Menyang kontèn

Wayang potèhi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Wayang Potehi)
Wayang Potèhi

Wayang Potèhi, uga dikenal minangka budai mu'ouxi, shoucao kuileixi, shoudai kuileixi, chang-chung hsi (pinyin: zhǎngzhōngxì), xiaolong, utawa zhihuaxi, ing Indonésia uga mau wayang thithi lan wayang cina),[1] ya iku wayang saka lan sumbering carita ana ing nagara Cina.[2]. Wayang iki wiwit ana ing abad kaping 17 ing Quanzhou utawa Zhangzhou, Provinsi Fujian, Cina, lan riwayaté dimainaké ing tlatah sing sing ndunungi wicara basa Min Nan kaya déné ing Quanzhou, Zhangzhou, Chaoshan (wewengkon Guangdong, lan papan liya ing Cina sisih kidul.

Ing Indonésia, wayang iki isih bisa dideleng nalika ana tanggapan ing kampung Cina utawa klenthèng.[2] Wayang kang awujud bonèka cilik-cilik.[3] Critané mangsa jaman kraton Tartar utawa Babad Cina.[3] Wayang Potèhi iki dimainaké ing sajeroning kothakan ukuran 3 x 3 mèter, kang wernané abang.[4]

Wayang Potèhi ing Semarang

[besut | besut sumber]

Salah sijining dhalang Wayang Potèhi ing Semarang Tengah ya iku Thio Tiong Giè, kang manggon ing désa Pesantrèn, Kalurahan Purwadinatan.[5] Dhèwèké duwé prinsip paribasan Cina kang dadi semangaté kanggo nglestarekaké Wayang Potèhi iki ya iku "Tak ada jaran, sapi pun bisa ditunggangi."[5] Yèn ta wayangan dhèwèké nggunakaké basa Indonésia kanggo basa pengantar, béda karo para sesepuhé sing biyèn nggonakaké basa Cina.[5] Ciri khasé dhewèkè uga kerep nggunakaké tembang campursari.[5]

Thio Tiong Gie saiki umuré wis 76 taun, akèh prihatiné mikiraké kabudayané sing mung dideleng déning saglintir wong sing kalah adoh yèn dibandingaké karo jaman biyèn.[5] Langka banget sing kepéngin nyinaoni wayang iki sing dadi generasiné mung siji wongé ya iku Oei Tjiang Hwat sing kerep ngancani yèn pinuju wayangan.[5] Para niyagané adoh banget ya iku saka Surabaya.[5] Dhèwèké mènèhi ujar:[5]

Yèn ta diwènèhi panjang umurè nganti 100 taun, dhèwèké bakal terus ndhalang, sabab ing njero wayangan kang lumrahé digawé dadi panglipur lara iku ana ajaran-ajaran, pepéling kang mumpangat tumrap uripé manungsa

Salah siji lakon ana wayang iki ya iku "Siluman Kerbau Membuat Huru-Hara Di Karajan Tai Tong Tiauw".[4] Lakon iki wingi ditanggap awit tabuh 15.00 kurang luwih 2 jam kang nyambung nganti petang dina Setu (29/1) nganti Slasa (2/2) 2011 wiwit jam kang padha sing ditanggap ana ing Jalan Gambiran tepaté ing protelon Gang Tengah.[4]

Wayang liyané

[besut | besut sumber]

Saliayané wayang bonèka Potèhi, uga ana wayang golèk thithi sing nyritakaké lelakoné Cina.[1]

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. a b Kodhe basa ora trep. Balai Basa Yogyakarta. 2001. Kamus Basa Jawa. Yoyakarta: Kasinus, Kaca: 844
  2. a b Kodhe basa ora trep. Susilo, Bambang.dkk. 1995. Seneng Wayang Cinta Budaya I (untuk pendidikan Dasar). Semarang: Media Wiyana, Kaca: vi-viii
  3. a b Kodhe basa ora trep. Tim Pangripta Basa Jawa. 2003. Kawruh Basa Jawa (KBJ). Surakarta kaca: 61-63.
  4. a b c Suara Merdeka Online Archived 2011-02-05 at the Wayback Machine.(Kaundhuh tanggal 27 April 2011)
  5. a b c d e f g h Suara Merdeka Online Archived 2011-08-11 at the Wayback Machine. (kaundhuh tanggal 8 April 2011)