Iwak tawès

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Dilih saka Iwak tawes)
Tawes
Barbon gonion 120127-22830 tsm.JPG
Tawes, Barbonymus gonionotus,
dari Mandalamekar, Jatiwaras, Tasikmalaya
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Actinopterygii
Ordho: Cypriniformes
Famili: Cyprinidae
Génus: Barbonymus
Spésies: B. gonionotus
Jeneng binomial
Barbonymus gonionotus
(Bleeker, 1850)
Sinonim

Barbus gonionotus Bleeker, 1850[1]
Barbus javanicus Bleeker, 1855
Barbus koilometopon Bleeker, 1857
Puntius jolamarki Smith, 1934
Puntius viehoeveri Fowler, 1943

Iwak tawès (Barbonymus gonionotus Bleeker, 1850, miturut KBBI Puntius javanicus) ya iku iwak kali kang racaké dipangan ing laladan Asia Tenggara.[2] Iwak tawès kagolong iwak kang disenengi minangka panganan iwak gorèng.[2] Ukurané sedeng lan wis dibudidiyakaké ing blumbang-blumbang miturut laporan abad kaping 19. Iwak iki isih seduluré iwak nilem.[2] Barnoides gonionotus utawa iwak tawès (Indonesia), iwak Lampam Jawa (melayu), Thai Silver Barb (Thailand), Indonesian Barb, Java Barb, utawa Common Silver Barb kalebu familia Cyprinidae, Isa nganti dawa total 41 cm, ananging ing Reservoir lan Tchang Thailand tau dicekel kang ukurané 45 cm kanti abot 2,1 kg. Iwak iki wiwit dibudidayakaké ing taun 1985. Wis disaluraké ing Bawana Asia DAS Mekong lan Chao Phraya, Thailand, Malaysia, Sumatera lan Jawa. Urip ing banyu tawa kanti suhu tropis 22 – 28°C; pH 7. Iwak iki bisa katemokaké ing kali ing kejeruan nganti punjul 15 mèter, rawa banjiran lan waduk.[3]

Ciri-Ciri[besut | besut sumber]

Iwak tawès duwé bentu awak rodok dawa lan gèpèng kanti geger dhuwur, endasé cilik, cangkem cilik ana ing pucuk irung, sungut cilik utawa rudimenter. Ing ngisor garis rusuk sisik 5,5 iji lan 3,5 iji ing antarané garis rusuk lan sirip pertama ing weteng. Garis rusuk sampurna cacahé 29-31 iji. Awak wernané rodok pérak lan keirengan ing pérangan geger. Ing moncong ana tonjolan-tonjolan kang cilik. Siripé geger lan buntut wernané klawu utawa kekuningan, sirip dhadha wernané kuning lan sirip silèt wernane kuning téla. Sirip silèt duwé 6,5 cabang.[3] Iwak iki gampang manak ing blumbang kanti rangsangan alami, saben taun. Ing perairan lumrahé netesaké ing musim rendheng. Iwak kang siyap ngendog racaké ing umur 8 wulan kanti ukuran dawa 20 cm bobot 175 gram kanti fekunditas kira-kira 25.980-86.916 iji endhog. Endog bakal mingslep ing ngisor banyu (demersal) lan netes sajeroning 13 nganti 20 jam. Iwak tawès kalebu kéwan kang sipaté omnivora. Pakanané saka wit-witan (kaya ta godhong-godhongan), Ipomea reptans, lan Hydrilla), fitoplankton lan invertebrata. Biasane anggoné nyekel iwak iki migunakaké piranti cekel kayat jaring, ngesar, tuguk, jala lan piranti cekel trap yaitu sengkirai.[3]

Kandutan[besut | besut sumber]

Kandutan gizi kang ana ing iwak bawal ya iku:

  1. Omega 3, Kanggo pertumbuhan utek ing janin lan wigati kanggo perkembangan fungsi sarap bayi.[4]
  2. Ngandut serat protein kang cendak saéngga gampang dicerna.[4]
  3. Vitamin A sajeroning lenga ati iwak kanggo nyegah lelara wuta.[4]
  4. Vitamin B12, kanggo pembentukan sèl darah abang, mbantu metabolisme lemak, lan nglindungi jantung uga rusake sarap.[4]
  5. Flour kanggo nguatake lan nyehatake untu anak.[4]

Mupangat[besut | besut sumber]

Akuakultur[besut | besut sumber]

Iwak iki kalebu siji saka lima jinis iwak bayu tawa terpenting saka pangingonan ing Thailand [5]. Kayata iwak nila, tawès gampang diengu tanpa merlokaké tèhnik kang rumit lan larang, ndadèkaké iwak kolam kang populèr ing Bangladesh [6]. Taksiran produksi iwak tawès saka pemeliharaan ing wewengkon Asia Tenggara lan Bangladesh ya iku punjul 50.000 ton ing taun 1994. Diengu ing blumbang, tawès jarang nganti dawa awaké ngluwihi 40 cm lan bobot ngluwihi 1,5 kg.

Masakan[besut | besut sumber]

Tawès ya iku alah siji iwak kali kang biyasa dipangan wong ing laladan Asia Tenggara daratan utawa kepulauan. Iwak tawès kagolong iwak kang disenengi minangka dikonsumsi.

Tawès arupa iwak konsumsi kang wigati miturut tradisi masak-memasak ing Thailand, Laos, dan Kamboja. Ing Laos, tawès biyasa dimasak minangka Lap Pa[7]. Anata ing Thailand, daging tawès dimasak minangka Pla som (ปลาส้ม, iwak asam)[8] utawa minangka salah sijiné campuran Tom yam.

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. ^  Austria (1849) 1850. Bijdrage tot de kennis der ichthyologische fauna van Midden- en Oost-Java, mit beschrijving van eenige nieuwe species. Verh. Bat. Gen. Kunst. Wetens. 23: 1-23.
  2. ^ a b c tawes, (Kaunduh 1/10/2012).
  3. ^ a b c ikan-tawes, (Kaunduh 24/10/12).
  4. ^ a b c d e kandungan-ikan-kaya-akan-manfaat, Kaunduh 11/10/12.
  5. ^ "National Aquaculture Sector Overview - Thailand". Food and Agriculture Organization of the United Nations. 
  6. ^ Women integrate fish and farming
  7. ^ Lap Pa Keng (Minced Raw Fish)
  8. ^ Pla som, or sour fish

Pranala njaba[besut | besut sumber]

[1] [2] [3]