Menyang kontèn

Wiwit

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Wiwit/Methik)

Upacara Wiwit minangka tatacara Jawa kang diadani saben panèn pari. Wiwit wis arang keprungu, nanging déning warga kalurahan Ngawen, isih diuri-uri. Upacara Wiwit, nèk ning kabupatèn Blora, amarga upacara methik pari. Panènan pari bisa becik lan orané gumantung marang Gusti Sing Akarya Jagad. Upacara Wiwit iku ing désa siji lan sijiné pancèn béda. Ana kang ngarani upacara labuh, lan ana kang mastani nglènggani utawa wiwit. Ning Jawa Wétan karan methik, wiwit iku kanggoné kadang tani klébu mangsa kang banget nyenengké, mula perlu nindakaké acara iku.

Acara wiwit iku kapérang dadi loro. Sing sapisan ing papan bulak pari panèn, ditengeri kanthi methik pari mantèn. Sapérangan banjur mboyong pari mantèn menyang omahé kang duwé pari, kang duwé pari tumuli mapanaké ing lumbung. Prastawa kang iki sinebut mboyong pari mantèn. Sepisanan apa ana gandhèngané karo dina pasaran, wong Jawa pancèn percaya banget karo pétungan dina pasaran, methik pari kudu milih dina becik liyané.

Bojoné kang duwé pari, anaké, perané gedhé banget. Jalaran dhèwèké kang nyiapaké ubarampéné. Ning yèn ana alangan bisa dipasrahké wong liya kang bisa nggawé sajèn. Sajèné awujud jadah woran, lintingan bekatul (katul), sega sambel gèpèng kedhelé kang digorèng, kembang borèh, wedhak, abon-abon, kinang, juruh, pulo gimbal pulo gringsing, godhong pulutan (Urène labato), endhog, rakan (wujud uwi-uwi). Sénthé (Colacasiaesculenata), gedhang sepet kuku, jewawut (Panicumvirida), tebon, jejali. Jewawut lan tebon digerus alus. Rakan didodok ana ing pajang ilang-kranjang kang digawé saka janur-sabanjuré tumpeng alus, tumpeng among-among, sega gurih, sega liwet, sega golong giling, kupat luwar cacahé loro, kupat lepet loro, kupat bucu lima, menyan, klasan, kain (jarik) anyar, parem, jungkat, pengilon, ani-ani, kinang, jangan menir, godhong kelor, gerèh pèthèk. Barang-barang mau banjur digawa menyang pinggir sawah kang arep dipanèn.

Dina kang becik wis katemtokaké. Yèn tiba dina Senèn Paing, Senèn neptuné papat lan Paing sanga, gunggungé 13. Amarga pariné mantèn sajodho, gunggungé pari kang dipethik ana 26 gagang pari. Sawisé ndonga sinambi mbakar menyan tumuli ngani-ani njupuk 26 gagang pari diiket dadi siji. Ya iki kang jenengé pari mantèn Sri-Sadana. Sawisé iku sajen-sajen kang ana pajang ilang padha didum mligi marang bocah kang mèlu Wiwit. Sawisé iku pari mantèn diboyong nuju omahé kang duwé sawah kaya boyongan mantèn. Déné sajèné disèlèh ana lumbung awujud klasa kang ndhuwuré diwènèhi jarit anyar lan diranti dandan wanita kaya ta wedhak adhem, parem, jungkat, pengilon, kinang, kembang borèh. Kajaba iku uga ana jangan menir, godhong kélor, ani-ani, bekatul lan menyan. Sawisé sajèn cumepak jangkep, pari mantèn saka sawah banjur dilebokaké ana njero lumbung, dadi siji karo pari mantèn. Werdiné sesajen-sesajen mau kaya déné jajan pasar, rakan, utawa uwi-uwian mengku pralambang dina pasaran lan dina pitu wiwit Senen tekan Minggu. Windu wolu sarta surya rolas (gunggung sasiné). Dadi anggoné nganakaké Wiwit pètungané sawisé srengéngé lingsir, watara jam 12 munggah.

Étungan panèn

[besut | besut sumber]

Wong Jawa itungané panèn ana papat: Suku, Watu, Gajah, lan Buta. Manawa tiba Suku èntuké mung gagang, tegesé pariné ora ana èntuké, mung sikil. Manawa tiba Watu pariné awèt dipangan ora gampang entèk. Tiba Gajah katoné panènané akèh naging pariné awet dipangan ora gampang entèk. Tiba Gajah katoné panènané akèh nanging pariné gabug. Nèk tiba Buta pira-pira waé entèk dimangsa buta.

Pari mantèn kalebu pari kang suci mula wektu digawa tumuju omah kaya methuk mantèn boyongan. Lan kanggo nindakaké Wiwit pètungané ora kena njupuk dina Jemuwah, iku dinané Wali, lan ing dina iku Dèwi Sri dèwiné pari nembé saré. Nèk nganti wungu lan duka kang tuna kadang tani dhéwé.