Kebon Tèh Kemuning

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Kebon Tèh Kemuning inggih menika salah satunggaling kebon tèh ingkang wonten ing Jawa Tengah. Kebon Tèh Kemuning manggèn ing Kecamatan Ngargayasa, Kabupatèn Karanganyar. Kebon tèh menika gumelar wonten ing pasitèn awiyar 437 hèktar kanthi inggilipun siti kirang langkung 800 ngantos 1.540 mdpl saha gadhah hawa kirang langkung 21,5 derajat sèlsiyus. Panggènanipun boten tebih saking Kitha Surakarta, namung 1 jam lampahan kémawon[1].

Margi ingkang dipunlampahi dhateng Kebon Tèh Kemuning menika kathah tetikungan. Wisatawan saged tindak dhateng Kebon Tèh Kemuning nitih titihan pribadi utawi saged nitih titihan umum kanthi rute Karangpandhan, Ngargayasa, kaliyan Jenawi. Sarawuhipun wonten ngrika, para wisatawan saged mradini kebon tèh kangge ningali taneman tèh kang gumelar saha ningali lelampahan methik tèh déning para tiyang tani[1].

Wisatawan ugi saged nindakaken olahraga kados ta, pit-pitan, paralayang, anjog pajeng, camping utawi kagiyatan mancakridha sanèsipun. Wonten ing Kebon Tèh Kemuning ugi wonten padunungan kanggé papan dolanan ugi wonten padunungan kanggé pados dhaharan[1].

Sujarah[besut | besut sumber]

Pabrik tèh Kemuning ingkang wiwitanipun dipunadegaken déning sadhèrèk Van Mander Voot, tiyang Walandi ing taun 1925 kanthi nama NV. Cultuur Mij Kemuning. Kantor pusat perusahaan menika wonten ing Laan Van Meerdervoort 2B Den Haag, Nederland. Ngantos samenika, pabrik tèh taksih jumeneng ugi wangunan gudhangipun. Salah satunggalipun tilas kantor perusahaan samenika dipundadosaken restoran ingkang nama Ndoro Dongker. Nama menika dipunpundhut saking salah satunggal administratur pabrik kala semanten[2].

Sadèrèngipun dados kebon tèh, padunungan menika dipundadosaken kebon kopi. Pakebonan Kemuning wiwitanipun inggih menika wilayah gadhahipun Mangkunegaran. Nalika KGPAA Mangkunagara IV taksih ngerèh, wewengkon Kemuning sampun dipuntindakaken dados pakebonan kopi. Tetuwuhan menika dipun-udi déning para panyepeng apanage (siti pangkat kangge gaji) ing sitinipun piyambak. Wonten ing taun 1862 KGPAA Mangkunagara IV mundhut malih siti-siti apanage saha dipunsulih nganggé yatra dhumateng panyepeng apanage[3].

Pasitèn pakebonan Kemuning ingkang wiwitan dipunbikak kanggé pakebonan kopi ing taun 1814 ingkang gunggungipun 24 dhaérah bagéan (afdeling). Saben-saben afdeling dipunkuwasani déning salah satunggal administratur tiyang Eropah utawi Jawa. Administratur tiyang Jawa dipunwastani panèwu kopi utawi mantri kopi. Saben afdeling anggadhahi setunggal pasanggrahan, ingkang dipun-ginakaken kanggé dununging administratur saha setunggal gudhang. Sedaya 24 tiyang administratur dipunandhap dening 2 tiyang panilik (inspèktur) saha saben inspèktur ngandhapaken 12 afdeling. Sainggilipun kalih inspèktur inggih menika Wadana Kartopraja, dados satunggaling superintendent (pengawas umum)[3].

