Patung Sura lan Baya

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Patung Sura lan Baya
ꦥꦠꦸꦁꦱꦸꦫꦭꦤ꧀ꦧꦪ
JinisWimban
Papan
  • Kutha Surabaya, Jawa Wétan
  • Busan, Koréa Kidul
Kang ngrumat
  • Dhinas Pariwisata Kutha Surabaya
  • Papréntahan Kutha Busan
StatusDibukak (saben dina)
Panganggit
  • Sutomo Kusnadi (arsitèk) lan Sigit Margono (panatah) (Surabaya)
  • Agung Tato (Busan)

Patung Sura lan Baya (Carakan: ꦥꦠꦸꦁꦱꦸꦫꦭꦤ꧀ꦧꦪ; basa Indhonésia: Patung Sura dan Baya) ya iku ikon paling kuncara lan uga dadi wimban saka Kutha Surabaya. Patung kuwi kasusun saka rong jinis kéwan, ya iku iwak sura (hiyu) lan baya. Patung iki mapan ing telung panggon ing Kutha Surabaya lan uga siji ing Koréa Kidul.[1]

Tegesing filosofi[besut | besut sumber]

Miturut legéndha[besut | besut sumber]

Patung Sura lan Baya ngemu crita rakyat utawa legéndha iwak sura lan baya. Miturut legéndha iku, ing jaman biyèn naté kedadèn tetarungan gedhé antarané iwak sura lan baya ing sawijining papan. Tetarungan iku kawitan jalaran ana sawijining iwak sura kang ngambah tlatah menyang kali. Ngertèni iku, baya kang dadi panguwasa dharatan rumangsa ora trima lan njaluk iwak sura kanggo bali menyang segara. Saka iku, banjur kedadèn tetarungan gedhèn kanthi kasil baliné iwak sura menyang segara. Mula ora gumun manawa wujudng patung iku ngatonaké rong kéwan kang lagi gelut cakot-cinakot. Kamangka, papan ing ngendi tetarungan manggon iku banjur kajenengaké kanthi jeneng "Surabaya".[2]

Miturut sujarah[besut | besut sumber]

Patung Sura lan Baya nggambaraké "wong kang wani ngadhepi bebaya". Miturut basa, sura maknané wani, déné baya iku bebaya. Ing jaman biyèn nalikané Karajan Majapait jumeneng, ana serangan bangsa Tar-Tar utawa Mongol kang ngambah tanah Jawa. Bangsa iku tumeka saka sisih lor pulo iki, tepaké ing Jawa Wétan. Nalika iku, pandhéga bregada Jawa kang bisa ngusir bangsa Tar-Tar utawa Mongol kagungan asma Radèn Wijaya utawa cikal bakalé Karajan Majapahit. Radèn Wijaya banjur jinuluk "sanggramacura" utawa "prawira kang medèni jalaran kasuraning sajroning angadhepi bebaya" utawa ing tembung liya Çirabhaya kanthi teges "wani sajroning bebaya". Radèn Wijaya sinimbolaké minangka prawira kang wani, déné pasukan Mongol iku bebaya kang tumeka ing tanah Jawa.[3][4]

Papan dumunung[besut | besut sumber]

Ing Surabaya[besut | besut sumber]

Lambang Kutha Surabaya.

Patung iki mapan ing telung panggon ing Kutha Surabaya. Kapisan, ing ngarep Kebon Kéwan Surabaya. Patung kang ana ing kéné ya iku patung kang paling kuncara. Patung iki diyasa ing taun 1988 déning arsitèk Sutomo Kusnadi lan panatah Sigit Margono.[5] Kapindho, ing Taman Skate and BMX Surabaya (Gentèng). Patung ing kéné dhuwuré 15 mèter lan bisa nyemburaké banyu saka cangkemé iwak sura menyang Kali Mas ing pinggiré.[6][7]

Déné kang pungkasan ya iku ing Taman Surabaya (Kènjèran). Patung iki kang paling gedhé ya iku duwèni dhuwur nganti 25,6 mèter, déné lungguhan patung ana 5 mèter lan dhiamèteré ana 15 mèter. Patung iki minangka patung Sura lan Baya kang paling anyar dhéwé, kayasa ing taun 2019.[7][8]

Ing manca[besut | besut sumber]

Patung Sura lan Baya ora mung bisa ditemokaké ing Surabaya, nanging uga ing nagara manca ya iku Koréa Kidul. Patung iku diresmèkaké déning tilas Walikutha Surabaya, Tri Rismaharini kang saiki dadi Mentri Sosial nalika 1 Juli 2014. Patung iki ngadeg ing sawijining taman kutha, prenahé ing Busan Indonesian Center. Patung ing Busan kuwi kayasa minangka simbol saka kamitran Papréntahan Kutha Surabaya lan Papréntahan Kutha Busan. Patung iku kayasa déning seniman kang duwé asma Agung Tato, agawé saka prunggu kanthi dhimènsi dhuwur 2,6 mèter lan dhiamèter 0,75 mèter. Kamitran kang kayasa déning rong pamaréntah iku wis kawiwitan taun 1994 ing babagan rena-rena awit saka budaya, pawiyatan, ékonomi, lan fèsyen.[9]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. "Patung Sura dan Buaya, Ikon dan Kebanggaan Masyarakat Surabaya". Indonesia Kaya. Dibukak ing 10 Oktober 2023.
  2. "Ternyata Ini Kisah di Balik Patung Sura dan Baya di Kota Surabaya". Liputan 6. Dibukak ing 10 Oktober 2023.
  3. Sungkowati, Yulitin (2022). "Alih Wahana Cerita Rakyat "Asal-Usul Surabaya" dalam Industri Kreatif". Jurnal Ketatabahasaan dan Kesusastraan. 17: 95–109. ISSN 2714-8653.
  4. "Sejarah Kota Surabaya". Pemerintah Kota Surabaya. Dibukak ing 10 Oktober 2023.
  5. "Mengenal Asal Mula Patung Hiu dan Buaya Surabaya". Inews Jatim. Dibukak ing 10 Oktober 2023.
  6. "Kota Surabaya Punya Mbah'e Patung Suroboyo". Kabar Surabaya. Dibukak ing 10 Oktober 2023.
  7. a b "Mengunjungi 3 Patung Sura dan Baya yang Ikonik, Ini Dia Lokasinya". Jawa Pos. Dibukak ing 10 Oktober 2023.
  8. "Bagi yang Belum Tahu, Ini 3 Lokasi Patung Sura dan Baya yang Ikonik". Detik Jatim. Dibukak ing 10 Oktober 2023.
  9. "Risma Resmikan Patung Suro dan Boyo di Busan". Tempo. Dibukak ing 10 Oktober 2023.

Pranala jaba[besut | besut sumber]