Niš
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
| Kutha Niš Град Ниш |
|||
|
|||
| Lokasi Niš ing Serbia | |||
| Coordinates: Cithakan:Geobox coor | |||
|---|---|---|---|
| Negara | |||
| Distrik | Nišava | ||
| Munisipalitas | 5 | ||
| Government | |||
| - Walikutha | Smiljko Kostić (NS) | ||
| - Partai kuwasa | DSS/G17+/NS/SPO/SPS | ||
| Area | |||
| - City | 597 km² (230,5 sq mi) | ||
| Population (2002)[1] | |||
| - City | 255 180 | ||
| - Density | 420/km² (1.087,8/sq mi) | ||
| - Urban | 231 590 | ||
| Time zone | CET (UTC+1) | ||
| - Summer (DST) | CEST (UTC0) | ||
| Kodhe pos | 18000 | ||
| Area code(s) | (+381) 18 | ||
| Plat montor | NI | ||
| Website: www.nis.org.yu | |||
Niš (basa Serbia: Ниш / Niš, IPA: [niːʃ],
rungokaé) kuwi kutha ing Serbia dumunung ing koordinat 43.3° N 21.9° E, ana ing pinggir Kali Nišava. Kanthi pedunung kang cacahé 250,000 jiwa kutha iki minangka kutha paling gedhé ing Serbia Kidul lan kutha paling gedhé nomer telu ing Serbia sawisé Beograd lan Novi Sad. Jembaré kutha iki watara 597 km2, kalebu kutha Niš dhéwé, Niška Banja spa lan 68 tlatah pinggiran (suburb). [[Niš Constantine the Great Airport]] (Аеродром Константин Велики) ing minangka bandhara international ing Niš kanthi kodhe tujuan INI. Niš dadi pusat adminidtrasi ing Distrik Nišava ing Serbia. Dumunung ing simpang dalan antarané Balkan lan dalan-dalan gedhé Eropah, nyambungaké Asia Minor menyang Eropah, Niš dadi salah siji kutha kang paling tuwa ing Balkan, lan wis wiwit jaman kuna dianggep gapura antara Wétan lan Kulon. Niš dadi papan panggonan Greja Serbia kang paling tuwa yakuwi saka abad ka-4 kang dumunung ing dhaérah pinggiran Mediana [1]. Niš uga kawentar minangka panggonan kelairan Konstantin kang Agung, Kaisar Romawi Kristen kapisan lan kang ngadegaké Konstantinopel [2]. Kutha iki uga dadi panggonan klairané loro kaisar Romawi liyané , yakuwi Constantius III lan Justin I.
Niš kuwi sawijining pusat universitas. Ana watara 30,000 mahasiswa ing Universitas Niš, kang duwèni 13 facultas. Niš uga salah siji pusat indhustri kang wigati ing Serbia, pusat indhustri èlèktronika (delengen Elektronska Industrija Niš), indhustri mesin mekanikal, tekstil lan tembako.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Geograpfi lan iklim
Niš dumunung ing koordinat 43°19' lintang lor lan 21°54' bujur wétan, ing lembah Nišava, cedhak papan patemon kali Južna Morava. Ing kutha Niš iki, dalan gedhé saka sisih lor menyang lembah Kali Morava kapecah dadi loro: - arah mangidul, tumuju kutha Thessalonica lan Atena, - lan arah mangétan, tumuju menyang Sofia lan Istambul, lan luwih adoh manèh tumuju menyang tlatah "Wétan Cedhak" (Near East). Tlatah tengah kutha dumunung ana ing elevasi 194m sakdhuwuré segara. Titik kang paling dhuwur yakuwi ing Sokolov kamen (Falcon's rock) ing Gunung Suva Planina (1523m), déné tlatah kang paling cendhèk yakuwi ing Trupale, cedhak sungapan Kali Nišava (173m). Jembar wewengkon kutha yakuwi 596.71 km².
Iklim ing tlatah Niš kuwi arupa iklim sedhengan moderate lan continental, kanthi rata-rata suhu 11.2°C. Sasi Juli minangka sasi kang paling anget jroning sataun, kanthi suhu rata-rata 21.2°C. Sasi kang paling anyep yakuwi sasi Januari, kanthi suhu rata-rata 0.2°C. Rata-rata curah udan taunan yakuwi 567.25 mm/m². The rata-rata barometer 992.74 mb. Ana 123 dina kang mawa udan lan 43 dina mawa salju. Rata-rata kacepetan angin sangisoré 3 Beaufort.
[sunting] Panggonan mawa sajarah
- Skull Tower - Menara kang digawé saka tengkorak wong Serbia.
- Niš Fortress - Bèntèng Turki ing tengah kutha.
- Mediana - Situs arkéologi, vila kakaisaran Romawi.
- Tinkers Alley - Conto arsitèktur asli jaman Ottoman.
- Crveni Krst concentration camp - Kam konsèntrasi kang diwangun déning Jerman ing Perang Donya II.
- Bubanj - Monumen gugré para pejuang Yugoslavia ing Perang Donya II.
[sunting] Kaisar Romawi
Telu kaisar Romawi lair ing kutha iki:
- Constantine I, kang agung, (Flavius Valerius Aurelius Constantinus) -- kuwasa taun 306 nganti 337.
- Constantius III, (Flavius Constantius) -- kuwasa taun 421.
- Justin I, (Flavius Iustinus) -- kuwasa taun 518 nganti 527.
[sunting] Populasi miturut sajarah
- 1900: 24,573
- 1905: 21,946
- 1910: 24,949
- 1921: 28,625
- 1931: 35,465
- 1941: 44,800 (estimate)
- 1948: 49,332 (109,280)*
- 1953: 58,656 (122,100)*
- 1961: 81,250 (148,354)*
- 1971: 127,654 (195,362)*
- 1981: 161,376 (232,563)*
- 1991: 173,250 (245,182)*
- 2002: 173,724 (250,518)*
- 2008: 182,209 (263,478)* (estimate)
()* - populasi mitururt tapel wates kutha saiki.
[sunting] Demografi
Isih ana sawetara pasulayan bab cacahé populasi, awit éwon pangungsi Kosovo kang sacara resmi dudu pedunung kutha iki, nanging manggon ing kana karo kaluwargané.
| Klompok ètnik ing tlatah Munisipal (Sensus 2002) | |||||||||||||
| Klompok ètnis | Populasi | ||||||||||||
|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
| Serbs | 235,657 | ||||||||||||
| Roma | 5,687 | ||||||||||||
| Montenegrins | 846 | ||||||||||||
| Bulgarians | 799 | ||||||||||||
| Macedonians | 715 | ||||||||||||
| Yugoslavs | 664 | ||||||||||||
| Croats | 417 | ||||||||||||
| Others | 5,733 | ||||||||||||
| TOTAL | 250,518 | ||||||||||||
| Klompok ètnik ing tlatah kutha (Sensus 2002) | |||||||||||||
| Klompok ètnis | Populasi | ||||||||||||
|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
| Serbs | 162,380 | ||||||||||||
| Roma | 4,461 | ||||||||||||
| Montenegrins | 747 | ||||||||||||
| Bulgarians | 679 | ||||||||||||
| Macedonians | 715 | ||||||||||||
| Yugoslavs | 601 | ||||||||||||
| Croats | 379 | ||||||||||||
| Others | 3,872 | ||||||||||||
| TOTAL | 173,724 | ||||||||||||
[sunting] Ekonomi
Niš minangka kutha administratif, indhustri, komersial, kauangan lan pusat budaya ing bagéan kidul-wétan Republik Serbia. Posisi Niš wigati amarga dumunung ana ing simpang dalan saka Eropah lan jaringan rèl sepur kang ngubungaké Eropah karo Asia. Niš gampang ditekani, kanthi anané bandhara - Konstantin kang Agung.
[sunting] Turisme
[sunting] Panggonan Turis
- Skull Tower (Serbian: Ћеле Кула, Ćele Kula) - Monument kanggo Pejuang Serbia abad ka-19. Dumunung ing Bulevar Zoran Djindjić, ing dalan Konstantinopel lawas tumuju kutha Sofia.
