Kraton Kacirebonan
Karaton Kecirebonan dipunyasa nalika 1800 M, Karaton punika kathah nyimpen barang-barang tilas sajarah, kados ta, Keris, Wayang, perlengkapan Perang, Gamelan lan sanès-sanèsipun.
Sami kaliyan Karaton Kasepuhan Cirebon saha Karaton Kanoman, Karaton Kecirebonan ugi tetep njagi, nglestantunaken sarta nglaksanakaken pakulinan saha upacara adat kados ta Upacara Pajang Jimat lan sanèsipun.
Kreaton Kacirebonan dumunung ing wewengkon kalurahan Pulasaren Kacamatan Pekalipan, satunggal km sisih barat daya saking Karaton Kasepuhan Cirebon saha kirang langkung 500 mèter sisih kidul Karaton Kanoman.
Sajarah
[besut | besut sumber]Kraton Kacirebonan minangka pamekaran saking Karaton Kanoman sabibaripun Sultan Anom IV inggih punika PR Muhammad Khaerudin séda, Putra Makutha ingkang skedah minggah tahta dipunasingaken déning Walanda dhuamteng Ambon amargi dipunanggep minangka pambrontak. Nalika wangsul saking pengasingan tahta sampun dipunpendhet déning PR. Abu sholeh Imamuddin. Adhedhasar kesepakatan kulawarga, PR Anom Madenda yasa Pura Kacirebonan, lajeng wonten Sultan Carbon I minangka Sultan Kacirebonan ingkang angka pisan. Kedudukan Cirebon ingkang dumunung sangandhapipun prabawa Mataram nalika Amangkurat I dados panguwasa saking taun 1646 dumugi 1677. Masa pamaréntahan ingkang dipuntandhani kanthi kathahipun pergolakan dados salah satunggaloing faktor wigati kénging punapa Cirebon samsaya lemah. Nalika jaman Amangkurat I, panguwaos Cirebon Panembahan Ratu II, wayah saking Panembahan Ratu, dhedhasar panyuwunan saking Mataram lajeng pindhah tumuju Girilaya. Pindhahipun saking Karaton Cirebon ing laladan caket kutha krajan Mataram punika dipunkancani déning kekalih putranipun, inggih punika Pangeran Martawijaya saha Pangeran Kertawijaya. Minangka pangganti kalungguhan minangka Sultan Cirebon, dipuntunjuk putranipun ingkang paling ragil, inggih Pangeran Wangsakarta.
Panembahan Ratu séda nalika taun 1662 Masehi. Saderengipun séda beliau merang karajanipun dados kalih ingkang dipunwarisaken dhumateng kekalih putranipun. Pangeran Martawijaya dipunangkat minangka Panembahan Sepuh ingkang nguwaosi Kasepuhan. Déné Kertawijaya dipuntunjuk minangka Panembahan Anom ingkang nguwaosi Kanoman.
Denen, Raja Amangkurat I ingkang kirang wicaksana damel raos boten remen ing kalangan pura saha panguwasa-panguwasa laladan sanèsipun. Kanthi panjurung saking pangeran saking Madura ingkang nama Tarunajaya, sang putra makutha ngawontenaken pemberontakan. Nanging usaha nentang Amangkurat I boten kasil amargi kekalihipun sami crah. Raja Amangkurat I lajeng séda ing Tegalwangi sabibaripun melarikan dhiri saking kutha krajan Mataram. Wonten ing paprangan mau, kekalih pangeran saking Cirebon mau mihak para pambrontak. Antawis taun 1678 Masehi, kekalih bangsawan pewaris tahta Cirebon wangsul dhumanteng tanah kalairanipun. Kanthi makaten sapunika ing Cirebon wonten tigang panguwasa, inggih punika Sultan Sepuh, Sultan Anom dan Sultan Cerbon.
Déné, ing Mataram minangka akibat saking Tarunajaya, utang ingkang kedah dipunbayar déning amangkurat i samsaya kathah dhumateng VOC-Walanda ingkang mbiyantu Amangkurat I. Pihak Mataram mbayar utangipun kanthi cara ngicalaken pelabuhan-pelabuhan potensial sarta penghasilan ingkang nguntungaken VOC.
Akibat langkung saking prasstawa punika inggih pencabutan gelar Sultan saking panguwasa Cirebon nalika taun 1681 Masehi. Minangka gantosipun, raja-raja Cirebon wangsul gelaripun dados Panembahan ingkang saestunipun langkung andhap saking Sultan. Pengganti Sultan Anom inggih putra ingkang ragil. Déné ing Kasepuhan wonten pambagen kekuwasaan antawising Sultan Sepuh lan Sultan Cirebon. Nalika Pangeran Cirebon dipunbuang amari nglawan Walanda, laladan kekuasaanipun dipunparingaken malih dhumateng Sultan Sepuh. Kemunduran Kasultanan Cirebon samasaya parah wiwit taun 1773 Masehi. Sabibaripun Panembahan pungkasan séda tanpa marisaken keturunan, laladanipun kapérang saha dipunkuwaosi déning para pangeran.
Wiwit abad ke 19 sabibaripun perjanjian Wina, kalungguhan pulitik Kasepuhan punapa denen Kanoman saetu dipunhapusaken, minangka gantosipun dipunsukani subsidi saking pamaréntah kolonial Walanda.
Wiwit punika bangsawan Cirebon namung kawentar minangka pelindung kesenian tradhisional Cirebon. Saéngga boten kaget manawi seni bathik, seni ukir, seni jogèd, seni topeng, tetep lestantun saha tumuwuh ageng.
Arsitektur
[besut | besut sumber]Wangunan Karaton Kacirebonan boten kalebet tipologi arsitektural yasan karaton. Wujud bangunanipun kados yasan pembesar nalika jaman kolonial Walanda kanthi prabawa arsitèktur Éropah.
Silsilah Sultan
[besut | besut sumber]- Pangeran Pasarean
- Pangeran ing Jati Carbon
- Panembahan Ratu Pangeran ing Pati Anom Carbon
- Pangeran ing Pati Anom Carbon
- Panembahan Girilaya
- Sultan Moh Badridini Kanoman
- Sultan Anom Raja Mandurareja Kanoman
- Sultan Anom Alimudin
- Sultan Anom Moh Kaerudin
- Sultan Carbon Kaeribonan
- Pangeran Raja Madenda
- Pangeran Raja Denda Wijaya
- Pangeran Raharja Madenda
- Pangeran Raja Madenda
- Pangeran Sidek Arjaningrat
- Pangeran Harkat Nata Diningrat
- Pangeran Moh Mulyono Ami Natadiningrat
- KGPH Abdulgani Nata Diningrat Dekarangga
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- http://www.potlot-adventure.com/wp-content/uploads/2009/03/keraton-kacirebonan.jpg Archived 2014-12-31 at the Wayback Machine.
- http://id.merbabu.com/keraton/keraton_kacirebonan_cirebon.html Archived 2012-06-30 at the Wayback Machine.
- http://www.indonesia.travel/id/destination/532/warisan-keraton-di-cirebon
Koordhinat: 6°43′30″S 108°33′55″E / 6.725036°S 108.565337°E