Maria Ulfah Santoso

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Mr. Hj.
Maria Ulfah Santoso
Maria Ulfah Santoso.jpg
Maria u. 1955
Mantri Sosial Indonésia Katelu
Linggih
12 Maret 1946 – 26 Juni 1947
Présidhèn Sukarno
Kang sadurungé A.D. Tjokronegoro
Kang sawisé Soeparjo
Rerincèn dhiri
Lair (1911-08-18)18 Agustus 1911
Serang, Banten, Indhiya Nèderlan
Pati 15 April 1988(1988-04-15) (umur 76)
Jakarta, Indonésia
Warga nagara Indonésia
Sisihan R. Santoso Wirodihardjo (1938–1946)
Soebadio Sastrosatomo (1964–1988)
Agama Muslim[1]

Maria Ulfah Soebadio Sastrosatomo (18 Agustus 1911 – 15 April 1988), luwih misuwur mawa jeneng kramané sing kapisan Maria Ulfah Santoso, iku aktivis hak-hak wanita lan pulitikus Indonésia. Dhèwèké wong wadon Indonésia kapisan sing nampa gelar ukum lan wong wadon kapisan sing dadi anggota kabinèt Indonésia.

Dadi siwiné pulitikus, dhèwèké migatèkaké bab hak-hak wanita jalaran nyeksèni sawenèh kaniaya dhèk mangsa nomé. Dhèwèké satemené dipangaribawani murih dadi dhokter, nanging malah wisudha magister ukum saka Universitas Leiden ing taun 1933. Nalika ing nagara Walanda, dhèwèké mèlu ing obahan nasionalis Indonésia. Samulihé menyang Indhiya Nèderlan, Maria wiwit ngajar lan makarya kanggo réformasi ing palakrama. Dhèwèké anggota BPUPKI lan nuli ndhapuk mantri sosial wiwit 12 Maret 1946 nganti 26 Juni 1947. Sawisé rampung mangsané, dhèwèké lanjut makarya ing pamaréntahan tumrap warna-warna babagan.

Nalika kapilih lungguh ing kabinèt sing sapérangan awit kagiyatan émansipasiné, Maria uga mbukakaké dalan tumrap anggota kabinèt wadon liyané, kaya déné S. K. Trimurti ing taun 1947. Dhèwèké nampa sawenèh pangaji saka pamaréntah Indonésia awit kagiyatan-kagiyatané.

Biografi[besut | besut sumber]

Maria nalika ndhapuk mantri ing pamaréntahan, udakara taun 1947-an.
Maria sesorah ing Konggrès Wanita Nasional taun 1950.

Kauripan wiwitan lan aktivisme[besut | besut sumber]

Maria lair ing Serang, Banten, Indhiya Nèderlan, tanggal 18 Agustus 1911[2] saka pasangan R.A.A. Mohammad Achmad lan R.A. Hadidjah Djajadiningrat.[1] Minangka anak bungsu saka dulur telu, Maria dhèk cilik urip ing Kuningan, sing kala iku dibupatèni bapaké.[2] Sawiji dina, ana buliké sing lara teka nyuwun pitulung. Nanging, awit nampa layang saka lakiné, buliké banjur mulih lan ora let suwé ninggal donya. Kadadèn iki njiwani dhèwèké murih makarya tumrap hak-hak wanita.[3]

Nalika Maria isih ing pamulangan dhasar, bapaké mboyong dhèwèké menyang Batavia (saiki Jakarta). Ing kana, dhèwèké urip karo kulawarga Walanda ing Pamulangan Dhasar Willemslaan. Dhèwèké banjur ngrampungaké sekolah madya ing Pamulangan Madya Koning Willem III.[1][4] Nalika urip ing Batavia, Maria nyeksèni manèh prakara-prakara wanita, kaya ta wong wadon mesthi nalangsa nalika lakiné megat dhèwèké tanpa jalaran utawa rabi manèh.[5] Mulané, Maria sumeksa mlebu kuliah ukum masiya bapaké ndhesek dhèwèké dadi dhokter.[2]

Maria mangkat Den Haag, ing Walanda, taun 1929 karo bapaké sing nglanjutaké kuliah. Maria banjur mlebu Universitas Leiden ing Leiden lan wisudha taun 1933 mawa gelar Meester in de Rechten (Magister Ukum). Préstasiné iku njalari dhèwèké dadi wong wadon Indonésia kapisan sing éntuk gelar ukum.[1] Nalika kuliah, dhèwèké mèlu obahan nasionalis Indonésia lan srawung karo lelurah-lelurahé, kaya ta Mohammad Hatta lan Sutan Syahrir.[1]