- Čegar - Papan tilas pertempuran Bukit Cegar tanggal 19 Mei, 1809.
- Kam konsèntrasi - Salah siji kam kunjara NAZI Jerman ing Eropah kang isih wutuh. Dumunung ing Bulevar 12.Februari.
[sunting] Arsitèktur
Wangunan ing Niš terus dibangun. Niš kuwi kutha paling gedhé nomer loro sawisé Beograd yèn disawang saka anané gedhung dhuwur. Hotel Ambasador minangka gedhung kang paling gedhé ing Serbia nanging uga ana gedhung gedhé liyané kayadéné TV5.
[sunting] Informasi Turis
- Organisasi Turis Nis duwé loro pusat informasi turis, siji ing Nis yakuwi ing dalan Vozda Karađorđa nomer 7, lan liyané ana ing Niska Banja yakuwi ing dalan Sinđelićeva 3b.
[sunting] Pamérangan administratif
kutha Niš dumadi saka lima munisipalitas:
Papat kang pisanan dumunung ing tlatah kutha Niš, déné Niška Banja ing tlatah pinggiran. Sadurungé taun 2002, kutha Niš mung duwé loro munisipalitia, yakuwi "Niš" lan "Niška Banja".
Munisipalitas Niš kalebu pamukiman-pamukiman:
| Medijana | Palilula | Pantelej | Crveni Krst &;nbsp; | Niška Banja |
|---|---|---|---|---|
| Center | Palilula | Pantelej | Crveni Krst | Niška Banja |
| Marger | Staro Groblje | Jagodin Mala (partly) | Beograd Mala | nas. Nikola Tesla (broj 6) |
| Trg Kralja Aleksandra | Crni Put | Durlan | Jagodin Mala (partly) | Jelašnica |
| Kičevo | Bubanj | Komren (partly) | Komren (mostly) | Sićevo |
| Čair | Ledena Stena | Čalije | Šljaka | Ostrovica |
| Bulevar Nemanjica | Delijski Vis | Somborska | Medosevac | Prva Kutina |
| Bulevar Djindjica | Apelovac | Vrežina | Radikina Bara | |
| Medijana | Kovanluk | Prosek | ||
| Trošarina | Tutunović Podrum | Čukljenik | ||
| Duvanište | Kalač Brdo | Donja i gornja Studena | ||
| Brzi Brod |
[sunting] Media lokal
[sunting] Stasiun radio
- Banker radio [3](98.3)
- Fast radio (102.7)
- City radio (104.9) [4] - LIVE(AAC+)[5]
- Blue Fm (103.1)
- Radio Niš (99.5/101.9)
- Radio 5 [6](105.5)
- Radio Nišava [7](104.0)
- OxyGen radio (91.6)
- Radio 13 (90.5)
- Radio New Fair Play (88.3)
- Radio IPP (88.8)
- Radio Belle Amie [8](95.6)
- Radio Belle Amie Folk Kanal (98.7/100.7)
- Radio Cair (99.9)
[sunting] Stasiun TV
- Banker TV [9]
- TV 5 [10]
- BelleAmie TV [11]
- TV Nais
- Global
- RTV Nišava [12](in Romany)
- Čair (in Romany)
- NTV [13]
- Art TV
- Puls TV
- Jumbo TV
- Kopernikus
[sunting] LSM
- Protecta [14]
- AEGEE-Nis [15]
- Differentia [16]
- EESTEC LC Niš [17]
- EUS [18]
- GNU Klub [19]
- Lambda [20]
- The Association for Protection and Promotion of Mental Health in Children and Youth [21]
[sunting] Koran
- Narodne Novine [22] (BUL)
[sunting] Kutha kembar
Niš duwé kerjasama kutha kembar karo:
Other forms of cooperation and city friendship similar to the twin city programmes: |
[sunting] Referensi
[sunting] Pranala njaba
Pirsani pandhuan wisata Niš ing Wikitravel
