Wong-wong transgèndher ing militèr

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Nagara-nagara kang nampa wong transgèndher ing militèr

Militèr-militèr ing donya racaké ora nampa wong transgèndhèr mlebu dadi saradhadhu.[1] Sanadyan sawetara nagara wis ora mawang orièntasi sèksual ing panduming jejibahan militèr padinan, akèh nagara racaké isih mawang idhèntitas gèndher ing panduming jejibahan militèr padinan. Ing kasil panalitèn kang kababar ing 2014 déning Hague Centre for Strategic Studies, saka 103 nagara kang tinaliti, 18 nagara ngidini wong transgèndher mlebu ing militèr, lan sangang nagara punjul mbokmanawa uga ngidini saradhadhu transgèndher (nanging iki durung bisa kapratélakaké déning panalitèn).[2] Wondéné, 18 nagara kang kapesthèkaké nampa wong transgèndher ngabdi ing militèr ya iku: Bèlgi, Bolivia, Dhènemarken, Éstonia, Finlan, Israèl, Jerman, Kanadha, Karajan Manunggal, Nèderlan, Niu Sélan, Nurwègen, Ostrali, Ostenrik, Prancis, Républik Céko, Sepanyol, lan Swèdhen.[3]

Bisa mau, militèr ing Éropah Kulon nuduhaké laku kang luwih rumangkul marang wong-wong  transgèndher; nanging, sawetara nagara Éropah isih gamblang mratelakaké yèn ora nampa wong transgèndher lumebu ing militèr.

Pawadan kang menggak gagasan anané wong transgèndher ing militèr[besut | besut sumber]

Ana bantahan-bantahan marang gagasan anané wong transghèndher ing militèr. Bantahan-bantahan iki dhedhasar panemu manawa transgèndher iku kalebu lelara jiwa saéngga wong transgèndher ora pantes mlebu ngabdi ing militèr. Pawadan kang menggak gagasan anané wong transgèndher ing militèr iki ngrujuk marang akèhing kadadéan dhéprèsi lan nglampus ing antarané wong-wong transgèndher. Kaanan iki mligi gegayutan karo pawongan kang nindakaké operasi kelamin (sex-reassignment surgery) lan banjur ora bungah utawa ora marem marang kasilé; ing kaanan mangkono dhéprèsi abot wis lumrah.[4] Térapi hormon bisa njalari owah-owahan swasana ati lan rasa-pangrasa mungguhing kasarasan, ya iku babagan kang wigati kanggo menggak lumebuné wong transgèndher ing militèr. Kajaba bantahan kang gegayutan karo kasarasan amarga térapi hormon, sakèh kangélan uga bisa njedhul mbarengi térapi hormon. Kangélan-kangélan kang bisa njedhul saka térapi èstrogèn lan térapi tèstostéron iku kalebu undhaking risiko lelara tromboémbolik, infark miokardhiyal, kanker payudara, masalah kasuburan, setruk, liver kang ora saras, lelara ngenani ginjel, kanker éndhométriyum, lan ostéoporosis.[5] Sembarang panandhang iki bisa njalari pitakon-pitakon kang wigati mungguhing lumakuné jejibahan militèr, luwih-luwih nalika prajurit diutus ing papan kang kapencil utawa ing papan gladhèn paprangan.

Pawadan liyané mratélakaké yèn kanggo mangun militèr kang empan lan mobah kanthi mulus, rasa rumaket kudu katuwuhaké ing bebadan militèr. Wong kang ngugemi pawadan iki mratélakaké manawa wong transgèndher njalari rusaké rasa rumaket ing sajeroning bebadan militèr. "Kapitayan ing antarané pribadi-pribadi sajeroning bebadan militèr" iku babagan kang wigati banget.[6] Ana rasa was-sumelang yèn transgèndher diidini makarya melak-melak ing militèr tundhoné moral saradhadhu bakal rusak. Nanging pawadan iki nyélaki pitakon mungguhing owah-owahan ing tatanan militèr kang mbokmanawa butuh dilakoni kanggo nggulawethah moral lan rumaketé bebadan militèr ing manéka warna kaanan. Jejibahan ing militèr iku bisa njalari pawongan kang makarya ing kana nglakoni urip kang banget raket siji lan sijiné. Nglebokaké pawongan ing kaanan kang nggawé rasa bingung lan ora jenjem bisa njalari tandang-gawéné dadi ora apik.[1][5] Ngladèni kapurih cukuping sarana lan sangu makarya kanggo rombongan kang manéka warna idhèntitas gèndheré bakal gawé kewowogen. Wragad kanggo nggulawethah pawongan transgèndher dadi saradhadhu kapétung abot lan wusanané menggak kekarepan ngrangkul pawongan transgèndher.[7] Iki ora mung mungguhing sarana lan sangu makarya, nanging uga wragad mungguhing kasarasan utawa priksa menyang dhokter. Kanggo pawongan kang salin saka lanang dadi wadon, wragadé watara 7.000-24.000 dollar Amérikah Sarékat; wadon kang salin lanang butuh wragad ngluwihi 50.000 dollar Amérikah Sarékat.[8] Gumantung putusané pamaréntahan kang lumaku, wusanané militèr bokmanawa kang kudu ngragadi.

Pawadan kanggo nampa wong transgèndher ing militèr[besut | besut sumber]

Kanthi menggak warga tinamtu saperlu nampa kalodhangan kang padha, militèr bakal njalari cap ala marang warga kang ditimbang luwih ringkih iku sangsaya ndadra.[9] Pawadan iki jinurung déning cathetan kang mratélakaké kabèh warga duwé jejibahan mbélani bangsa samangsa kabutuhaké.[10] Ngidini wong transgèndher ngabdi ing militèr melak-melak tanpa rasa was-sumelang bakal dadi jangkah amba marang kaadilan. Wis diakoni déning para winasis ing pawiyatan luhur manawa upaya ngrangkul wong-wong LGBT (lèsbian, gay, bisèksual, transgèndher) ing militèr iku ngluwihi prakara hak asasi manungsa, dipratélakaké uga militèr kudu ngugemi kahanané warga kang manéka warna yèn militèr karep tinampa lan lestari ing abad selikur.[1]

Karana majuning kawruh ing babagan kamanungsan, seserepan kang magepokan idhèntitas sèksual saiki wis luwih becik. Biyèn transgèndher dianggep éwoning gangguan parafilik, saiki Diagnostic and Statistical Manual of Mental Disorders mapanaké transgèndher ing bab kang béda mawa sebutan disforiyah gèndher (gender dysphoria). Kapratélakaké manawa militèr kang misahaké wong transgèndher minangka wong lara jiwa iku nganèh-anèhi mungguhing jagat kadhokteran saiki. Pawadan iki njaluk supaya saradhadhu transgèndher diopèni mawa cara kadhokteran kang padha waé kaya déné saradhadhu liyané, salaras karo cara-cara kadhokteran kang wis lumaku.[11]

Para winasis njarwakaké manawa ora ana bukti kang kukuh kang njurung panemu warga transgèndher ora bisa ngabdi ing militèr. Kang kerep kocap mung panyakrabawa manawa warga transgèndher nyandhang kangèlan kaya ta dhéprèsi, was-sumelang, lan pangangen-angen nglampus. Bab iki wis kabantah déning cacahing kadadéan kang mèmper ing antarané LGB, kang ing sakèh nagara ora dipenggak ngabdi ing militèr.[12][13] Sarana yasa kaanan kang luwih gawé jenjem, sakèh kaanan angèl kang mbokmanawa bisa nerak saradhadhu transgèndher bisa diéndhani yèn dhèwèké bisa ngabdi melak-melak kanthi panjurung kang wutuh.[14]

