Lembaga Ilmu Pengetahuan Indonesia

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Lembaga Ilmu Pengetahuan Indonésia

Lembaga Ilmu Pengetahuan Indonésia (dicekak LIPI) iku Lembaga pamaréntah Non Departemen Républik Indonésia sing dikoordinasèkaké déning Kamentrian Nagara Riset lan Teknologi.

Sajarah[besut | besut sumber]

Kagiatan ilmiah ing Indonésia diwiwiti ing abad kaping 16 déning Jacob Bontius, sing nyinaoni flora Indonésia lan Rompius kanthi karyané sing misuwur Herbarium Amboinese. Ing pungkasan abad kaping 18 diwangun Bataviaasch Genotschap van Wetenschappen. Sajeroning taun 1817, C.G.L. Reinwardt ngadegaké Kebun Raya Indonésia (S\'land Plantentuin) ing Bogor. Ing taun 1928 Pamaréntah Hindhia Walanda mbentuk Natuurwetenschappelijk Raad voor Nederlandsch Indie. Sabanjuré taun 1948 diowahi dadi Organisatie voor Natuurwetenschappelijk onderzoek (Organisasi kanggo Panyelidikan sajeroning Ilmu Pengetahuan Alam, sing dikenal kanthi cekakan OPIPA). Badan iki nglakokaké tugasé nganti taun 1956.

Ing taun 1956, liwat UU no. 6 taun 1956 pamaréntah Indonésia mbentuk Majelis Ilmu Pengetahuan Indonésia (MIPI) kanthi tugas pokok:

  1. Mbimbing perkembangan ngèlmu kawruh lan teknologi.
  2. Mènèhi pertimbangan marang pamaréntah sajeroning babagan kawicaksanan ngèlmu kawruh.

Sabanjuré ing taun 1962 pamaréntah mbentuk Departemen Urusan Riset Nasional (DURENAS) lan mapanaké MIPI ana ing sajeroné kanthi tugas tambahan: yasa lan ngasuh sawetara Lembaga Riset Nasional. Lan ing taun 1966 pamaréntah ngowahi status DURENAS dadi Lembaga Riset Nasional (LEMRENAS).

Ing sasi Agustus 1967 pamaréntah mbubaraké LEMRENAS lan MIPI kanthi SK Présidhèn RI no. 128 taun 1967, sabanjuré adhedhasar Dudutan MPRS no. 18/B/1967 pamaréntah mbentuk Lembaga Ilmu Pengetahuan Indonésia (LIPI) lan nampung kabèh tugas LEMRENAS lan MIPI, kanthi tugas pokok:

  1. Mbimbing perkembangan ngèlmu kawruh lan tèknologi sing ngoyot ing Indonésia supaya bisa dimanfaataké kanggo kasejahtran rakyat Indonésia lan umat manungsa.
  2. Ngupaya golèk kebenaran ilmiah ing ngendi kabébasan ilmiah, kabébasan panelitèn sarta kabébasan mimbar diakoni lan dijamin, angger ora lelawanan karo Pancasila lan UUD 1945.
  3. Nyiapaké pambentukan Akademi Ilmu Pengetahuan Indonésia (wiwit 1991 tugas pokok iki sabanjuré ditangani déning Mentri Nagara Riset lan Teknologi kanthi Keppres no. 179 taun 1991).

Magepokan karo perkembangan kemampuan nasional sajeroning babagan ngèlmu kawruh lan teknologi, organisasi lembaga-lembaga ilmiah ing Indonésia uga wis ngalami perkembangan. Mula saka iku Keppres no. 128 taun 1967, tanggal 23 Agustus 1967 ngenani tugas pokok lan fungsi sarta susunan organisasi LIPI diowahi nganggo Keppres no. 43 taun 1985, lan kanggo kasampurnané tanggal 13 Januari 1986 dikukuhaké Keppres no. 1 taun 1986 ngenani Lembaga Ilmu Pengetahuan Indonésia, lan pungkasan kanthi Keppres no. 103 taun 2001

Kawenangan[besut | besut sumber]

Magepokan karo konservasi lingkungan hidup, Lembaga Ilmu Pengetahuan Indonésia duwé wewenang kanggo mènèhi rékomendhasi marang pamaréntah RI ngenani panetepan pratélan klasifikasi, kuota penangkapan lan dedagangan kalebu ékspor, ré-ékspor, impor, introduksi saka segara, kabèh spèsimèn tetanduran lan satwa; monitor idin perdagangan lan réalisasi perdagangan, sarta mènèhi rékomendhasi marang pamaréntah ngenani pembatasan pawèwèh idin perdagangan tetanuran lan satwa alasan adhedhasar évaluasi kanthi biologis; lan tumindak minangka pihak sing indepènden mènèhi rékomendhasi marang konvensi internasional ing babagan konservasi tetanduran lan satwa alasan.

Rekrutmen[besut | besut sumber]

Sivitas permanèn LIPI duwé status Pegawai Negeri Sipil (PNS). Mula saka iku sistem rékrut punggawa anyar mèlu tata cara sing ana kanthi nasional. Nanging, ing LIPI wiwit taun 2004, kabèh prosès rékrut punggawa anyar dilakoni kanthi online nganggo Sistem Informasi Penerimaan CPNS-SIPC LIPI kanggo nggampangaké aksès lan transparansi publik.

Lomba-lomba sing dianakaké déning LIPI[besut | besut sumber]

  • Lomba Karya Ilmiah Remaja-LKIR (taunan wiwit 1968)
  • Lomba Kreatifitas Guru-LKG (taunan wiwit 1992)
  • Pemilihan Peneliti Muda Indonésia-PPMI (taunan wiwit 1990)
  • Perkemahan Ilmiah Remaja-PIR (taunan wiwit 2001)

Organisasi LIPI[besut | besut sumber]

Pratélan Kepala LIPI[besut | besut sumber]

  1. Sarwono Prawirohardjo (1969-1974)
  2. Tb. Bachtiar Rifai (1974-1984)
  3. Doddy A. Tisna Amidjaja (1984-1989)
  4. Samaun Samadikun (1989-1994)
  5. Sofyan Tsauri (1994-1999)
  6. Taufik Abdullah (1999-2002)
  7. Umar Anggara Jenie (2002-sekarang)

Non-struktural[besut | besut sumber]

Layanan Publik[besut | besut sumber]

Minangka salah siji wangun komitmen LIPI kanggo nglayani publik mliginé ing babagan lan kagiyatan kagandhèng ilmiah, LIPI nyediakaké manéla warna sarana sing bisa diaksès publik lan sapérangan gedhé kanthi gratis:

Saliyané iku LIPI uga nyediakaké warna-warna portal ilmiah publik rupa-rupa babagan kajian ngèlmu:

  • fisik@net (referensi fisika utama)
  • komput@si (perangkat pembantu sains)
  • energi (portal ènergi Indonésia)
  • indoTeX (standar typesetting ilmiah global)
  • infoH@KI (informasi Hak atas Kekayaan Intelektual)
  • opto (info terkait kajian opto)
  • kimi@net (portal kimia Indonésia)
  • nano (portal nano tèknologi dan sains)
  • NBIN (jaringan biodiversitas Indonésia)
  • instrument@si (info instrumentasi)

Afiliasi LIPI[besut | besut sumber]

Sacara kalembagaan, LIPI uga naungi langsung utawa ora langsung sawetara organisasi kagadhèng aktivitas ilmiah ing Indonésia, antarané:

Réferènsi[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]