Menyang kontèn

Ressa Herlambang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Ressa Herlambang
Ressa Herlambang
Latar wuri
Jeneng lair Ressa Herlambang
Lair 18 April 1985 (umur 40)
Indhonésia Jakarta, Indonésia
Jinis Musik R&B
Pakaryan Penyanyi
Taun aktif 1999-sekarang
Wong tuwa Herman Leumani dan Yulia Leumani
Situs resmi http://www.ressaherlambang.com/

Ressa Herlambang (lair ing Jakarta, 18 April 1985; umur 40 taun).[1] Ressa Herlambang iku penyanyi kang asalé saka Indonesia.[1] Ressa Herlambang tau pacaran karo Nia Ramadhani kang saiki dadi bojoné Ardi Bakrie.[1] Ressa Herlambang tau diarani Justin Timberlake Indonesia.[1] Ressa Herlambang tau éntuk jejuluk dadi penyanyi R&B lanang kang paling apik saéngga Ressa tau lumebu ing ajang musik Asia Bagus nalika taun 1999.[1] Ressa Herlambang pancen nduwéni niyat kanggo ngembangaké karir ing donyaning musik.[1] Nganti saiki, Ressa wis nggawe album kang cacahé telu.[1]

Ressa Herlambang iku anak pambarep saka sadulur kang cacahé telu.[1] Album kang nomer telu kang digawé judhulé The Real Me.[1] Ing album iki Ressa uga tetep nganggo aliran musik R&B.[1] Saliyané iku, Ressa uga nggaet musisi handal kaya ta Jocky Soeryoprayogo, Tohpati, Pay BIP, Dewiq, lan Iwang Noorsaid nalika nggawé album kang kaping telu iki.[1] Musisi-musisi iki kalebu musisi senior ing Indonesia.[1] Ressa herlambang duwé zodiak aries lan duwé shio Kerbau.[1]

Saliyané nyanyi, Ressa uga tau nggawé acara kang judhulé Dance With Me.[1] Ing acara iki, Ressa bakal milih penari kang cacahé sepuluh kang bakal nari karo Ressa.[1] Tanggal 16 Juni 2008, Ressa tunangan karo bocah wadon kang umuré 18 taun ya iku Andhisa Putri Raharjo.[2]

Diskografi

[besut | besut sumber]

Album kang digawé Ressa Herlambang.[1]

  • Diary of Life (2004)
  • Ressa Herlambang (2005)
  • The Real Me (2007)

Sinetron

[besut | besut sumber]

Sinetron kang dibintangi Ressa Herlambang.[1]

  • Pernikahan Dini
  • Jangan Sepelekan
  • FTV Asmara Dara
  • FTV Semau Gue

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 15 16 17 m.kapanlagi.com Archived 2012-03-06 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 19 Juli 2011)
  2. Ressa Herlambang Tunangan(dipunundhuh tanggal 19 Juli 2011)