Nalika panarikan malih siti-siti apanage, wonten bagéan ingkang boten saged dipunpundhut dening Mangkunagaran amargi gadhah dana kang sathithik saha sistem séwa ingkang dipunlampahaken dèrèng dumugi wonten ing titi wancinipun. Salah satunggalipun inggih siti Kemuning ingkang boten saged dipunpundhut sedaya, amargi wonten apanage ingkang dipunsewakaken dhumateng pengusaha swasta Indhiya Nèderlan kanthi titi wanci 50 taun kang dèrèng dumugi ing titi wancinipun[3].

Wonten bagéan saking apanage ing Kemuning ingkang dipunséwakaken dening tiyang Walandi kanthi nama Waterink Mij. Siti ingkang wiyaripun 444 hèktar dipuntanemi tetaneman tèh. Perusahaan menika dipunwastani NV. Cultuur Mij Kemuning ingkang gadhah Johan de Van Mescender Work. Miturut Undang-undang Agraria Indhiya Nèderlan taun 1870, pengusaha Walandi saged nyéwa siti saking Mangkunegaran kanthi titi wanci 50 taun. Akte prajanjian naté dipunlampahaken wonten ing tanggal 1 April 1926 kanthi wiyaring siti ingkang dipun-garap inggih menika 1.220 hèktar[2].

Pamaréntah Indhiya Nèderlan kala menika mranatan bab séwa-nyéwa siti keprabon ingkang dipundadosaken pakebonan. Swasta saking Indhiya Nèderlan saha pihak asing sanèsipun saged nyéwa siti keprabon wonten ing titi wanci 25-70 taun. Ananging sadèrèngipun dumugi wonten ing titi wancinipun, wonten kadadosan pergolakan politik ingkang dadosaken para pengusaha Indhiya Nèderlan nilaraken pakebonan. Sasampunipun sekutu kawon déning Jepang, palenggahan Jepang mundhut kuwasaning siti Kemuning wonten ing taun 1942 ngantos 1945. Nalika wonten ing palenggahan Jepang, kebon saha pabrik sami risak amargi dipunbakar (bumi hangus) dening Walandi. Sasampunipun Proklamasi Kamardikan Républik Indonésia inggih nalika wonten ing taun 1945 ngantos 1950, pakebonan gadhah Pamaréntah Dhaérah ing tlakuping Keraton Surakarta[2].

Wonten ing taun 1945 ngantos 1948, Kebon Tèh Kemuning ingkang wonten ing Kecamatan Ngargayasa dipun-gadhahaken saha dipuntindakaken malih dening Mangkunegaran ing pimpinaning Ir. Sarsito. Wonten ing taun 1948 ngantos 1950, Kebon Tèh Kemuning dipunkuwasani dening Pamaréntah Militèr Républik Indonésia ingkang asil produksinipun dipun-ginakaken kangge béaya tempur. Miturut fatsal 2 saking Konfèrènsi Méja Bundar (KMB) Pamaréntah RIS, pakebonan Kemuning dipunsrahaken malih dhumateng pandarbénipun inggih menika NV. Cultuur Mij Kemuning ingkang dipunkuwasani dening Fa. Watering & Leeber, Bandung. Saéngga kebon tèh menika dipunkuwasani malih dening pandarbénipun saking tanggal 19 Mèi 1950 ngantos 31 Désèmber 1952[2].

Amargi boten wonten pepastèn ukum kala menika, sasampunipun hak konversi pakebonan dipunjabel kanthi Undang-undang Nomor 3 Taun 1948 saha Undang-undang Nomor 5 Taun 1950, ugi miturut pandarbénipun dipunanggep sampun boten antuk babathèn malih. Wiwit pungkasaning taun 1952 pakebonan Kemuning sampun dipuntilar pramila dados siti nagara ingkang boten kawengku[2].

