J.E. Tatengkeng
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Jan Engelbert Tatengkeng | |
| |
Mahamantri Nagara Indonésia Timur kaping 4
| |
---|---|
Mangsa jabatan 27 Dhésèmber 1949 – 14 Maret 1950 | |
Présidhèn | Tjokorda Gde Raka Soekawati |
Didhisiki déning | Ide Anak Agung Gde Agung |
Diganti déning | D P Diapari |
Miyos | Kolongan, Sangihe, Sulawesi Utara, Hindia Nèderlan | 19 Oktober 1907
Tilar donya | Maret 6, 1968 Ujung Pandang, Sulawesi Selatan, Indonésia | (umur 60)
Kabangsan | Indonésia |
Profèsi | Penyair |
Agami | Kristen |
Jan Engelbert Tatengkeng utawi JE Tatengkeng utawi Oom Janingkang ingkang miyos wonten ing Kolongan, Sangihe, Sulawesi Utara, Hindia Walanda ing tanggal 19 Oktober 1907 lan séda ing Ujung Pandang, Sulawesi Selatan, Indonésia ing tanggal 6 Maret 1968 inggih punika kalebet salah satunggaling sastrawan ing Indonésia ingkang kalebet pujangga énggal sareng kaliyan Sutan Takdir Alisyahbana, Amir Hamzah, Sanusi Pane, Armijn Pane, lan sanès-sanèsipun. Manawi dipuntandhingaken kaliyan kanca-kanca pujangga sanèsipun, J.E. Tatengkeng utawi ingkang asring dipunceluk Oom Jan punika gadhah khas piyambak, inggih amargi piyambakipun punika pujangga Kristen ingkang asring nampilaken sisih religi wonten ing karya-karyanipun. Salah satunggaling karyanipun ingkang sanget misuwur inggih punika buku kempln puisi kanthi irah-irahan "Rindu Dendam" ingkang ngewrat 32 sajak asiling karyanipun.
Biografi
[besut | besut sumber]J.E. Tatengkeng kalebet tiyang ingkang bejo saged sekolah ing jaman punika. Piyambakipun miwiti pendhidhikanipun ing satunggaling sekolah Walanda, HIS, ing Manganitu. Piyambakipun lajeng nerasakne sekolah ing Christelijk Hogere Kweekschool utawi Sekolah Menengah Tinggi Pendidikan Guru Kristen ing Sala, Jawa Tengah.[1]. Nalika sinau ing sekolah punika, J.E. Tatengkeng wiwitan kulina kaliyan "Tachtigers", salah satunggaling aliran kesusatraan Walanda ingkang ugi dipunsebat dados aliran angkatan 80-nan.[2] Aliran kasebat ingkang salajengipun saged paring pangaribawa dhateng asiling karyanipun. Nanging amargi wonten sapérangan péranganing aliran kasebat ingkang boten dipunsarujuki déning piyambakipun, J.E. Tatengkeng lajeng nyampuraken aliran kasebat kaliyan gambaran alam. Kajawi dados penyair, J.E. Tatengkeng ugi dados satungaling nagarawan. Piyambakipun sampun naté dados Mahamantri Nusa Tenggara Wétan kaping sekawan ing tanggal 27 Dhésèmber 1949-14 Maret 1950. Kegiyatan sanèsipun saking J.E. Tatengkeng piymbakipun ugi dados aktivis ing dunya pendhidhikan. Piyambakipun dados guru lan naté dados kepala sekolah ing laladan ing papua, ugi kecathet dados salah satunggaling ingkang ndhirikaken Fakultas sastra Universitas Hassanuddin Ujung Pandang utawi Makassar.
Bibiliography
[besut | besut sumber]Buku kempalan puisi
[besut | besut sumber]- "Rindu Dendam". 1934. Sala: Chr. Derkkerij
- "Jawi" (Ngewart 32 buah sajak)
Puisi
[besut | besut sumber]Puisi ingkang kapacak wonten ing majalah Pujanga Baru:
- "Hasrat Hati"
- "Anak Kecil"
- "Laut"
- "Beethoven"
- "Petang"
- "Alice Nahon"
- "O, Bintang"
- "Gambaran"
- "Sinar dan Bayang"
- "Katamu Tuhan"
- "Sinar di Balik"
- "Willem Kloos"
- "Tangis".
Puisi ingkang kapacak wonten ing majalah sanèsipun:
- "Anak Kecil"
- "Penumpang kelas 1"
- "Gadis Bali"
- "Aku Berjasa"
- "Gua Gaja"
- "Cintaku"
- "Ke Balai"
- "Mengheningkan Cipta"
- "Sekarang Ini"
- "Aku dan Temanku"
- "Sinar dan Bayang"
- "Kepada Dewan Pertimbangan Kebudayaan"
- "Aku Dilukis"
- "Sang Pemimpin (Waktu) Kecil"
- "Bertemu Setan".
Prosa
[besut | besut sumber]- "Datuk yang Ketularan"
- "Kemeja Pancawarna"
- "Prawira Pers Tukang Nyanyi"
- "Saya Masuk Sekolah Walanda"
- "Sepuluh Hari Aku Tak Mandi".
Drama
[besut | besut sumber]- "Lena". Sulawesi. No. 1. Tahun 1. 1958
Cathetan suku
[besut | besut sumber]
Artikel biografi Indonésia iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |