Jusuf Ronodipuro

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jusuf Ronodipuro

Muhammad Jusuf Ronodipuro utawa Joesoef Ronodipoero (Salatiga, Jawa Tengah, 30 September 1919Jakarta Kidul, 27 Januari 2008) iku misuwur minangka salah sawijining perintis RRI. Saliyané iku dhèwèké uga naté dadi Duta Besar Indonésia. Ronodipuro tau dadi Duta Besar ing Uruguay, Argentina, lan Chili. Jusuf Ronodipuro gegarwa karo Siti Fatima Rassat nganti séda lan pinaringan telung putra: Dharmawan, Irawan lan Fatmi. Panjenengané séda ing RSAD Gatot Soebroto déning komplikasi stroke lan kanker paru-paru: Ronodipuro misuwur olèhé ngrokok sing nganti kaya sepur. Banjur panjenengané disarèkaké ing Taman Makam Pahlawan Kalibata, Jakarta Kidul ing tanggal 28 Januari 2008. Nalikané séda ora olèh kawigatèn akèh amarga mbarengi sédané lan panyaréyan Pak Harto.

Ronodipuro iku dianggep sawijining pahlawan Indonésia. Panjenengané sing biyèn bisa kelakon nggiyaraké Proklamasi Kamardikan 1945 lumantar radhio menyang bangsa-bangsa saindhenging jagad. Ronodipuro uga sing ngrintis anané Radio Republik Indonesia (RRI) nganti saiki iki. Manawa Dina Radio dipéngeti saben tanggal 11 September, iku amarga dina iku tanggaleYusuf Ronodipuro sakanca sejawaté miwiti ngadegaké RRI ing tanggal 11 September 1945.

Latar wuri[besut | besut sumber]

Ronodipuro miyos ing Salatiga, Jawa Tengah tanggal 30 September 1919.

Jaman pendhudhukan Jepang[besut | besut sumber]

Ing taun 1942, Indhiya Nèderlan dibedhah déning Wadya Dai Nippon lan Wadya KNIL nungkul kasoran. Wiwit iku Indhiya Nèderlan dibroki Jepang lan Walanda ditendhang metu. Yusuf Ronodipuro dhéwé wiwit taun 1943 dadi wartawan radhio militèr Jepang ing Jakarta, sing diarani Hoso Kyoku. Radio iku pemimpiné wong Jepang, ya iku Letkol Tomo Bachi, wakilé wong Indonésia anama Utoyo Ramlan. Déné pemimpin redaksiné Bahtar Loebis, kangmasé sastrawan dan wartawan Mochtar Loebis. Mochtar Loebis dhéwé nalika semana dipercaya mligi kanggo giyaran mancanagara.

Tekané dina kamardikané bangsa Indonésia wis trontong-trontong. Jepang dibom atom déning Amérikah Sarékat, sepisanan Hiroshima ing tanggal 6 Agustus 1945, banjur kasusul tanggal 9 Agustus 1945 Nagasaki uga dibesmi. Jepang banjur nungkul marang Sakuthu, nanging pawarta wigati iki durung tekan ing Indonésia, jalaran nalika semana arang-arang sing ngrungokaké radhio.

Ronodipuro dhéwé sanadyan nyambut gawé nèng radhio Jepang, ya durung ngerti pawarta iku. Ujug-ujug giyaran luar negeriné Hoso Kyoku ditutup embuh kena apa. Mochtar Loebis sing dipercaya nangani bab pawarta manca iku banjur mbisiki jaré Jepang wis nungkul marang Sakuthu. Amarga jejibahané dadi wartawan, PakYusuf banjur menyang Menteng 31, papan ngumpule para pejuwang mudha.

Nèng kono wis ana rapat wigati sing dipanggedhèni Sukarni. Kabèh wis ngerti yèn Jepang nungkul, mbokmanawa saka Adam Malik sing dadi wartawan Domei. Pas Yusuf teka kabèh padha seneng. Sukarni kandha, jaré kaum mudha arep ngrebut Radio Jepang. Yusuf sing ngerti Hoso Kyoku diajak rembugan kepriyé carané ngrebut. Kamangka wektu iku Radio Jepang dijaga rapet banget déning Kempetai, pulisi militèr Jepang sing kejem banget.

Proklamasi Kamardikan Républik Indonésia[besut | besut sumber]

Jemuwah ésuk jam 10.00 tanggal 17 Agustus 1945, Proklamasi Kamardikan klakon diwacakaké déning Bung Karno ing Dalan Pegangsaan Timur 56. Ronodipuro dhéwé kala semana ora ngerti, sebab wong-wong ing Hoso Kyoku wiwit dina Rebo sadurungé wis ora éntuk lumebu utawa metu manèh. Kabèh ana njero. Dumadakan ana wong teka, jenengé Syahrudin, nggolèki Yusuf karo menehaké kitir salembar. Layang cekak aos iku saka Adam Malik isiné tèks proklamasi.

