Menyang kontèn

Beksan Jawa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Tari Jawa)
Dewi Sinta, sendratari Ramayana, Wayang Wong ing Prambanan.
Jogèd Bedhaya Ketawang

Seni Jogèd Jawa iku awujud seni jogèd kang adi luhung, sakral lan relijius. Jogèd Jawa akèh jinisé, ing antarané Srimpi, Bedhaya, Gambyong, Wireng, Prawirayuda, Wayang-Purwa Mahabarata-Ramayana. Mligi ing Mangkunagaran mau Jogèd Langendriyan, kang njupuk saka carita Damarwulan.

Jogèd kang kawentar ing Kraton Sala antawisipun Bedhaya Ketawang lan Srimpi. Miturut Kitab Wredhapradhangga kang dianggep pangripta jogèd Bedhaya Ketawang iku panjenengané Sultan Agung (1613-1645) ratu kapisan krajan Mataram. Jogèd Bedhaya Ketawang ora mung ditampilaké nalika jumenengan nata anyarananging uga saben taun sapisan ing dina jumenengan utawa Tingalan Dalem Jumenengan.

Jinis Jogèd Bedhaya

[besut | besut sumber]
  • Bedhaya Ketawang suwéné (durasi) jogèd 130 menit
  • Bedhaya Pangkur suwéné (durasi) jogèd 60 menit
  • Bedhaya Duradasih suwéné (durasi) jogèd 60 menit
  • Bedhaya Mangunkarya suwéné (durasi) jogèd 60 menit
  • Bedhaya Sinom suwéné (durasi) jogèd 60 menit
  • Bedhaya Endhol-endhol suwéné (durasi) jogèd 60 menit
  • Bedhaya Gandrungmanis suwéné (durasi) jogèd 60 menit
  • Bedhaya Kabor suwéné (durasi) jogèd 60 menit
  • Bedhaya Tejanata suwéné (durasi) jogèd 60 menit

Bedhaya Ketawang

[besut | besut sumber]

Kaistiméwan Jogèd Bedhaya Ketawang:

  • Pilihan dina latihan lan penampilan saben Selasa Kliwon (Anggara Kasih).
  • Lakuné para penari nalika metu lan lumebu menyang Dalem Ageng tansah ngiteri Sinuhun kanthi arah manengen.
  • Sandhangan para penari lan gendhing / tembang kudu manut paugeran kang ana.

Sandhangan penari

[besut | besut sumber]
  • Dodot banguntulak.
  • Lapisan ngisor nganggo cindhé kembang, warna ungu, lengkap nganggo pendhing bermata lan bunta.
  • Riasan pasuryan kaya riasan temanten putri.
  • Sanggul bokor mengkureb lengkap kanthi perhiasan-perhiasané, kang dumadi saka: centhung, garudha mungkur, sisir jeram saajar, cundhuk mentul lan ngango tiba dhadha (untaian rerangkèn kembang kang digantungaké ing dhadha pérangan tengen).

Tembang lan Gamelan

[besut | besut sumber]
  • Tembang kang dialunaké para swarawati nggambaraké rayuan kang bisa nuwuhaké rasa birahi.
  • Gamelan kang dipigunakaké wujud gamelan laras pelog, tanpa keprak

Rakitan penari

[besut | besut sumber]
  • Rakitan jogèd lan jeneng paragané béda-béda. Ing larikan ngarep para penari lungguh lan njogèd kanthi urutan kaya mangkéné:
    • Batak
    • Endhel ajeg
    • Endhel weton
    • Apit ngarep
    • Apit mburi
    • Apit meneg
    • Gulu
    • Dhada
    • Boncit

Sajeroning mbeksa mesthi waé urutané ora tetep nanging owah-owah miturut adegané, nanging ana ing panutup jogèd banjur lungguh manèh jèjèr telu-telu. Sawisé iku iring-iringan lumebu menyang Dalem Ageng, uga kanthi ngiteri sakiwané Sinuhun.

Artikel utama: Srimpi

Saliyanén jogèd kang sakral mau Kraton Kasunanan/Pakubuwono uga nyiptakaké jogèd liya kaya ta Jogèd Srimpi, ya iku jogèd kang nggambaraké perang tanding loro satriya.

Jinis Jogèd Srimpi

[besut | besut sumber]
Jogèd serimpi kanggo mangayubagya pèngetan dina wiyosan Pakubuwoono X (Foto kolèksi Troopenmuseum)
  • Srimpi padelori
  • Andong-andong
  • Arjuno Mangsah
  • Dhempel Sangopati
  • Elo-elo
  • Dempel
  • Gambir sawit
  • Muncar
  • Gandokusuma
  • Srimpi lobon

Jogèd Jawa Modhèrn

[besut | besut sumber]
  • Jogèd Golèk
  • Jogèd Bondhan
  • Jogèd Kelana Topeng
  • Jogèd Gambiranom
  • Jogèd Gagrag anyar

Pranala njaba

[besut | besut sumber]