Ukiyo-e

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
"Fuji Abang" saking buku 36 Sesawangan Gunung Fuji

Ukiyo-e (浮世絵?) inggih punika sebatan teknik cukil kayu ingkang wonten ing Jepang [1] nalika jaman Edo ingkang dipun-ginakaken kanggé damel dobel lukisan sesawangan, kawontenan alam lan pagesangan padintenan ing masarakat [2]. Wonten ing basa Jepang, "ukiyo" ateges "jaman sapunika," déné "e" ateges gambar utawi lukisan. Istilah ukiyo-e sapunika namung dipun-ginakaken kanggé lukisan manéka warni (nishiki-e) ingkang dipunasilaken teknik cukil kayu (woodprinting), ananging sejatosipun ing jaman rumiyin istilah ukiyo-e ugi dipun-ginakaken kanggé lukisan asli ingkang dipungambar mawi kuas.

Sajarah[besut | besut sumber]

Wiwitanipun, ukiyo-e punika lukisan babagan "ukiyo" (kawontenan jaman) kados gesang ing padintenan, gaya busana lan sanèsipun. Pelukis ukiyo-e kapérang dados kalih aliran utama, inggih punika aliran Kanō lan aliran Tosa. Aliran Kanō sejatosipun sampun kawiwitan saking jaman Muromachi, déné aliran Tosa punika saking jaman Heian. Pelukis ingkang dipunsingkiri saking aliran Kanō lajeng kathah tiyang ingkang ndhèrèk gabung kaliyan aliran Tosa.

Periode wiwitan[besut | besut sumber]

Periode wiiwtan ukiyo-e kalampahan saking Kebakaran besar jaman Meireki dumugi jaman Hōreki. Wujud wiwitan ukiyo-e punika lukisan asli ingkang dipungambar mawi kuas sarta lukisan asil reproduksi teknik cukil kayu mawi tinta satunggal werna (ireng). Ing tengahan dumugi pungkasan abad kaping 17, seniman ingkang nggambar lukisan asli kanggé tèknik cukil kayu dipunwastani Hanshita-eshi (版下絵師 pelukis skétsa?). Hishikawa Moronobu punika salah satunggaling pelukis skétsa ingkang kondhang ing jaman kasebut lan damel buku mawi gambar sarta ilustrasi kanggé buku Ukiyo-zōshi. Salah satunggaling karya Hishikawa Moronobu ingkang kawéntar sanget punika ingkang irah-irahan Mikaeri Bijin-zu (見返り美人図? Wanita ayu nolèh dhateng wingking). Istilah "ukiyo-e" kapisan dipunsebat ing buku Kōshoku Ichidai Otoko (terbitan taun 1682) ingkang dipunserat déning Ihara Saikaku. Wonten ing cariyos dipunandharaken babagan tepas tekuk mawi balung 12 lan mawi rerenggan ukiyo-e [2].

Ukiyo-e ingkang rumiyin punika lukisan ireng-putih dados manéka werni awit saking kréasi pelukis ukiyo-e saking Osaka kanthi nama Torii Kiyonobu. Padatanipun werna ingkang dipun-ginakaken punika tinta abrit kanthi manéka swasana. Lukisan ingkang ngginakaken werna abrit - oranye kados werna yasan Torii punika dipunsebat Tan-e. Lukisan mawi tinta abrit tua dipunsebat Beni-e, déné Beni-e mawi tambahan 2 utawi 3 werna sanèsipun dipunsebat Benizuri-e[2].

Periode tengahah[besut | besut sumber]

"Edo no hana" wanita pemain Jōruri karya Kitagawa Utamaro
Lukisan potret Ichikawa Omezō karya Tōshūsai Sharaku

Periode tengahan kanthi tandha wiyosipun Nishiki-e sekitar taun 2 jaman Meiwa dumugi taun 3 jaman Bunka. Nalika taun 1765, kalènder mawi gambar ingkang dipunsebat E-goyomi kondhang ing kalangan penyair haiku ing Edo, saéngga naté wonten pepanggihan kanggé ijolan kalènder mawi gambar. Pelukis ukiyo-e Suzuki Harunobu mengantisipasiminat masarakat kanthi damel ukiyo-e mawi tinta ingkang manéka werna. Seni ukiyo-e dumugi jaman keemasan awit saking teknik cetak warna ukiyoe kanthi full-color. Ing jaman Anei, ukiyo-e ingkang nggambaraken wanita kanthi reaslistik (Bijinga) karya Kitao Shigemasa dados kondhang sanget. Katsukawa Shunshō nggambar lukisan potret aktor kabuki kondhang (Yakusha-e) dumugi mirip sanget kaliyan aslinipun. Pelukis ukiyo-e kanthi nama Kitagawa Utamaro nglairaken kathah karya ingkang arupi Bijinga lan Ōkubi-e (lukisan potret setengah awak aktor lan wanita ayu) ingkang detil sanget lan mawi gambar ingkang elegan. nalika taun 2 jaman Kansei pamaréntah medalaken paugeran babagan bahan cithak ingkang matesi peredaran bahan-bahan cithak ing kalangan masarakat [2].

Nalika taun 7 jaman Kansei, bibar sadaya raja kaya gadhahanipun dipunsita déning pamaréntah, penerbit ukiyo-e kanthi nama Tsutaya Jūzaburō gadhah upaya jumeneng malih. Tsutaya Jūzaburō ngempalaken arta kanthi cara nyadé lukisan ukiyo-e karya Tōshūsai Sharaku. Lukisan karya Tōshūsai Sharaku dados kawentar sanget awit saking pose aktor kabuki ingkang tansah dipungambar linuwih sanajan lukisanipun kirang payu. Kempalan lukisan aktor kabuki karya Utagawa Toyokuni ingkang kawéntar minangka Yakusha Butai Sugata-e (役者舞台姿絵? lukisan potret aktor ing nginggilipun panggung) malah langkung payu. Murid-murid Utagawa Toyokuni lajeng damel aliran Utagawa ingkang dados aliran paling ageng wonten ing seni ukiyo-e [2].

Periode lajengipun[besut | besut sumber]

Periode pungkasan[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ The Pictures of the Floating World, (dipunakses tanggal 11 Maret 2013)
  2. ^ a b c d e UKIYO-e, Japan Foundation, (dipunakses tanggal 11 Maret 2013)

Pranala njawi[besut | besut sumber]