Hendrik Antoon Lorentz: Béda antara owahan
→top: éjaan, replaced: nemokaké → nemu |
→top: éjaan, replaced: sajroning → sajeroning |
||
Larik 15: | Larik 15: | ||
| doctoral_students = [[Geertruida de Haas-Lorentz|Geertruida L. de Haas-Lorentz]]<br />[[Adriaan Fokker]]<br />[[Leonard Ornstein]] |
| doctoral_students = [[Geertruida de Haas-Lorentz|Geertruida L. de Haas-Lorentz]]<br />[[Adriaan Fokker]]<br />[[Leonard Ornstein]] |
||
| known_for = [[Radiasi elektromagnetik|Teori radiasi EM]] |
| known_for = [[Radiasi elektromagnetik|Teori radiasi EM]] |
||
| prizes = [[Gambar:Nobel prize winner.svg|20px]] Panghargyan Nobèl |
| prizes = [[Gambar:Nobel prize winner.svg|20px]] Panghargyan Nobèl sajeroning Fisika (1902) |
||
| religion = |
| religion = |
||
| footnotes = |
| footnotes = |
Révisi kala 8 Agustus 2017 06.36
Hendrik Antoon Lorentz | |
---|---|
Lair | Arnhem, Nèderlan | 18 Juli 1853
Pati | Fèbruari 4, 1928 Haarlem, Nèderlan | (umur 74)
Padunungan | Nèderlan |
Kabangsan | Nèderlan |
Babagan | Fisika |
Institusi | Universitas Leiden |
Alma mater | Universitas Leiden |
Doctoral advisor | Pieter Rijke |
Doctoral students | Geertruida L. de Haas-Lorentz Adriaan Fokker Leonard Ornstein |
Misuwur amarga | Teori radiasi EM |
Notable awards | Panghargyan Nobèl sajeroning Fisika (1902) |
Hendrik Antoon Lorentz (1853-1928) ya iku fisikawan Walanda kang bisa menangaké Penghargaan Nobèl ana ing babagan Fisika bebarengan karo Pieter Zeeman nalika taun 1902.[1] Dilairaké ing Kutha Arnhem, Walanda.[1] Dhèwèké sinau ana ing Universitas Leiden.[1] Nalika umur 19 taun dhèwèké banjur bali menyang Arnhem lan mulang ana ing sawijining SMA.[1] Disambi mulang dhèwèké nyambi karo nyiapaké tesis doktoral kang ngambaké téori James Clerk Maxwell ngenani babagan elektromagnet kang isiné rincian saka pemantulan lan pembiasan cahaya.[1] Nalika taun 1878 dhèwèké dadi guru besar babagan fisika teoretis ana ing Leiden kang dadi panggon makarya pisanané.[1] Antoon manggon ing Arnhem suwéné 34 taun, banjur sawisé iku pindah menyang Haarlem.[1] Lorentz nerusaké pakaryané kanggo nggawé luwih prasaja teori Maxwell lan nepungaké gagasan yèn medan elektromagnetik ditimbulaké déning muatan listrik ana ing tingkat atom.[1] Nalika taun 1896, salah siji mahasiswané kang jenengé Pieter Zeeman nemu yèn garis spéektral atom ana ing medan magnet kapecah dadi komponèn kang frekuensiné rada béda.[2] Perkara mau mbeneraké pakaryan Lorentz, mula saka iku wong sakloron banjur dianugrahi Bebungah Nobèl nalika taun 1902.[2] Taun 1895, Lorentz èntuk saprangkat persamaan kang ntransformasèkaké kwantitas elektromagnetik saka sawijining kerangka acuan marang kerangka acuan liyané kang gerak rélatif marang kang pisanan.[2] Wigatiné panemon iku nembé disadari 10 taun sawisé nalika Albert Einstein nyatakaké téori relativitas khusus.[2] Lorentz (lan fisikawan Irlandia G.F. Fitzgerald kanthi independen) ngusulaké yèn kasil négatif eksperimen Michelson-Morley bisa dipahami.[2]
Cathetan suku
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |