Hendrik Antoon Lorentz
| Hendrik Antoon Lorentz | |
|---|---|
Hendrik Antoon Lorentz | |
| Lair | 18 Juli 1853 Arnhem, Nèderlan |
| Pati | 4 Fèbruari 1928 (umur 74) Haarlem, Nèderlan |
| Padunungan | Nèderlan |
| Kabangsan | Nèderlan |
| Babagan | Fisika |
| Institusi | Universitas Leiden |
| Alma mater | Universitas Leiden |
| Doctoral advisor | Pieter Rijke |
| Doctoral students | Geertruida L. de Haas-Lorentz Adriaan Fokker Leonard Ornstein |
| Misuwur amarga | Téyori radiasi EM |
| Notable awards | |
Hendrik Antoon Lorentz (1853-1928) ya iku fisikawan Walanda kang bisa menangaké Penghargaan Nobel ana ing babagan Fisika bebarengan karo Pieter Zeeman nalika taun 1902.[1] Dilairaké ing Kutha Arnhem, Walanda.[1] Dhèwèké sinau ana ing Universitas Leiden.[1] Nalika umur 19 taun dhèwèké banjur bali menyang Arnhem lan mulang ana ing sawijining SMA.[1] Disambi mulang dhèwèké nyambi karo nyiapaké tesis doktoral kang ngambaké téyori James Clerk Maxwell ngenani babagan elektromagnet kang isiné rincian saka pemantulan lan pembiasan cahya.[1] Nalika taun 1878 dhèwèké dadi guru besar babagan fisika teoretis ana ing Leiden kang dadi panggon makarya pisanané.[1] Antoon manggon ing Arnhem suwéné 34 taun, banjur sawisé iku pindah menyang Haarlem.[1] Lorentz nerusaké pakaryané kanggo nggawé luwih prasaja téyori Maxwell lan nepungaké gagasan yèn medan elektromagnetik ditimbulaké déning momotan listrik ana ing tingkat atom.[1] Nalika taun 1896, salah siji mahasiswané kang jenengé Pieter Zeeman nemu yèn garis spéektral atom ana ing medan magnet kapecah dadi komponèn kang frekuensiné rada béda.[2] Perkara mau mbeneraké pakaryan Lorentz, mula saka iku wong sakloron banjur dianugrahi Bebungah Nobel nalika taun 1902.[2] Taun 1895, Lorentz èntuk saprangkat persamaan kang ntransformasèkaké kwantitas elektromagnetik saka sawijining kerangka acuan marang kerangka acuan liyané kang gerak rélatif marang kang pisanan.[2] Wigatiné panemon iku nembé disadari 10 taun sawisé nalika Albert Einstein nyatakaké téyori relativitas mirunggan.[2] Lorentz (lan fisikawan Irlandia G.F. Fitzgerald kanthi independen) ngusulaké yèn kasil négatif eksperimen Michelson-Morley bisa dipahami.[2]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |