Torii

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Torii ing Kuil Itsukushima

Torii (鳥居?) inggih menika bangunan ing kuil Shinto ingkang dados watesing antawisipun papan kanggé mapan manungsa kalihan kawasan suci papanipun Kami [1]. Kejawi menika, bangunan kasebut gadhah fungsi minangka lawang gerbang kuil. Wujudipun tori menika arupi kalih palang ingkang sejajar lan dipunsangga kalih cagak vertikal. Bangunan menika kathahipun dipuncat mawi werni abrit (oranye) lan kadang kala ugi boten dipuncat (werna asli bahan bangunan). Sanajan padatanipun dipunpanggihaken wonten ing mergi kanggé mlebet ing kuil Shinto, torii ugi saged dipunpanggihaken ing mausoleum kekaisaran lan sapérangan kuil Buddha ing Jepang. Simbol torii wonten ing peta terbitan Jepang minangka tandha papanipun kuil Shinto.

Asal usul[sunting | sunting sumber]

Asal usul torii menika gegayutan kalihan legènda Jepang kuno. Amataresu [2] ingkang dukha (marah) marang rayi kakungipun ingkang remen nganggu. Amataresu ndelik wonten ing gua saking watu karang ingkang dipunsebat Ama no iwato. Mergi kanggé mlebet ing gua kasebut dipuntutup kalihan watu karang saéngga kedadosan gerhana matahari. Tiyang-tiyang sami ajrih bilih srengéngé boten medalaken cahyanipun malih. Awit saking wewarah saking setunggaling tiyang, sedaya naganaki tokoyo no tori (pitik jantan) dipunkempalaken lan dipundamel kluruk. Amataresu lajeng péngén mangertos kenging menapa pitik sami kluruk lajeng watu karang ingkang nutupi dalan kasebut dipunbikak sekedhik. Pesumo mawi awak ingkang ageng ndorong watu kasebut saéngga gua kabikak. Srengéngé medal malih lan donya slamet. Wit kanggé mencokipun pitik ingkang dipunsukakaken ing ngajengipun altar konon minangka bangunan torii ingkang kapisan. Bangunan ingkang mirip kalihan torii ugi kepanggihaken wonten ing pamukiman bangsa Tai. Bangunan Torana ing India utawi Paifang asal saking Cina ugi mirip kalihan torii.

Wujud bangunan[sunting | sunting sumber]

Bagéyan bangunan. Torii awujud myōjin (inggil) lan torii awujud shinmei (ngandhap)

Padatanipun bangunan torii kapérang saking 2 cagak vertikal ingkang nyangga 2 palang sejajar ing bageyan nginggil bangunan. Palang bagéyan nginggil saged wonten 2 palang susun ingkang dipunsebat palang kasagi lan palang shimagi. Déné palang bagéeyan ngandhap menika dipunsebat nuki. Menawi dipunpasangi papan nama kuil (gakuzuka), lajeng papan nama kasebut dipunpasang ing antawisipun palang shimaki lan palang nuki. Katingal saking wujudipun, torii dipunpérang dados kalih wujud inggih menika shinmei lan myōjin. Wujud kalih menika dados wujud dhasar saking maneka jinis torii. Sapérangan ageng torii kalebet sumbangan saking pendhèrèk kuil kasebut saéngga wujud torii ugi gumatung déning kekajengan tiyang ingkang paring sumbangan. Wujud torii kasuga saged mawon dipundamel ing Kuil Kashima lan boten wonten gegayutanipun kalihan Kami ingkang dipunpuja.

Torii ugi dipunginakaken kanggé nedahaken gegayutanipun antawisipun kuil Shinto ingkang sejinis, tuladhanipun torii wujud Yasukuni wonten ing Kuil Yasukuni lan manéka Kuil Gokoku ingkang wonten ing kathah papan ing Jepang, dene torii ingkang wujud sannō wonten ing Kuil Hie, Kuil Sannō, lan Kuil Hiyoshi.

Wujud shinmei[sunting | sunting sumber]

Torii awujud shinmei (shinmei torii) menika wujuding torii ingkang paling biasa amargi namung lurus kemawon. Kalih palang ing bagéyan nginggil kaperang dados palang inggil ingkang dipunsebat kasagi lan palang ngandhap ingkang dipunsebat nuki. Palang inggil boten gadhah palang shimagi. Jinising torii wujud shinmei: shinmei torii, kashima torii, ise torii

Wujud myōjin[sunting | sunting sumber]

Torii awujud myōjin (myōjin torii) menika wujudipun torii mawi ornamen lan garis lengkung. Kalih palang ing bagéyan inggil saking palang kasagi lan palang shimaki palang bagéyan ngandhap ingkang dipunsebat nuki. Kalih cagak penyangga menika tegak lurus kalihan lemah (radi miring). Jinising torii awujud myōjin: myōjin torii, kasuga torii, hachiman torii, inari torii, sannō torii, ryōbu torii, miwa torii, lan mitsuhashira torii.

Torii kondhang[sunting | sunting sumber]

Tigang torii paling éndah
Torii kanthi dhuwur 8 m saking zaman Muromachi ing Kimpusen-ji.
Mapan wonten ing tengahing segara ing ngajengipun bangunan kuil utami, gadhah 4 cagak kanggé nyangga tambahan saking kayu camphor. Torii ingkang samenika kapungkasan dipunbangun ing taun 1875, lan kalebet bangunan generasi kaping 8 saking bangunan generasi kapisan ing zaman Heian.
  • Shitennō-ji ing Osaka gadhah torii mawi ukuran ageng saking watu ingkang paling tua ing Jepang.
Torii kondhang sanèsipun
  • IngKuil Fushimi Inari wonten langkung saking 10.000 bangunan torii.
  • Ing Kuil Heian, Kyoto wonten bangunan torii kanthi dhuwur 24,4 meter ingkang kalebet bangunan torii paling inggil ing Jepang.

Cathetan suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ (id) Jepang, (dipunakses tanggal 11 Maret 2013}}
  2. ^ (id) Torii, Gerbang Kuil Itsukushima, (dipunakses tanggal 11 Maret 2013}}

Pranala njawi[sunting | sunting sumber]

Logo Wikimedia Commons
Pirsani galeri bab Torii ing Wikimedia Commons.
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Torii&oldid=843228"