Taun 1934, Maria mulih Batavia lan makarya ngajar ing paguron Muhammadiyah kanthi mungkuri tawan ngajar déning pamaréntahan kolonial. Nalika isih ngajar, dhèwèké panggah giyat ing obahan nasionalis, mbiyantu Adam Malik yasa agènsi pawarta Antara. Wulan Fèbruari 1938, dhèwèké nikah karo R. Santoso Wirodihardjo.[6] Uga ing taun iku, dhèwèké mandhégani konggrès sing ngrembug réformasi ing palakrama supaya bisa luwih ngayomi hak-hak wanita. Réformasiné disahaké ing taun 1941.[5] Maria uga makarya ngangkat prakara melèk aksara ing wanita sarana pakumpulan-pakumpulan panjait. Wong-wong wadon sing teka sinau njait uga diajaki sinau maca lan sinau bab hak-hak ing palakrama saha cara nggedhékaké anak.[7]

Karya ing pamaréntahan[besut | besut sumber]

Nalika Jepang njajah Indonésia taun 1942, Maria mungkasi makarya minangka guru lan lanjut nyambut gawé dadi asistèn ukumé Soepomo, sing ing samangké dadi mantri ukum kapisané Indonésia.[1] Ing taun 1945, nalika Jepang arep bedhol gendéra saka Indhiya-Néderlan déné ana proklamasi kamardikan, Maria dadi anggota BPUPKI.[2] Tanggal 12 Maret 1946,[2] Maria dadi anggota kabinèt wadon kapisan awit kapilih dadi mantri ing Kabinèt Syahrir Kapindho. Dhèwèké dadi sing ngatur baliné tawanan saka pakuwon-pakuwon Jepang.[1] Kalungguhan iku ajeg tekan Kabinèt Syahrir Katelu. Nalika kabinèt iku bubar tanggal 26 Juni 1947,[2] Maria mungkiri kalungguhan mantri sosial. Dhèwèké luwih milih dadi lelurah ing sékrétariaté wasir Amir Sjarifuddin. Dhèwèké panggah ing kalungguhan iku tekan ing Kabinèt Hatta Kapisan. Rikala ana Operasi Kraai, serangan sing diadani Walanda tumrap Kutha Ngayogyakarta tanggal 19 Dhésèmber 1948, lakiné tiwas sajabané Papan Anggegana Maguwa (saiki Adisucipto).[1]

Taun 1949, Maria iku anggota panitya mawa ayahan nyepakaké undhang-undhang palakrama sing "salaras karo jiwa mangsa saiki".[8] Salawas taun 1950-an, dhèwèké ngayahi pirang-pirang pakarya sosial. Saka taun 1950 nganti 1961, dhèwèké ing panti sènsor filem Indonésia minangka lelurah, kalungguhan sing dilakoni kanthi sungkan. Dhèwèké uga minangka lelurah Konggrès Wanita Nasional, Kowani, saka taun 1950 tekan 1961.[1]

Maria laki manèh, karo blegering Parté Sosialis Indonésia Soebadio Sastrosatomo tanggal 10 Januari 1964. Pasangan iki kerep kapisah nalika Soebadio dikunjara jalaran kagiyatan pulitiké, nanging bisa mangkat haji bareng. Salawas taun 1960-an, Maria panggah giyat ing jagat pulitik kanthi leladi ing Sékrétariat Nagara kawit 1962 tekan 1967 lan ing Dewan Penasehat Nagara kawit 1967 tekan 1972.[1] Nalika omah-omah karo Soebadio, dhèwèké ngangkat anak.[4]

Ing pungkasan uripé, Maria lan Soebadio ngentèkaké pénsiyuné ing Jakarta. Ing obituariné, kalawarta Tempo martakaké manawa pensiyuné pas-pasan kanggo kabutuhan padinan. Dhèwèké ninggal donya tabuh 2:15 isuk tanggal 15 April 1988 sawisé enem wulan diupakara ing Panti Roga Wadya Anggegana Gatot Subroto ing Jakarta. Dhèwèké dikurebaké ing Pakuburan Wira Kalibata.[4]

Warisan[besut | besut sumber]

Soebadio Sastrosatomo nulis yèn milih Maria dadi mantri sosial iku wigati. Kapisan, kapilihé nuduhaké pamaréntah pancèn ngajèni darmaning wong wadon marang obahan nasionalis. Kapindho, cara iki dianggo Syahrir kanggo nuduhaké manawa wong Indonésia nggatèkaké kabutuhaning wong-wongé sarana ndhapuk wong wadon kanggo ngurusi prakara-prakara wanita.[9] Sawisé Maria, wong-wong wadon liya banjur uga éntuk kalungguhan ing pamaréntahan. Mantri wadon Indonésia kapindho, S. K. Trimurti, minangka mantri buruh kawit 1947 tekan 1948.[10] Taun 2001, Megawati Sukarnoputri dadi présidhèn Indonésia wadon sing kapisan.[11]

Maria nampa sawenèh pangaji saka pamaréntah Indonésia, kalebu Satya Lencana Karya Satya (Tataran II), Satya Lencana Peringatan Perjuangan Kemerdekaan, lan Bintang Mahaputra Utama (Kelas Telu).[2] Bintang Mahaputra iku pangaji paling dhuwur ing Indonésia kanggo wong sipil.[12]

Rujukan[besut | besut sumber]

Cathetan sikil
Bibliografi