Sanadyan militèr kerep apawadan manawa wragad kadhokteran kanggo saradhadhu transgèndher iku larang, militèr ora bisa ndhasaraké pawadan iku mawa pathokan wragad kanggo saradhadhu kang dudu transgèndher. Contoné, militèr kerep ngidini térapi hormon kanggo manéka warna kaanan lan kabutuhan kang ora gegayutan karo diforiyah gèndher. Térapi hormon kang lumrah ya iku kang gegayutan kontrasèpsi. Sabanjuré, risiko-risiko kang kerep kocap amarga owah-owahan hormon arang kedadéan,[15] lan ora njalari kangèlan utawa prakara kang wigati sajeroning militèr. Sanadyan wragad operasi kelamin ingaran larang, kocap saben tauné ora nganti 2% saradhadhu transgèndher kang milih nindakaké operasi kelamin.[16]

Mbokmanawa, pawadan kang paling kuwat iku lelandhesan lelakoné 18 nagara kang saiki ngidini warga transgèndher ngabdi ing militèr. Panalitèn babagan lelakon sawisé LGBT diidini ngabdi melak-melak ing militèr Israèl, militèr Britis, lan militèr Kanadha ora nemu prakara ala mungguhing tandang-gawé, rasa rumaketing warga ing bebadan militèr, utawa moralé.[17] Babagan rasa rumaketing warga ing bebadan militèr uga bisa katilik saka kasilé panalitèn kang diayahi kurang saka sataun sadurungé dijabuté larangan kang menggak warga transgèndher ngabdi ing militèr Amérikah Sarékat. Morten G. Ender, David E. Rohall, lan Michael D. Matthews ngayahi survéi bareng warga ing pawiyatan luhur militèr Amérikah Sarékat, Reserve Officers Training Corps, lan siswa ing pawiyatan luhur sipil. Survéi iku sedyané ngukur solahé warga ngenani anané gagasan yèn warga transgèndher ngabdi ing militèr Amérikah Sarékat. Kasil étungan statistik nuduhaké gunggung 50,8% warga ora sarujuk marang paugeran kang menggak warga transgèndher ngabdi ing militèr. Gunggung 72,6% warga kang tinaliti mratélakaké manawa upaya ngrangkul warga transgèndher mlebu ngabdi ing militèr ora bakal nggerus drajat tandang-gawéné. Pungkasané, dhedhasar katerangan mau, 21,8% warga kang tinaliti kandha luwung warga transgèndher ngandhakaké pilihan orièntasi sèksualé, déné 56,1% warga kang tinaliti kandha ora butuh dikandhani mangkono. Lelandhesan kasil panalitèn sataun sadurungé pambiwara kang menggak warga transgèndher ngabdi ing militèr Amérikah Sarékat, pérangan gedhé saka gunggung warga kang tinaliti nuduhaké panjurung kang gedhé marang dirangkulé warga transgèndher ngabdi ing militèr Amérikah Sarékat.[18]

Warga transgèndher ing militèr sawetara nagara[besut | besut sumber]

Ostrali[besut | besut sumber]

Wolulas taun sawisé Australian Defence Force (cara Jawa: Jaga Satru Ostrali, dicekak ADF) nggawé larangan kang menggak wong gay lan lèsbian ngabdi ing militèr,[19] ADF salin kanthi njabut larangan kang menggak lan nyingkiraké warga transgèndher saka militèr. Kasebutaké manawa ADF iku minangka bebadan pungkasan kang ngidinaké supaya saradhadhu kang salin gèndher dipecat.[20] ADF njurung watak mancawarna (diversity) ing militèr lan nyebutaké yèn LGBTI minangka warga kang diminakaké, mawa tujuan kang paling wigati ya iku mapanaké ADF minangka pilihané warga lan minangka bebadan kang ngurmati lan njurung pangrangkulé warga saka manéka warna gèndher.[21]

