Ngèlmu étung

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Tabel Ngèlmu étung karya Lausanne digawé taun 1835

Ngèlmu étung utawa Aritmatika iku saka basa Yunani αριθμός sing tegesé wilangan/angka. Sajeroning basa Arab sok diarani karan jeneng ngèlmu al-Hisab. Dadi pangertèn dhasar ngèlmu étung ya iku èlmu wilangan utawa angka sing dhasaré saka wilangan-wilangan bulat 0, 1, -1, 2, - 2,..., lan seterusé, liwat operasi dhasar pètungan:

Sajarah[besut | besut sumber]

Ngèlmu étung kanthi wilangan desimal, kang ora bisa ilang ana saka carita menangé bangsa Arab sawisé nguwasani Alexandria ing taun 641 M.Sajeroning nguwasani Alexandria bangsa Arab tetep nganggokake lan ngembangaké ngèlmu étung (aritmatika) Yunani lan mumpangaté Yunani bisa ngawa ana ing Éropah Kulon sawisé nguwasani Spanyol ing taun 747 M. Ing mangsa iku praja-praja kulon isih taun-tahunan ing masa péteng kang sok diarani the dark age. Bangsa Arab akèh diprabawai karo nagara-nagara saubengé kaya ta prabawa ing ngèlmu éetung ana ing ilmuwan Hindhu lan India ya iku Brahmagupta (598-660 M) lan Arya-Bhata (475-550 M). Saka prabawa Yunani lan India mau, lan bangsa Arab duwé warisan ya iku simbol saka 1 (siji) nganti 9 (songo)kang mumpangaté biisa kanggo ètung-ètungan ana ing sajeroning urip sadina-dina. Sajeroning para ilmuwan muslim nguwasani ngèlmu étung (aritmatika)ngalamipangowahan kang akèh, kaya ta kanggo ngitung jumlah kang akèh tuladha:sak yuta, sak milyar lan sapituruté. Ilmuwan Islam ngusahake lan nyipta wilangan kang bisa mumpangati kanggo ngitung wilangan cacahan kang akèh.Lan metu wilangan 0 (nol) utawa sifr kanggo mumpangate tandha wilangan desimal kalipatan sepuloh, sewu lan sapituruté. Kang nemu wilangan 0 (nol) jénengngè Abu Abdullah Muhammad bin Musa al-Khwarizmi (780-850M) ya iku ilmuwan saka umat muslim kalahiran saka Khwarizm Kheva, kuta kang ana ing kidul kali Oxus Uzbekistan sajeroning ana ing karyané kanthi judhul Al-Maqala fi Hisab al-Jabr wa al-Muqabalah Sajeroning siji sistem kang ana wilangan desimal anyaré kang dipirantèni karan simbol o (nol). Ngèlmu étung, sabanjuré duwé panggonan kang jembar ing para filosuf utawi ilmuwan muslim.

Uga delengen[besut | besut sumber]