Menyang kontèn

Nia Ramadhani

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Nia Ramadhani
LairPrianti Nur Ramadhani
16 April 1990 (umur 36)
Jakarta, Indonesia
BangsaIndonesia
BojoAnindra Ardiansyah Bakrie (o. 2010)
Anak2
Wong tuwa
  • Priya Ramadhani
  • Chanty Mercia
Dulur
  • Thalita Ramadhani
  • Wawan Ramadhani
Nia Ramadhani

Prianti Nur Ramadhani utawa kang luwih akrab diundang Nia Ramadhani yaiku aktris lan bintang iklan Indonesia kang lair ing Jakarta nalika tanggal 16 April 1990.[1] Dhèwèké kalebu artis wédok kang nganut agama Islam.[1] Nia Ramadhani tau pacaran karo penyanyi R&B, yaiku Ressa Herlambang, nanging ora suwé banjur pedhot.[1] Nia Ramadhani banjur pacaran karo Bambang Reguna Bukit utawa kang kondhang kanthi Bams, yaiku penyanyi utawa personèl saka grup band Samsons.[1] Hubungané karo Bams uga mung sedhéla, banjur pedhot.[1] Nia Ramadhani banjur pacaran karo putra ragilé Présidhèn Susilo Bambang Yudhoyono, yaiku Edi Baskoro, kang uga ponakané calon Gubernur Sulawesi Selatan, yaiku Syahrul Yasin Limpo, Adnan Puritcha Ichfan Yasin Limpo.[1] Nia Ramadhani ngrubah jenengé dadi Ramadhania Ardie Bakrie sawisé nikah karo putra pengusaha kaloka Aburizal Bakrie, Ardie Bakrie nalika tanggal 1 April 2010.[2]

Nia Ramadhani miwiti kariré awit umur 15 taun.[1] Sinétron kang kapisan dimainaké yaiku Siti Nurbaya.[3] Nia Ramadhani tau main ing pirang-pirang sinétron, kaya ta Alisha, Kisah Adinda, Benci Jadi Cinta, Soleha, Hey Cantik, Candy, Bembi, lan Diva.[1] Nia Ramadhani uga tau main ing sinétron sèrial, yaiku Bawang Merah Bawang Putih.[2] Nia Ramadhani uga tau main ing filem layar lebar kaya ta main ing filem horor Suster Ngesot.[1] Sawisé iku, Nia Ramadhani main ing filem horor Hantu Kreteg Ancol, lan ing taun 2008 kanthi filem kang irah-irahané Kesurupan.[1] Nia Ramadhani uga tau main ing iklan.[2] Iklan kang tau dimainaké Nia Ramadhani yaiku Frutamin.

Filmografi

[besut | besut sumber]

Sinetron

[besut | besut sumber]

Sinetron kang tau dimainake Nia Ramadhani yaiku:[1][2][3]

Film kang tau dimainake Nia Ramadhani yaiku:[1][2][3]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 nalika tanggal 10 Maret 2011)[pranala mati permanèn]
  2. 1 2 3 4 5 tanggal 10 Maret 2011)[pranala mati permanèn]
  3. 1 2 3 "(kajupuk tanggal 10 Maret 2011)". Diarsip saka sing asli ing 2010-12-26. Dibukak ing 2011-03-10.