UNEF

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Pasukan PBB saka Yugoslavia ing Sinai taun 1957

Pasukan United Nations Emergency Force (UNEF) kang pisanan diwangun déning Sidang Umum PBB kanggo ngamanaké lan ngrampungi Krisis Suez ing taun 1956 kanthi resolusi 1001 (ES-I) tanggal 7 November, 1956, lan punjul kasil upayané Sekretaris Jendral PBB Dag Hammarskjöld lan proposal saka Menteri Luar Negri Canada, Lester Pearson. Minangka kakuatan militèr PBB kang pisanan tugasé:

... mlebu tlatah Mesir kanthi dimangertèni déning pamaréntah Mesir, kanggo mbiyantu njaga katenangan sajeroning lan sawisé penarikan mundur wadyabala non-Mesir lan njaga supaya rujuk karo katentuan liyané kang kapacak ing resolusi.... nguwasani tlatah kira-kira saka Terusan Suez nganti Garis Démarkasi Gencatan Senjata antara Mesir lan Israèl.

Amarga resolusiPBB iku mau ora liwat Bab VII Piagam PBB, panggelaran wadyabala kudu olèh idin luwih dhisik saka pamaréntah Mesir. Sawisé negosiasi multilateral karo Mesir, sepuluh nagara nawakké mélu urun wadyabala, ya iku nagara-nagara: Brasil, Kanada, Kolombia, Denmark, Finlandia, India, Indonesia, Nurwègen, Swedia, lan Yugoslavia. Bantuan uga ditawakké déning Amérika Sarékat, Italia, lan Swiss. Pasukan pisanan teka ing Kairo tanggal 15 November, lan UNEF wis nduwé kakuatan wadyabala lengkap cacahé of 6,000 ing sasi Fèbruari 1957. Pasukan wis digelar kanthi penuh ing saubengé kanal, ing Sinai lan Gaza nalika Israèl narik mundur wadyabala pungkasané saka Rafah ing tanggal 8 Maret, 1957. Sekretaris Jendral PBB arep nggelar wadyabala UNEF ing tlatah Israèli miturut garis gencatan senjata taun 1949, nanging ditolak déning Israèl.[1]

Tugas[besut | besut sumber]

Tugas UNEF diprenca dadi patang babak:

  1. November lan Dhésèmber 1956, njaga katertiban transisi ing tlatah Terusan Suez nalika wadyabala Inggris lan Perancis lunga.
  2. Saka Dhésèmber 1956 nganti Maret 1957, wadyabala UNEF memfasilitasi pemisahan wadyabala Israèl lan Mesir lan evakuasi Israèli saka kabèh tkatah kang dikuwasani sajeroning peperangan, kajaba Gaza lan Sharm-el-Sheik.
  3. Maret 1957, wadyabala UNEF njaga munduré wadyabala Israèl saka Gaza lan Sharm-el-Sheik.
  4. Panggelaran sadawané tapel wates kanggo pengamatan. Babak-babak iki rampung sasi Mèi 1967.

Amarga masalah finansial lan owahing kabutuhan, cacahé wadyabala tansaya nyusut nganti kari 3,378 nalika misi iki dipungkasi ing sasi Mèi 1967.

Tanggal 16 Mèi, 1967 pamaréntah Mesir mrintahaké supaya wadyabala PBB énggal oncat saka Sinai. Nuli Sekretaris Jendral PBB U Thant nyoba arep nggelar wadyabala PBB ing tllatah Israèl kanggo njaga tlatah penyangga, nanging ditulak déning Israèl..[2] Kanthi kaputusan kang kontroversial, Thant nuruti printah Mesir tanpa konsultasi karo Dewan Keamanan PBB lan Sidang Umum PBB. Pasukan dievakuasi ing pungkasan sasi Mèi, nanging 15 tentara UNEF kajebak sajeroning operasi pertempuran lan kaprejaya ing Perang Enem Dina. Tentara PBB kang pungkasan ninggal tlatah mau tanggal 17 Juni.

Cathetan[besut | besut sumber]

  1. ^ Norman G. Finkelstein nyinggung sajeroning memoir Brian Urquhart, kang sesirah "Urip sajeroning damai lan perang" (A Life in Peace and War) (ISBN 0060158409), yèn Urquhart, njelasaké pungkasaning Krisis Suez taun 1956, éling bab panulakan Israèl kanggo ndidinakè wadyabala UNEF digelar ing tlatah sisih Israèl, lan ngarani yèn panulakan Israèl mau minangka kalemahan fatal tumrap wadyabala panjaga perdamaian (grave weakness for a peacekeeping force.) (Finkelstein 2003:277)
  2. ^ U Thant sajeroning biografiné mratélakaké yèn dhèwèké ketemu utusan tetep Israèl kanggo PBB Gideon Rafael ing tanggal on 18 Mèi 18, 1967 lan njaluk persetujuan kanggo panggelaran wadyabala PBB ing tlatah Israèl nanging ditulak, kanthi alasan yèn usulan iku ora disarujuki pamaréntah Israèl. U Thant sabanjuré mratelakaké yèn mung Israèl kang setuju panggelaran wadyabala UNEF ing tlatah Israèl, "sanajan mung sedhéla, lakuné sajarah bakal béda. Upaya diplomatik manawa bisa kasil lan perang manawa bisa diéndhani". (Thant 1978:223)

Uga delengen[besut | besut sumber]

Réferènsi[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]