Lembaga Penerbangan lan Antariksa Nasional

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Cithakan:Infobox lembaga nonstruktural Indonésia

Lambang LAPAN

Lembaga Penerbangan lan Antariksa Nasional utawi ingkang asring dipuncekak kanthi nama LAPAN, inggih punika Lembaga Pamarentah Non Departemen Indonésia ingkang gadhah tugas nindakaken tugas papréntahan ing babagan panaliten lan pangrembakaning dirgantara lan mupangatipun. Lembaga punika dipunpandhegani déning Drs. Bambang Tedjasukmana Setiawan Dipl. Ing..

Sajarah Wujuding LAPAN[besut | besut sumber]

  • 31 Mèi 1962 dipunbentuk Panitia Austronautika déning Mantri ingkang kaping sapisan RI, Ir. Juanda (minangka Ketua Dewan Penerbangan RI) lan R.J. Salatun (minangka Sekretaris Dewan Penerbangan RI);
  • 22 September 1962 dipunbentuk Projek Roket Ilmiah lan Militer Awal (PRIMA) afiliasi AURI lan ITB. Projek PRIMA saged kasil damel lan ngluncuraken kalih roket seri Kartika sisan kaliyan telemetrinipun ing taun 1964.
  • 27 November 1963 dipunbentuk Lembaga Penerbangan lan Antariksa Nasional (LAPAN) kanthi wontenipun Dudutan Présidhèn (Keppres) Nomor 236 Tahun 1963 bab LAPAN, kanggé nglembagakaken manawi wonten program-program pembangunan kedirgantaraan nasional;
  • Organisasi LAPAN sampun saged dipunsempurnakaken kanthi wontenipun sapérangan Keppres ingkang kaping pungkasan inggih punika Keppres Nomor 9 Taun 2004.

Sajarah Satelit Indonésia[besut | besut sumber]

Tahun 1980-an[besut | besut sumber]

Uji Terbang momotan roket misi komunikasi radio amatir ing taun 1982.[1] Uji punika dipuntindakaken Lapan kanthi ngawontenaken kerja sama kaliyan organisasi Amatir Radio Indonésia (Orari). Sekawan roket dipunluncuraken kanthi dhuwuripun 30 kilomèter ingkang mbeto pemancar radio ingkang saged makarya wonten ing frekuensi amatir 146.500 MHz kanthi daya 2 watt. Kalih roket kasil ngirim sinyal radio ingkang wosipun inggih mbeto data meteorologi lan data olah gerak roket ingkang wujud multitone punika dhateng stasiun Orari ingkang kasebar wonten ing Jawa Kulon, Jakarta, Jawa Tengah, Sumatera Selatan, lan Kalimantan.

Taun 1990-nan[besut | besut sumber]

Uji terbang konsentrator antariksa (digipeater) ing taun 1996. Konsentrator antariksa (konsensa) inggih sajatosipun wujud komputer ingkang gadhah fungsi dados flying mail box lan router kanggé komunikasi kanthi mode store and forward. Satelit punika dipundamel minangka margi kanggé medal saking jaringan-jaringan komunikasi ingakng sampun wiwit macet dipun-ginakaken ing wekdal punika. Minangka router, konsensa badhé damel rute surat-surat elektronik saking satunggal node dhateng node sanèsipun miturut ancas ingkang sampun dipunparingaken. Minangka flying mail box, konsensa badhé nyimpen berkas-berkas dhata ingkang dipunkintun dhateng direktori hard disk (store) lan salajengipun dipunkintun ing ancas ingakng sampun dipuntemtokaken (forward).

Taun 2000-nan[besut | besut sumber]

Pangrembakaning model engineering satelit Lapsat wonten ing taun 2001. Model satelit punika dipunrancang supados saged njangkepi persaratan kanggé operasi ingkang kados makaten: (a) saben model sub sistemipun kedah saged dipungabungaken, (b) dipunoperasikaken catu daya, momotan komunikasi data digital lan telemetri kedah saged dipunkendhalekaken kanthi jangkep saking onboard komputer. Pangrembakaning model engineering satelit Inasat wonten ing taun 2003. Pangrembakaning Inasat gadhah ancas kanggé nganalisis dinamika maburipun, karakteristik satelit lan karakteristik medan magnet. Ing wekdal sapunika sampun wiwit dipun-ginakaken perangkat désain satelit saéngga sampun saged dipunlampahaken uji simulasi. Saking uji kasebat sampun saged dipunmagertos karakteristik orbit lan lingkunganipun, kados radiasi srengéngé lan pangaribawa radiasi elektron dhateng piranti-piranti satelit.

Pangrembakanipun ing wekdal sapunika[besut | besut sumber]

Pangrembakaning model terbang satelit Lapan-Tubsat/ Lapan A1 dipunwiwiti ing taun 2004. Pangrembakaning satelit pengamatan Lapan A2 dipunwiwiti ing purwakaning taun 2007 dados fase énggal ingkang langkung mandhiri.[2] Pangrembakaning satelit pengindraan tabih Lapan-B1 ingkang énggal, dipunwiwiti kanthi pangrembakaning imager ingkang dados momotan satelit kanggé misi pengindraan tebih. Cak-cakanipun inggih kanthi nunjang program ketahanan pangan nasional.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. SEJARAH LAPAN Archived 2011-04-21 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 1 Pebruari 2013)
  2. PROGRAM UTAMA PUSTEKSAT Archived 2012-04-19 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 1 Pebruari 2013)