Kanggé ngreksa gesanging perusahaan, déning Pamaréntah Dhaérah Karèsidènan Surakarta kanthi surat No Agr-R/12/5474 tanggal 29 Maret 1954, Kebon Tèh Kemuning dipunlajengaken dening para karyawan ingkang dipunandhap setunggal déwan ingkang mlampah saking tanggal 1 Januari 1953 ngantos 26 Oktober 1956. Dewan menika lajeng dipunbibaraken ing tanggal 15 Sèptèmber 1956. Kangge nampung usaha menika lajeng dipundamel Koperasi Penghasilan Perkebunan Kemuning (KPPK) ingkang dipuncathetaken wonten Jawatan Koperasi (Jakop) II Karanganyar kanthi Nomor 29 tanggal 10 Oktober 1956 ugi dipuncathetaken wonten Jakop Dati I Jawa Tengah Nomor 1585/BH/VI/1962[2].

Kebon Tèh Kemuning sangsaya mundur ngantos wontenipun lelakon G-30S PKI, lajeng pakebonan dipunpundhut déning Menteri Perkebunan kangge karahayon ingkang sampun dipununjuk wonten ing Surat Keputusan Menteri Perkebunan Nomor 160/Men.Perk/1965 tanggal 17 Novèmber 1965. Amargi kaleksanan wonten ing lapangan dèrèng saged dipun-ungkuli, lajeng Inspèktorat Perkebunan Daérah Jawa Tengah saha DIY masrahaken dhumateng Panglima Kodam VII Diponegoro ingkang kala menika dados Panglima Perang Daérah. Salajengipun Panglima Perang Daérah kanthi surat kaputusan Nomor Kep-PPD/00127/10/1966 tanggal 27 Oktober 1966 ingkang salah satunggalipun kaserat masrahaken panindakan perusahaan/pakebonan kasebut dhumateng KOMUVED DATI I Jateng saha panindakanipun dipunatur wonten sarira ukum. Kanthi kaputusan kasebut dadosaken miyosing PT. Rumpun minangka wadhah saking sedaya kagiyatan ingkang wonten ing pakebonan Kemuning[2].

Lajeng, kawasan ingkang samenika dados objèk wisata dipunatur déning KPPK ngantos pungkasanipun dipunatur déning Kodam IV/Diponegoro. Sasampunipun wonten Yayasan Rumpun Diponegoro, Kebon Tèh Kemuning dipunatur dening PT. Rumpun Sari Kemuning I. Tanggal 3 Novèmber 1971 kanthi SK. Mendagri Nomor 17/HGU/DA/71, pangaturanipun disrahaken dening Yayasan Rumpun Diponegoro saha dipundamel PT. Rumpun. Wonten ing taun 1980 PT. Rumpun kapecah dados kalih inggih menika kaping setunggal PT. Rumpun Antan ingkang ngasilaken karèt, kopi, klapa, cengkèh, saha randu ingkang angliput Pakebonan Carui/Rejodadi ing Cilacap, Pakebonan Samudra ing Banyumas, Pakebonan Darmokradènan ing Banyumas, Pakebonan Ciuwak ing Pati, saha Pakebonan Jati Ablengan ing Semarang. Lajeng ingkang kaping kalih inggih menika PT. Rumpun Tèh ingkang ngasilaken tèh angliput Pakebonan Kemuning ing Karanganyar, Pakebonan Medini ing Kendal, saha Pakebonan Kaliginting ing Semarang[2].

Nalika taun 1990 ngantos 30 April 2004, PT. Rumpun kaliyan PT. Astra Agro Lestari ing Jakarta Wétan nyambut damel sesarengan, kanggé babagan manajemen dipunatur dening PT. Astra, wondenipun PT. Rumpun Sari Kemuning ngatur babagan produksi. Sasampunipun 45 taun Hak Guna-usaha dipun-gadhah dening PT. Astra, amargi sampun bangkrut lajeng dipunsulih dening PT. Sumber Abadi Tirta Sentosa ngantos samenika.

