Yūrei

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Lukisan Jepang "Hantu Oyuki" karyanipun Maruyama Ōkyo.

Yūrei (幽霊?) adalah figur dalam cerita rakyat Jepang ingkang sajajar kalihan memedi. Istilah kasebut wonten kalih huruf kanji, (), ateges "redup" utawi "samar", lan (rei), ateges "jiwa" utawi "spirit" [1]. Nama sanèsipun menika Bōrei (亡霊?) ingkang ateges arwah tiyang ingkang sampun seda, Shiryō (死霊?) ateges jiwanipun tiyang ingkang sampun séda utawi ing pangertosan ingkang langkung wiyar kalebet Yōkai (妖怪?) utawi Obake (お化け?). Kados ingkang sami ing mitologi Tionghoa lan Barat ingkang dipunpitadosi minangka jiwa bibar séda.

Mitologi[sunting | sunting sumber]

Miturut kapitadosan masarakat Jepang, sedaya manungsa gadhah spirit utawi jiwa ingkang dipunwastani reikon (霊魂?). Nalika satunggaling tiyang séda, reikon nilar jasad lan mlebet ing papan penyucian papan kanggè nengga nalika upacara pemakaman lan bibar pemakaman dipunlampahi supados saged kempal kalihan para leluhur. Menawi ritul kasebut dipunlampahi kanthi leres, banjur reikon dipunpitadosi dados pelindung kulawarganipun ingkang tasih gesang lan kondur saben taun ing wulan Agustus nalika hari raya Obon kangge nampi atur panuwun. Kangge tiyang ingkang seda kanthi cara ingkang boten limrah kados dipunpateni, bunuh diri lan sanesipun lajeng boten nglampahi ritual ingkang leres, saged ugi bilih almarhum kasebut tasih gadhah raos emosi ingkang kuwat kados balas dendam, asmara, sengit, lan sanesipun lajeng reikon dipunpitadosi dados yūrei, ingkang saged ngliwati wates antawisipun alam baka kalihan alam fana (donyanipun manungsa). Yūrei mapan wonten ing donyanipun manungsa ngantos rumaos tentrem, kanthi cara paring donga ing upacara pemakaman ingkang leres ugi kanthi cara nglampahi kekajengan menapa ingkang dèrèng kelampahan [2].

Ciri[sunting | sunting sumber]

Nalika pungkasan abad kaping 17, dolanan ingkang dipunsebat Hyakumonogatari Kaidankai dados kondhang, lan kaidan (cerita memedi) sansaya asring dados subjek pamentasan teater, literatur, lan cabang seni sanèsipun. Wonten ing masa kasebut, atribut-atribut tartamtu dipunsemataken supados mbedakaken yūrei kalihan manungsa biasa, saengga karakter yūrei gampil dipunmangertosi. Seniman ukiyo-e, Maruyama Ōkyo damel tuladha kawéntar kapisan ingkang samenika dipuntepangi minangka sosok yūrei kanthi tradisional wonten ing lukisan Hantu Oyuki.

  • Busana putih: padatanipun Yūrei mawi busana sarwa putih, minangka ciri tradisi kimono putih nalika upacara pemakaman ingkang kaginakaken wiwit saking upacara pemakaman zaman Edo. Ing agami Shinto, busana putih dipunagem amargi putih menika warni minangka lambang kemurnian upacara, ingkang kanthi tradisional kaginakaken déning para pandhita lan jasad ingkang dipunmakamaken. Kimono kasebut saged arupi katabira (kimono polos, putih, boten garis-garis) utawi kyokatabira (katabira putih ingkang dipunserat sutra Buddha). Kadang kala yūrei ngagem hitaikakushi ("iket sirah"), arupi tugelan kain awujud segitiga ingkang dipuniket ing bathuk.
  • Rambut ireng: Padatanipun rambut yūrei menika dawa, ireng, lan urak-arikan.
  • Asta lan suku: Astanipun yūrei lemes. Ciri khasipun boten kagungan suku, saéngga ngambang wonten angin. Ciri menika asalipun saking cithakan ukiyo-e zaman Edo. Lajeng dipunwiyaraken ing pamentasan kabuki.
  • Hitodama: Asring yūrei dipunrencangi déning bola api utawi hitodama kanthi werni biru, ijo, utawi ungu. Bola api kasebut kalebet bageyan ingkang kapisah saking yūrei lan sanès memedi piyambak.

Klasifikasi[sunting | sunting sumber]

Sanajan makhluk kategori memedi Jepang dipunwastani yūrei, wonten ing kategori kasebut wonten manéka tipe memedi kanthi ciri khusus. Lajeng dipundamel klasifikasi mliginipun miturut cara sédanipun utawi alesan kondur ing donyanipun manungsa.

  • Onryō: Arwah penasaran ingkang kondur saking papan penyucian amargi nglampahi tumindak ala nalika tasih gesang.
  • Ubume: Memedi ibu ingkang seda nalika babaran, utawi nilaraken bayi ingkang nembé wiyos. Yūrei menika gentayangan supados ngraosaken kados pundi ngurus anak lan asring maringi manisan marang laré-laré.
  • Goryō: Arwah penasaran saking golongan pejabat utawi bangsawan, mliginipun ingkang dipunukum mati amargi masalah politik.
  • Funayūrei: Memedi tiyang ingkang séda wonten ing segara.
  • Zashiki-warashi: Memedi anak-anak, tumindakipun nakal.
  • Hantu Samurai: Para vèteran Perang Genpei ingkang séda ing peperangan.
  • Hantu Pemikat: Memedi wanita utawi tiyang jaler ingkang gadhah kekajengan ngraosaken tresna bibar séda, kados ingkang dipunkisahaken wonten ing Botan Dōrō.

Pirsani ugi[sunting | sunting sumber]

Cathetan suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ (id) Yurei - Roh Halus Dari Jepang, (dipunakses tanggal 11 Februari 2013)
  2. ^ (id) Misteri Roh Halus Yurei Di Jepang, (dipunakses tanggal 11 Februari 2013)

Referensi[sunting | sunting sumber]

Cithakan:Japanese folklore long

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Yūrei&oldid=878685"