawa Google Maps
- Foto saka udara TerraServer
- Gambar satelit saka WikiMapia
- Pemetaan dari OpenStreetMap