Fasilitas[besut | besut sumber]

Kebon Tèh Kemuning dipunbikak saben dinten saking jam 8 ésuk ngantos jam 4 langkung 30 menit sonten, ananging para wisatawan kathah ingkang rawuh wonten ing jam 4 langkung 30 ésuk kangge ningali plethèking surya saha pasawangan para tiyang tandur methik tèh[4]. Wonten ing Kebon Tèh Kemuning, para wisatawan saged migunakaken fasilitas ingkang sampun cumawis kados ta[5]:

  • Papan parkir ingkang wiyar
  • Papan pariwisata
  • Pakiwan saha jedhing
  • Langgar
  • Gazebo
  • Manéka warni papan mundhut gambar
  • Wahana dolanan ingkang wigati
  • Papan kanggé outbound
  • Papan kangge camping, saha sanèsipun

Papan Pariwisata[besut | besut sumber]

Kebon Tèh Kemuning ugi gadhah papan-papan pariwisata ingkang saged dipundadosaken papan foto, inggih menika[6]:

Lembah Katresnan[besut | besut sumber]

Regining tikèt wonten ing Lembah Katresnan inggih menika gangsal ewu rupiyah kemawon. Wonten ing papan menika wisatawan saged ningali pasawangan kebon tèh kang éndah saha adhem. Lajeng wonten papan ingkang saged dipuntingali kados ta gerdu sawang, papan kang wonten songsong, saha sanès-sanèsipun.

Taman Bogor[besut | besut sumber]

Para wisatawan saged mirsani Taman Bogor ingkang gadhah wahana kang wigati inggih menika tubing utawi nyusur lèpèn kang radi santer. Wisatawan ugi saged migunakaken papan outbound ingkang sampun sedhiya ing kawasan menika.

Gumuk Ganduman[besut | besut sumber]

Gumuk (bukit) Ganduman wonten ing papan paling inggil dhaérah Kemuning. Reginipun tiket inggih menika gangsal ewu rupiyah. Para wisatawan saged ningali pasawangan alam Kemuning ingkang jangkep amargi papanipun Gumuk Ganduman ingkang paling inggil. Ing ngrika, para wisatawan saged ningali pasawangan Kebon Tèh Kemuning nalika sampun sonten.

Tanggul Asri[besut | besut sumber]

Wonten ing Tanggul Asri para wisatawan saged migunakaken wahana ngundhuh woh-wohan ingkang sampun cumawis ing papan menika. Wisatawan ugi saged mundhut gambar nalika taksih ngundhuh woh-wohan menika. Reginipun tikèt wonten ing Tanggul Asri inggih menika gangsal ewu rupiyah kemawon.

Taman Bintang[besut | besut sumber]

Inggih menika taman ingkang saged dipundadosaken papan kangge mundhut gambar. Wonten ing Taman Bintang, wisatawan saged ningali balon udara ingkang sampun sedhiya. Reginipun tikèt inggih menika gangsal ewu rupiyah kemawon.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b c "Disporapar Prov Jateng". disporapar.jatengprov.go.id. Dibukak ing 2023-09-15.
  2. a b c d e f g h Redaksi (2015-04-29). "Masa Lalu dan Kini, Perkebunan Teh Kemuning". sukuh.community... (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Dibukak ing 2023-09-15.
  3. a b c Mangkunegaran (2017-08-29). "Perkebunan Teh Kemuning Mangkunegaran". Puro Mangkunegaran (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Diarsip saka sing asli ing 2023-10-01. Dibukak ing 2023-09-15.
  4. Borobudur, Badan Otorita (2023-07-10). "Kebun Teh Kemuning Karanganyar". Badan Otorita Borobudur (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-09-15.
  5. Umam, Khairul (2023-04-10). "Kebun Teh Kemuning - Harga Tiket & Spot Foto Terbaru 2023". Situs Info Tempat Wisata Terbaru & Paket Tour Terpercaya (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Diarsip saka sing asli ing 2023-03-26. Dibukak ing 2023-09-15.
  6. "Kebun Teh Kemuning: Review, Lokasi dan Tiket Masuk". www.nativeindonesia.com (ing basa Indonesia). 2021-06-19. Dibukak ing 2023-09-15.