Jean-Baptiste de Lamarck

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Potret Jean-Baptiste De Lamarck

Jean-Baptiste Pierre Antoine de Monet, Chevalier de Lamarck (lair ing Bazentin, Picardie, 1 Agustus 1744 – pati ing Paris, 18 Dhésèmber 1829 ing yuswa 85 taun) inggih punika biologiwan Perancis ingkang dipunkenal amargi pamanggihipun wonten ing téyori babagan evolusi pagesangan.[1]

Minangka satunggaling ilmuwan, margi gesangipun luar biyasa miturut ukuran sapunika. Piyambakipun miyos minangka putra ragil saking kulawarga miskin lan taksih keturunan bangsawan. Pendidikan dhasar lan menengah dipunlampahi wonten ing sawijining sekolah Jesuit ing Amiens. Sasampuning ingkang rama séda nalika piyambakipun taksih umur 17 taun, piyambakipun dados tentara lan kagungan pangkat letnan wonten ing Perang Pitung Taun. Wonten ing masa kedinasan militèr punika piyambakipun wiwit sinau botani, ingkang langsung dipunlajengaken kanthi sinau Kadhokteran lan Botani sadanguning sekawan semèster wonten ing kutha Paris. Kanggé nunjang gesangipun Lamarck nyambut damel minangka asistén penjualan (marketing). Taun 1779 terbit buku kapisananipun, Flore francoise. Buku punika kathah narik kawigatosan para pamimpin Jardin du Roi ("Kebun Karajan"), Georges-Louis de Buffon, ingkang lajeng narik piyambakipun dados pembantunipun wonten ing Museum Nasional Paris kanggé Sajarah Alam. Wiwit taun 1786 piyambakipun dados kurator Jardin du Roi lan 1793, sasampuning Revolusi Perancis, piyambakipun dados profesor kanggé kéwan avertebrata. Pagesanganipun kebak lelaku. Piyambakipun kaping wola-wali nindakaken kawin cerai, kemiskinan mesthi ndhèrèkaken sadanguning gesang, lan ugi wiwit taun 1818 piyambakipun wuta total.

Wonten ing karièri piyambakipun sampun nyerat buku ing babagan ingkang lumayan wiyar, wiwit saking zoologi, botani, meteorologi, lan kimia, ananging sajatosipun minat utamanipun inggih wonten ing gayutan antawising makluk hidup lan lingkunganipun (ékologi). Piyambakipun maringi dhasar klasifikasi énggal kanggé kéwan, kanthi kapisanan misahaken wonten ing kalih kelompok ageng: Kéwan kanthi balung belakang (Vertebrata) lan ingkang boten gadhah balung belakang (Avertebrata). Bab punika dipunandharaken piyambakipun wonten ing buku karanganipun "Filsafat Zoologi" (1809).[2]

Pamikiran[besut | besut sumber]

Lamarck dipunkenal minangka penggagas sawijining wujud téyori évolusi pagesangan,[3] ingkang lajeng dipunkenal minangka Lamarckisme. Piyambakipun pitados badhé wonten éwah-éwahan linear wonten ing makluk hidup saking wujud paling prasaja pinuju wujud ingkang langkung canggih. Éwadéné makaten, piyambakipun ndhasaraken wonten ing pamanggih ingkang sampun lumampah wiwit masa Yunani Kuna ingang ngandharaken bilih saben spésies sampun wonten wiwit penciptaan pagesangan. Pamikiran punika tentangan kaliyan kathah pamanggih para sarjana Perancis ingkang satunggal jaman kaliyan piyambakipun, ingkang langkung condong wonten ing perkembangan spésies: spésies-spésies kabentuk wonten ing perkembangan prosès pagesangan, boten "langsung dados" makaten kémawon. Éwah-éwahan kadadosan wonten ing spésies minangka akibat saking réaksinipun tumrap lingkungan (adhaptasi). Anggota badan ingkang kalatih badhé samsaya kiyat, déné ingkang boten dipun-ginakaken bakal samsaya lmah lan ical. Kasil adhaptasi punika lajeng dipunwarisaken kanthi turun-temurun dhateng anakipun.[4]

Wiwit Charles Darwin lan Alfred Wallace ngandharaken téyorinipun, téyori Lamarck asring dipunsitir kanggé nyanggah pamanggih Darwinisme babagan seleksi alam. Pertentangan pamikiran punika saweg tuntas sasanpuning genetika samsaya dipunkenal déning tiyang wonten ing abad kaping 20. Konsép-konsép génétika kathah maringi dhukunung wonten ing Darwinisme.

Cathetan suku[besut | besut sumber]