Ing taun 2013, ukum Ostrali resmi ngukuhaké pangayoman lumawan panganiaya kang jinalaran idhèntitas gèndher kanthi nglebokaké pangayoman tumraping LGBTI ing Sex Discrimination Act 1984.[22] Ana watara 15 saradhadhu transgèndher kang melak-melak ngabdi,[23] kanthi panjurungé panggedhéné ADF, awèh prasetya bakal yasa kaanan kang gawé jenjem sarana ngrangkul kabèh saradhadhu tanpa mawang apa waé. Ana ing wawanwicarané One Plus One bareng ABC News, panggedhéné ADF kang uga warga transgèndher mawa pangkat paling dhuwur Kolonèl Litnan Cate McGregor minangka juru nulis sesorahé kumendhan Litnan Jèndral David Morrison AO, mratelakaké yèn Sang Kumendhan ngugemi panemu yèn "saradhadhu ora bakal lestari yèn militèr dadi papan kang emban cindhé emban siladan" lan nggambaraké kaanan ing militèr kang pakulinané nyingkiraké sadhengah wong kang mbédani.[24] Ing wayah gègèr skandhal sèks Paheman Jèdi,[25][26] Sang Kumendhan ngetokaké dhawuh supaya para saradhadhu nuduhaké solah moral kang kukuh, lumawan marang sadhengah wong kang daksiya marang liyan. Sabanjuré, ditélakaké manawa Sang Kumendhan bakal "dadi kejem nyingkiraké sapa waé kang ora bisa ngugemi kautamaning militèr".[27] Sanadyan mbokmanawa dalané isih dawa ngener panampa kang wutuh tumrap warga transgèndher ing Ostrali,[28] saradhadhu transgèndher lan brayaté jinurung déning DEFGLIS kang tujuané mligi njurung saradhadhu LGBTI lan brayaté, saperlu gawé sangsaya kukuhé daya militèr sarana inklusi, lan nggulawenthah sadhengah kang makarya kapurih sumurup babagan watak mancawarna.[29]

Niu Sélan[besut | besut sumber]

New Zealand Defence Force (cara Jawa: Jaga Satru Niu Sélan, dicekak NZDF) wis kaloka ing sadonya minangka bebadan militèr kang pinunjul ing nguri-uri watak mancawarna lan njurung marang warga GLBTIQ, lan manggon ing urut siji amarga pangrangkulé warga lèsbian, gay, bisèksual, lan transgèndher ing njero militèr.[30][31]

Kanthi wuwuhan Human Rights Act ing njeroné New Zealand Bill of Rights Act ing taun 1994, sadhengah laku panganiaya kang jinalaran orièntasi sèksual minangka laku pidana. Sanadyan durung ana rujukan kang maton mungguhing warga transgèndher ing Niu Sélan, wus kababar déning Jaksa Agung Mudha manawa pangayoman marang warga transgèndher iku landhesané New Zealand Bill of Rights Act taun 1990 ing pérangan paugeran dhiskriminasi sèks.[32][33] Sanadyan Human Rights Commission lan akèh pambéla isih marsudi marang paugeran kang gamblang sajeroning New Zealand Bill of Rights Act kanggo ngayomi warga transgèndher saka dhiskriminasi,[34] NZDF ora nuduhaké dhiskriminasi kang lelandhesan idhèntitas gèndher.

Kanggo njurung pangramuting watak mancawarna lan watak inklusi (inclusiveness), Kumendhané Jaga Satru nyarujuki yasané paguyuban panjurung kanggo saradhadhu LGBTI.[35] Ing 2012, paguyuban aran NZDF Overwatch diyasa ing sajeroning jaga satru. Overwatch awèh panyengkuyung lan jejaring marang saradhadhu GLBTI kang lagi ngayahi jejibahan lan ora ngayahi jejibahan. Paguyuban iki uga nyadhiyani dhidhikan lan panuntun marang para panggedhéning militèr. NZDF lan Overwatch iki karan lan kondhang amarga watak inklusi lan pangupayané minangka kalodhangan makarya, lan pinilih nampa abiwada Linuhung saka ANZ lan Equal Employment Opportunity Trust, Diversity Award NZ 2013.[36]

Amérikah Sarékat[besut | besut sumber]

Paugeran militèr Amérikah Sarékat sadurungé ngidini pamenciling saradhadhu transgèndher saka pakaryan-pakaryan kang gegayutan karo urusan kadhokteran. Sanadyan saradhadhu gay, lèsbian, lan bisèksual diidini ngabdi melak-melak wiwit taun 2011, saradhadhu transgèndher bisa sawayah-wayah dipecat yèn ora bisa lulus ujian kang salaras karo idhèntitas sèksualé. Kaanan iki gawé sadhengah saradhadhu nyingidaké idhèntitas gèndher ing sajeroning pakaryané.[37]

Kira-kira ing taun 2008-2009, ana watara 15.500 sardhadhu transgèndher kang makarya ing National Guard utawa saradhadhu cadhangan ing militèr AS.[38] Panalitèn kang diayahi taun 2016, dhedhasar panalitèn sadurungé mrakirakaké manawa mung ana watara 1.320 lan 6.630 saradhadhu transgèndher kang makarya lan watara 830 lan 4.160 saradhadhu dadi cadhangan, kanthi angka rerata 2.450 saradhadhu kang makarya lan 1.510 saradhadhu kang dadi cadhangan.[39][40]

Carik ing Wadya Anggegana nama Deborah Lee James melak-melak asung panjurung marang owah-owahan ing paugeran militèr mungguhing transgèndher lumantar pangandikané ing taun 2014 kang mbokmanawa bakal katiliki manèh ing taun candhaké.[41] Ing Fèbruari 2015, Carik ing Defense Ashton Carter andum pratélan kang nyaranaké watak tinarbuka (openness) sajeroning pangrangkul marang warga transgèndher ing militèr kanthi nyatakaké yèn dhèwèké tinarbuka gegayutan bab iku lan ora ana bab liya kajaba tumindak ala kang kena menggak saradhadhu saka kalodhangan makarya ing militèr.[42] Pratelané Carter ing tembé mburi jinurung déning Présidhèn Obama.[43] Ing 19 Agustus 2015, Carter nyatakaké ing mémo manawa Dhépartemèn Pangayoman wis miwiti laku kanthi murungaké paugeran kang nglarang warga transgèndher ngabdi ing militèr lan wusanané saradhadhu transgèndher bakal bisa melak-melak ngawula ing militèr Amérikah Sarékat wiwit tanggal 27 Mèi taun candhaké.[44]

Paugeran ing Dhépartemèn Pangayoman kang nglarang transgèndher ngabdi ing militèr Amérikah Sarékat kawurungaké ing 30 Juni 2016,[45] nanging status para saradhadhu transgèndher kang isih makarya durung cetha bakda paugeran anyar kababar ing pamaréntahané Présidhèn Trump.

Paugeran iku kababar ing tanggal 30 Juni 2016, mratelakaké wiwit ing tanggal iku, saradhadhu kang mumpuni ora bisa dipecat, ditulak nalika ndhaftar, kapisahaké tanpa panyarujuk, utawa dipenggak mbacutaké pakaryan amarga transgèndher.[46]

Babagan wigati saka inklusi transgèndher iku nyadhiyani layanan pangramuting kasarasan lan matrapaké Pathokan Layanan (Standard of Care) ing saindenging donya. Prakara kang mrentul saiki gegayutan karo transgèndher ya iku dana asuransi kasarasan ing militèr kang kanggo operasi salin kelamin.[47] Chelsea Manning, saradhadhu transgèndher Amérikah Sarékat melak-melak, kang biyèné diukum tahanan amarga dianggep nerak Espionage Act, ngajokaké tuntutan ukum marang Carik ing Pangayoman Hagel amarga ora bisa nyadhiyani dhèwèké pangramut kasarasan kang jumbuh karo salin idhèntitas gèndheré.[48] Ing sakawit, pangramut hormon kanggo nyokong tumindak salin gèndheré Chelsea Manning disengkuyung déning lan kawuwuhaké marang rancangan pangramuté ing pakunjaran Fort Leavenworth, bebarengan karo kabutuhan liyané kaya ta kosmètik lan sandhangan njero wadon kanggo njurung uripé kang laras karo idhèntitas gèndheré.[49][50]

Ing 26 Juli 2017, Présidhèn Amérikah Sarékat Donald Trump mbabar pambiwara kang mratélakaké manawa warga transgèndher bakal ora diidinaké manèh ngabdi ing militèr Amérikah Sarékat.[51] Ing dina candhaké, Jèndral Joseph Dunford minangka Pambarep ing Joint Chiefs of Staff nyatakaké yèn warga kang melak-melak transgèndher bakal panggah diidini ngabdi ing militèr Amérikah Sarékat nganti Trump awèh arahan marang Carik Pangayoman Jim Mattis.[52]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b c Polchar, Joshua; Sweijs, Tim; Marten, Philipp; Galdiga, Jan (27 June 2014). "LGBT Military Personnel: a Strategic Vision for Inclusion". The Hague Centre for Strategic Studies. ISBN 9789491040931. Diarsip saka sing asli ing 28 July 2017. 
  2. Elders et al, "Medical Aspects of Transgender Military Service" Armed Forces & Society (2014) vol. 41 no. 2 pp 199-220 online
  3. O'Connor, Tim (26 July 2017). "Trump's Transgender Military Ban Leaves Only 18 Countries With Full LGBT Rights in Armed Forces". Newsweek. Dijupuk 26 July 2017. 
  4. Clements T.I., Wicks R.E.,"Transsexualism and Flight Safety" Aerospace Medicine Branch Education USAF School of Aerospace Medicine, Brooks Air Force Base, Texas online
  5. a b Major Bunn S.A., Straight talk: The implications of repealing "Don't ask, Don't tell" and the rationale for preserving aspects of the current policy 203 MIL.
  6. Kaplan D., Rosenmann A, Unit social cohesion in the Israeli military as a case study of "Don't Ask, Don't Tell, 33 Pol.
  7. Needs Citation
  8. Sex Reassignment Surgery Encyclopaedia of Surgery, Retrieved 2015-04-27
  9. Binkin M., Eitelberg M.j., Blacks and the military, (1982) Washington, DC, Brookings Institution
  10. Herek G.M., "Sexual orientation and military service: A social science perspective," American Psychologist 48, no. 5 (1993) pp. 538-549
  11. Gale S.P. (co-chair), Shannon M. (co-chair), "Report of the Planning Commission on Transgender Military Service" A nonpartisan national commission offering implementation guidance for the inclusion of openly-serving transgender personnel in the US military (Aug 2014) Palm Centre Blueprints for sound public policy
  12. King M. et al., "A systematic review of mental disorder, suicide, and deliberate self harm in lesbian, gay and bisexual people," BMC Psychiatry 8 (2008) pp. 1-17
  13. Carpenter: Why LGB people should care about trans bias in the military Tom Carpenter & Karen Ocamb, LGBt POV, (Oct. 24, 2012) Retrieved 2015-04-28
  14. Ross A., "The Invisible Army: Why the military needs to rescind its ban on transgender service members" 23 S. Cal.
  15. Asscheman H. et al., "A long-term follow up study of mortality in transsexual receiving treatment with cross-sex hormones," European Journal of Endocrinology 164, 4 (2011) pp. 635
  16. Elders J.M., et al, "Medical aspects of transgender military service" 41 Armed Forces & Society 2 (2014) pp.1-22
  17. Belkin A., Levitt M., "Homosexuality and the Israèl Defense Forces: Did Lifting the Gay Ban Undermine Military Performance?," 27 Armed Forces & Society 4 (2001) p. 544; Belkin and Evans, "The Effects of Including Gay and Lesbian Soldiers in the British Armed Forces," 4; Belkin A., McNichol J., "Homosexual Personnel Policy in the Canadian Forces: Did Lifting the Gay Ban Undermine Military Performance?," 56 Canadian International Journal 1 (2000) p. 80
  18. Ender, Morton G.; Matthews, Michael D.; Rohall, David E. (2016). "Cadet and Civilian Undergraduate Attitudes toward Transgender People". Armed Forces & Society 42.2: 427–435. 
  19. Australia Ends a Prohibition on Homosexuals in Military New York Times, Nov. 24 1992, Retrieved 2015-04-29
  20. Let them serve: Defence drops ban on transgender soldiers Crikey, Sep 15, 2010, Retrieved 2015-04-29
