Kampak

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Kampak saka Swedia

Kampak utawa kapak ya iku salah sijining piranti kang wus digunakaké maèwu-èwu taun kanggo minangka, nugel lan nyigar kayu uga dadi gaman ing payudan. Kampak kang paling wiwitan digawé saka watu kang tipis, wujudé dirèka supaya bisa digegem lan pérangan kang landhep bisa katamanaké ing kayu kanthi gampang. Sabanjuré kampak watu dipasang ing garan kayu mawa tali. Sabanjuré nalika manungsa wis kenal ngolah tembaga, wesi lan prunggu, kampak digawé saka bahan mau lan garan saka kayu mau dipasang kanthi dislobokake ing bolongan kampak. Garan uga bisa digawé saka balung utawa sungu kéwan.

Lumrahé kampak duwé landhepan siji. Nanging uga ana kang duwé landhepan loro. Kampak modhèren lumrahé duwé sesirah saka waja lan garan saka kayu. Saliyané kuwi uga saka plastik lan fiberglas.

Sajarah[besut | besut sumber]

Kampak kalebu piranti kang wiwitan kaloka déning manungsa mligi kanggo bebedhag lan nglumpukaké pangan. Saka watu kang bisa kanggo ngremukaké wewijèn, watu kang gèpèng lan nglingir kanyata luwih gampang kena nganggo nugel lan kepara uga kanggo ngrajang. Sabanjuré watu mau diréka supaya duwèni wujud kang kepénak digegem ing tangan. Kampak kang digegem ing tangan iki déning para ahli sujarah diarani kampak genggam, kampak pasagi lan kampak lonjong kang kanthi ndeleng wujud lan bahane para ahli sabanjuré bisa mangertèni kapan barang mau digawé. Conto tinggalan kampak saka jaman prasujarah ing Indonèsia tinemu ing situs purbakala kaya ta ing Sangiran, Trinil lan Wajak.[1] Sabanjuré, nalikané manungsa wus kenal cara ngolah wesi lan prunggu, kampak digawé saka wesi lan prunggu kanthi cara dicithak.

Wadung lan pethèl[besut | besut sumber]

Petruk nyandhang pethèl

Wong Jawa duwé kampak kang diarani wadung lan pethèl, ya iku kampak kang kapasang ing sangkal saéngga sesirahé bisa dicopot lan bisa kapasang lurus utawa malang. Wadung duwé ukuran kang gedhé (60–80 cm) lan kagunakaké kanggo ngrubuhaké wit-witan uga kanggo nyigar kayu. Mula dadi pirantiné para blandhong. Déné pethèl ukurané cilik (30 cm) lan cukup dicekel tangan siji. Pigunané kanggo nipisaké kayu/blabak sadurungé dipasah, uga kanggo minangka kayu dhasaran sadurungé dialusaké nganggo tatah. Mula pethèl umum dadi gamané tukang kayu. Paraga wayang kulit kang duwé gaman wujud pethèl ya iku Pétruk.[2]

Rujukan[besut | besut sumber]