Onryō

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Lukisan Onryō karya Hokusai, seniman jepang jaman Edo.

Onryō (怨霊?) inggih punika satunggaling makluk gaib wonten ing carita rakyat Jepang ingkang gadhah kemampuan kanggé medal ing alamipun manungsa kanthi ancas balas dendam [1]. Wonten ing legenda lan carita rakyat, kathaipun onryō punika arwah wanita, nanging onryō kakung ugi naté dipunsebataken, mliginipun wonten ing pamentasan kabuki. Miturut legenda, onryōpunika kalebet wujud saking arwah manungsa ingkang nalika taksih gesang pikantuk masalah lajeng séda. Masalahipun manéka warni kados masalah pulitik, katresnan, ékonomi, lan sanèsipun [2]. Bibar tilar donya, arwah mau dados arwah penasaran. Asal mula onryō boten tamtu, nanging saged diputelusur dumugi abad kapingi 8 M babagan gagasan bilih jiwa ingkang nembé muring lan kebak kaliyan dendam saged paring prabawa ing donyanipun manungsa

Miturut kapitadosan Jepang, donya arwah punika kapérang dados tigang lapisan inggih punika : surga (高天原 Takama ga hara?), alam hayat utawi alam pagesangan (葦原の中つ国 Ashihara no nakatsukuni?), lan alam maut utawi alam kematian (黄泉の国 Yomi no kumi?). Sinten kemawon ingkang séda, arwahipun lajeng kesah dhateng Yomi. Ugi miturut para Kami (déwa) ugi kados makaten. Sanajan miturut mitologi Jepang jiwa ingkang sampun wonten ing alam maut boten saged kondur marang alam hayat, nanging jiwa ingkang kuwat saged paring prabawa ing alam hayat adheshasar niyat ingkang saé ugi ingkang ala. Wonten ing Kojiki (711-2) (kitab tuwa dhéwé kitab babagan sajarah Jepang ingkang kawiwitan saking mitos pangriptanipun) kacariyosaken bilih nalika dewi Izanami séda, piyambakipun saged maringi kutukan saking Yomi dhateng alam hayat. Wonten ing pangertosan ingkang sami, onryō mengacu dhateng arwah mliginipun manungsa ingkang éwah amargi émosi ingkang ageng sanget kanggé nglampahi tumindak ala mau. Cathetan wiwitan babagan kawontenanipun onryō kapanggihaken ing Shoku Nihongi (797): satunggaling pejabat tinggi, Fujiwara no Hirotsugu (藤原広嗣? séda taun 740), ingkang kelangan kekuawosan lan dipunkalahaken ing pemberontakan ing boten kasil nglawan Genbō. Dipunandharaken bilih bibar piyambakipun séda, awahipun damel cilaka Genbō dumugi séda.[3]

Dipunpitadosi bilih onryō obah saking kekajengan balas dendam, tuladhanipun kados Hirotsugu mungsuh Genbō. Wujuding balas dendam dipunpitadosi béda-béda wiwit saking kesialan mungsuhipun dumugi bencana alam : lindhu, kobongan, badai, wabah, lan kelaparan.

Ugi pirsani[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Yurei Archived 2013-05-20 at the Wayback Machine., (dipunakses tanggal 10 Fèbruari 2013)
  2. Hantu tradisonal, (dipunakses tanggal 10 Fèbruari 2013)
  3. Titsingh, Isaac. (1834). Annales des empereurs du japon, p. 72., k. 72, ing Google Books; Herman Ooms. (2009).Imperial Politics and Symbolics in Ancient Japan: the Tenmu Dynasty, 650-800, p. 219., k. 219, ing Google Books
  • Iwasaka, Michiko; Toelken, Barre (1994), Ghosts and the Japanese: Cultural Experiences in Japanese Death Legends, Utah State University Press, ISBN 0874211794

Pranala njawi[besut | besut sumber]