  21. Australian Government; Department of Defence: Our Identified Priorities retrieved 2015-04-29
  22. New protection against discrimination on the basis of sexual orientation, gender identity and intersex status Australian Human Rights Commission, 1 Aug, 2013; Retrieved 2015-04-29
  23. The Secret I Kept for 50 Years Australian Women's Weekly, Jan 2014, Retrieved 2015-04-29
  24. "One Plus One (Video)". Australian Broadcasting Corporation. Dijupuk 29 April 2015. 
  25. "Jedi Council (Online)". Dijupuk 29 April 2015. 
  26. Transcript of Morrison's press conference on 2013 email scandal, 13 June 2013, www.army.gov.au
  27. Australia's army chief: No place in military for those who denigrate women (Video) The Guardian, Retrieved 29 April 2015
  28. Lesbian, Gay, Bisexual, Trans and Intersex Equality (Online) Australian Human Rights Commission, Retrieved 29 April-2015
  29. DEFGLIS (Online) Retrieved 29 April 2015
  30. Maximising Opportunities for Military Women in the New Zealand Defence Force (Online) Evaluation Division, 2014, Retrieved 30 April 2015
  31. NZ Defence Force Proud to be Ranked First in Worldwide Diversity Study (Online) New Zealand Defence Force News updated 21 Feb 2014, Retrieved 30 April 2015
  32. Paul Rishworth.
  33. Solicitor General's opinion on the application of the Human Rights Act 1993 to transgender people (Online)
  34. To Be who I am: Kia noho au ki tōku anō ao (Online) Report of the inquiry into discrimination experienced by transgender people: He pūrongo mō te uiutanga mō aukatitanga e pāngia ana e ngā rāngata whakawhitiira, (2007)
  35. Jim Rolfe.
  36. Diversity Awards 2013 (Online) EEO Trust, Retrieved 30 April 2015
  37. Ross A., "The invisible army: why the military needs to rescind its ban on transgender service members," Southern California Interdisciplinary Law Journal 23 (2014) p. 185
  38. Gates, Gary J.; Herman, Jody (2014). "Transgender Military Service in the United States". The Williams Institute: 4. Dijupuk 2016-08-20. 
  39. "How Many Transgender People Serve in the Military?". Time Inc. 2017-07-26. Dijupuk 2017-07-30. 
  40. "The Implications of Allowing Transgender Personnel to Serve Openly in the U.S. Military" (PDF). RAND. Dijupuk 2017-07-30. 
  41. Air force secretary supports lifting transgender ban (Online) USA Today, 10 Dec 2014, Retrieved 1 May 2015
  42. U.S. Military Takes Baby Step Toward Allowing Transgender Soldiers (Online) Time, 24 Feb 2015, Retrieved 1 May 2015
  43. White House echoes Pentagon chief on transgender troops (Online) USA Today, 23 Feb 2015, Retrieved 1 May 2015
  44. "Military transgender ban set to end next May". 
  45. Reuters (25 June 2016). "US military to repeal ban on openly transgender personnel". 
  46. "TMilitary lifts transgender ban s". McClatchy. June 30, 2016. Dijupuk June 30, 2016. 
  47. Alford, Brandon; Lee, Shawna J. (2016). "Toward Complete Inclusion: Lesbian, Gay, Bisexual, And Transgender Military Service Members After Repeal Of Don't Ask, Don't Tell". Social Work 61.3: 257–265. 
  48. Chelsea Manning sues to get transgender medical treatment (Online) CNN, 24 Sep 2014, Retrieved 1 May 2015
  49. Military approves hormone therapy for Chelsea Manning (Online) USA Today, 13 Feb 2015, Retrieved 1 May 2015
  50. Joint Status Report and Motion to Stay Proceedings for Seven Months" (Online) Cryptome.org, 10 Mar 2015, Retrieved 1 May 2015
  51. "Trump: Transgender people 'can't serve' in US military". BBC. July 26, 2017. Dijupuk July 26, 2017. 
  52. "Defense chiefs resist Donald Trump's ban on transgender troops". The Guardian. Associated Press. July 27, 2017. Dijupuk July 27, 2017. 

Pranala njaba[besut | besut sumber]