Ronodipuro isih bingung, kepriyé carané teka Syahrudin bisa lumebu gedhong radhio sing saiki ing Dalan Medan Merdeka Barat 4-5, kamangka wong Kempetai jaga kupeng. Bareng arep nyiaraké, Yusuf Ronodipuro bingung manèh, amarga panggonan giyaran kabèh dijaga Kempetai. Tujuné kélingan yèn studio giyaran jaban rangkah wis ora kanggo. Nanging, piyé carané wong pemancare ora ana. Yusuf banjur takon pérangan teknis, ya nemu akal jempolan. Kabel sing kanggo menyang pemancar dalam nagari dicopoti, disambung karo pemancar jaban rangkah. Nanging ing studio katoné ya kaya giyaran biyasa, amarga swarané ya isih kaya adat sabené. Kamangka wis ora dipancaraké.

Bareng wis tumata, jam 19.00, Yusuf Ronodipuro sing umuré ngancik 26 taun, banjur nyiaraké Proklamasi liwat giyaran jaban rangkah. Kira-kira nganti 20 menit, lan ambal-ambalan, uga diterjemahaké menyang basa Inggris. Kuwi tegesé radhio-radhio BBC London, Radio Amérika, Singapura, lan sapituruté bisa nangkep kabèh, dadi wusana sadonya ngerti Indonésia wis Proklamasi Kamardikané.

Usaha Ronodipuro iku wekasané dikonangi déning Wadya Dai Nippon. Mbokmanawa siarané ketangkep radhio ing Jepang. Mula, Kempetai dadi nesu banget. Angger kapapag wong Indonésia ing Hoso Kyoku, kabèh dipala. Ronodipuro ditendhang, diidak-idak, lan mèh dibabat samurai. Sikilé diidak nganti dhengkulé dheglok lakuné.

Sawisé iku Ronodipuro ngedegaké Radio Suara Indonésia Merdeka mawa barang-barang tilas. Tanggal 25 Agustus Bung Karno diaturi supaya sesorah. Iki pidatoné Bung Karno kang sepisanan sasuwéné dadi Présidèn. Bung Hatta sesorah tanggal 29 Agustus.

Nalika semana ing laladan-laladan radhio Jepang isih akèh sing giyaran. Ing laladan pancèn ora dijaga rapet kaya Jakarta. Sing njaga mung siji loro, iku amarga Kempetainé wis kaya ora nduwé daya sawisé Jepang nungkul. Mula Yusuf Ronodipuro matur marang Abdurahman Saleh, supaya radhio-radhio laladan mau beciké ngadani sesambungan giyaran kanggo perjuwangan. Gagasané ditampa lan ing 10 September pimpinan radhio-radhio laladan, saka Sala, Yogyakarta, Bandung, Semarang, lan liya-liyané bisa kumpul rembugan. Kabèh nyarujuki, njaluk marang pamaréntah Jepang supaya masrahaké radhio-radioné ing Indonésia. Jepang ora gelem, amarga miturut rencana arep diserahaké marang Sakuthu.

Tanggal 11 September rapat manèh, nyarujuki madege Radio Republik Indonesia, lan uga sapisan manèh njaluk marang pamaréntah Jepang supaya masrahaké radhio-radhio ing laladan. Amarga tetep ora gelem, kepeksa banjur dirudapeksa, radhio-radhio direbut. Wong Jepangé dhéwé wis padha wedi, dadi wis kaya ora ana alangan. Yusuf Ronodipuro dhéwé banjur kapatah minangka Kepala RRI, déné Abdurahman Saleh mèlu ngadegaké Angkatan Udara RI. Mula asmané saiki dilestarèkaké dadi jeneng lapangan terbang ing Malang.

Sakuthu sing menang Perang Donya II iku banjur teka. Nalika semana sawisé Rapat Akbar Ikada, kaum mudha ngrebut kantor-kantoré wong Jepang dadi darbéné Republik, kalebu Hoso Kyoku. Nalika Walanda ndomplèng Sakuthu arep ngrebut bali Indonésia lumantar Agresi I ing taun 1946, RRI dikuwasani Walanda, lan Yusuf Ronodipuro banjur dicekel lan dikunjara ing 21 Juli 1947.

Kedaulatan Indonésia ing taun 1949[besut | besut sumber]

Sawisé Walanda ngakoni kedaulatan Indonésia ing taun 1949, Yusuf Ronodipuro lenggah manèh dadi Kepala RRI Serikat. Sabanjuré Yusuf Ronodipuro dipercaya ngayahi manéka warna jejibahan utawa tanggung jawab ing nagara manca, kalebu dadi duta besar utawa utusan menyang PBB.

Sumber[besut | besut sumber]

  • Kodhe basa ora trep. Winarto. 2005. "M. Yusuf Ronodipuro Bapak RRI. Dipala Jepang Nganti Dheglok Marga Nggiyarake Proklamasi" ing Damar Jati 2005:4 kaca 26-27, 36.

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Pranala njaba lan sumber-sumber liyané: