Muhammad bin Yahya
Habib Muhammad bin Yahya | |
---|---|
Jeneng lair | محمّد بن يحيى |
Lair | Muhammad 1844 M Hadramaut, Arab Kidul (saiki Yaman) |
Pati | 17 Fèbruari 1947 (yuswa 102–103) Tenggarong, Kutai Kartanegara |
Makam Kelambu Kuning | |
Jeneng liya | Habib Tenggarong |
Pakaryan | Ulama, mufti |
Pawéh pakaryan | Kasultanan Kutai Kartanegara ing Martadipura |
Kondhang ing | Mufti Kasultanan Kutai |
Habib, Raden Syarif Penghulu, Pangeran Noto Igomo | |
Bojo | Aji Aisyah gelar Aji Raden Resminingpuri |
Wong tuwa | Ali bin Yahya (rama) Syarifah binti Thahir (biyung) |
Dulur | Aji Muhammad Parikesit (adi ipe) |
Habib Muhammad bin Yahya (basa Arab: محمّد بن يحيى ; Transliterasi: Muḥammad bin Yahyā; pangucap cara Arab: [(ʔ)mʊˈħæmmæd bin jɑħjɑ:] asma jangkep: (basa Arab: سيد محمّد بن علي بن حسن بن طه بن يحيى العلوي; Transliterasi: Sayyid Muḥammad bin ‘Alī bin Ḥasan bin Ṭāhā bin Yaḥyā al-‘Alawī); 1844 M/1260 H[1] - 17 Februari 1947 M/26 Rabiul awal 1366 H)[2] utawa Pangeran Noto Igomo yaiku sawijining ulama Indonesia kalairan Hadramaut sing dadi mufti Kasultanan Kutai Kartanegara ing Martadipura ing wanci kekuwasaan Sultan Aji Muhammad Alimuddin (1899-1910).[3] Noto Igomo minangka gelar paling dhuwur saka kasultanan amarga perjuangane ngembangna agama Islam, kang diwenehi dening Sultan Aji Muhammad Alimuddin.[4]
Biografi
[besut | besut sumber]Kawiwitan urip
[besut | besut sumber]Habib Muhammad bin Yahya lair wanci taun 1260 Hijriyah (1844 Masehi), ing Al-Masilah, sawijining desa cilik ing Hadramaut. Muhammad tedhak turuné saka kulawarga Alawiyyin kanthi marga Aal bin Yahya, ramane aran Sayyid Ali bin Hasan bin Thaha bin Yahya (w. 1875),[1] sawetara biyungé minangka Syarifah saka kulawarga bin Thahir.[5] Rama saka eyang kakungé, Habib Thaha bin Muhammad bin Yahya minangka leluhur kapisan sing lumebu ning Nuswantara, ngliwati Pulo Pinang, Malaysia. Wektu dheweké ing Pulo Pinang, dhèwèké ketemu Hamengkubuwana II (1750-1828) sing diasingna Belanda, kang dadi murid lan maratuwane.[3]
Hijrah menyang Indonesia
[besut | besut sumber]Habib Muhammad bin Yahya ke Indonesia hijrah menyang Indonesia kanthi tujuwan pengin ketemu seduluré ing Batavia (saiki Jakarta) lan Ambon sing ndisiki hijrah, saha tujuwan dagang lan dakwah. Dalan anggoné dheweké lumaku saka Masilah, Hadramaut menyang Indonesia ana rong versi, kapisan, saka Masilah-Tarim-Aden-Batavia-Surabaya-Ambon-Tenggarong; loro, saka Masilah-Tarim-Aden-Batavia-Surabaya-Ambon-Surabaya-Tenggarong.[1] Anggone dhèwèké lumaku saka Masilah menyang Indonesia, Habib Muhammad ngliwati Aden saka Tarim. Ing Tarim, dhèwèké nginep ing sawijining omahe wong sing kena penyakit Hansen (kusta). Kanthi kekuwatan Allah, sing duwe omah mau diobati dening Habib Muhammad lan waras. Awit saka rasa syukure, sing duwe omah iku njodohake ponakane karo Habib Muhammad. Sakbaré netep ing Tarim rada suwé, Habib Muhammad nglanjutake anggona lumaku menyang Aden nganti tekan Batavia.[1]
Ing Batavia, dhèwèké sowan marang pak lik saka biyungé, Habib Abu Bakar Bin Thahir. Nalika dhèwèké nglanjut lumaku menyang Surabaya, ing Boto Putih dheweké sinau agama marang Habib Syekh Bafaqih. Kajaba kuwi, dheweké uga ketemu duluré, Habib Abdullah bin Ali bin Abdurrahman bin Thahir sing ana ing Ambon.[1] Habib Muhammad bin Yahya tekan Tenggarong ing taun 1877.[6] Ing Tenggarong, dheweké rabi karo anak wadoné Sultan Aji Muhammad Alimuddin (Sultan Kutai kaping 19) sing duwé jeneng Aji Aisyah gelar Aji Raden Resminingpuri.[7]
Referensi
[besut | besut sumber]Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ a b c d e Idham, 2014, kc. 125.
- ↑ Idham, 2014, kc. 127.
- ↑ a b Amrullah, Amri; Wulandari, Indah (2015-07-06). "Muhammad bin Yahya, Mufti Kesultanan Kutai Kertanegara Ing Martadipura (1)". Republika Online. Diarsip saka asliné ing 2018-03-16. Dibukak ing 2018-03-16.
- ↑ Idham, 2014, kc. 128.
- ↑ Nashrullah, Nashih (2015-07-13). "Habib Tenggarong, Guru yang Disegani Masyarakat Kutai". Republika Online. Diarsip saka asliné ing 2018-03-17. Dibukak ing 2018-03-17.
- ↑ Amrullah, Amri; Wulandari, Indah (2015-07-06). "Muhammad bin Yahya, Mufti Kesultanan Kutai Kertanegara Ing Martadipura (2-habis)". Republika Online. Diarsip saka asliné ing 2018-03-17. Dibukak ing 2018-03-17.
- ↑ Win (2003-06-30). "Kesultanan Kutai Gelar Haul Sultan Sulaiman dan Pangeran Noto Igomo". KutaiKartanegara.com. Diarsip saka asliné ing 2018-03-17. Dibukak ing 2018-03-17.
Daftar pustaka
[besut | besut sumber]- Idham, Idham (2014). "Makam Noto Igomo (Arkeologi Makam Tokoh Agama di Tenggarong Kutai Kartanegara, Kalimantan Timur)" (PDF). Analisis Journal of Social Science and Religion. Jakarta: Kementerian Agama Republik Indonesia. 21 (01): 117–129. ISSN 2443-3853. Diarsip (PDF) saka asliné ing 2018-03-16.
- Elviana, Eva; Lesmana, Diyan (23 Juni 2017). Pelestarian Bangunan dan Objek Peninggalan di Kutai Kartanegara sebagai Pembentuk Identitas Kota (PDF). Prosiding Seminar Heritage Tangible Intangible. Cirebon: Ikatan Peneliti Lingkungan Binaan Indonesia. kc. A 427–434. ISBN 978-602-17090-4-7. Diarsip saka sing asli (pdf) ing 2018-03-23. Dibukak ing 2020-09-11.